Postingan

Menampilkan postingan dari November, 2010

Trima Lengser

Rapat dinas kang ngrembug bab penerimaan siswa baru 1(PSB) sing diadani aneng kantor dinas pendidikan wis kawi¬witan. Para kepala sekolah kang marak rowan padha manthuk-manthuk nampa dhawuh saka kepala dinas kang lagi par¬ing sesorah. Pak Karmin sing ngasta ing SMA favorit ing kota kono katon nyathethi isine dhawuh. Bab-bab kang wigati tan¬sah dicatheti aja nganti ana kang kata¬lumpen. "Bapak Ibu kepala sekolah, perlu tak¬tandhesake yen penerimaan siswa baru taun iki nggunakake azas adi/, transparan, lan terbuka. Azas adil tegese ora kena emban cindhe emban siladan. kabeh pen¬dhaftar sing syarat-syarate nyukuri kudu ditampa manut daya tampung sekolah. Suwalike pendhaftar kang ora nyukupi syarat mesthi ditolak ora mawas sapa wong tuwane, tingkat ekonomi wong tu¬wane, lan uga saka golongan ngendi. Sakteruse azas keterbukaan Ian transpa¬ransi perlu dicakne amrih seleksi siswa baru bisa dikontrol dening masyarakat lan LSM sing peduli donyaning pendhidhikan.” Dhawuh saka kepala dinas

Atur pambagya saking kulawarga

Nuwun, panjengnengipun para sesepuh ingkang. Bapak-bapak ibu-ibu rombongan saking kulawarga kadang besan ingkang kinumartan saha para rawuh kakung miwah putri ingkang minulya. Mugi Gusti tansah paring karaharjan, ketentreman saha kawilujengan dhumateng kula panjenengan sedaya. Kepareng sumela atur nggempil kamardikan panjenengan sekaliyan, kula minangka sesulihipun bapak/Ibu Siswadi sakulawarga, ngaturaken sugeng rawuh dhumateng panjenengan sedaya. Muji syukur konjuk dhumateng Gusti ingkang Maha Asih dene sampun lumampah Bapak Ibu Siswadi angenipun kagungan kersa ndhaupaken putra-putrinipun ingkang nama Bagus Taufik Agung kaliyan Rara Ervin Indah rikala dinten Setu surya kaping 7 Juli 2008 wanci tabuh 18.30 wonten ing Gedung Badan Diklat Prov. Jateng Semarang kanthi wilujeng mboten kirang satunggal punapa. Dhumateng para rawuh sedaya, mugi kersa paring donga pangestu dhumateng temanten kekalih, saengga tansah pinayungan rahmat saha barokahipun Gusti . Temanten tansah raharja, bagya mul

Pidhato Ketua Karang Taruna

Nuwun, para pinisepuh ingkang kinurmatan, mudha – mudhi anggota karang taruna kampung / dhusun Karangrejo ingkang kula tresnani. Muji syukur konjuk ing pangarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, awit kita sadaya saged makempal ing wekdal saha papan mriki saperlu angadani pepanggihan utawi rapat mudha-mudhi. Sedaya menika saged kalampahan awit kita sadaya taksih pinayungan lan awit berkahipun Gusti Ingkang Maha Agung. Sedherek kula mudha – mudhi ingkang kula tresnani, Kula minangka ketua karang taruna ing rumaos suka bagya, awit sedherek kula gadhah gegayuhan ingkang Iuhur, inggih menika makempal saperlu rapat kangge pirembagan bab wigati menapa kemawon ingkang tundhonipun kangge kemajenganing karang taruna kampung Karangrejo mriki. Menika mratandhani bilih mudha-mudhi ing mriki sami sadhar dhumateng maknaning paguyuban, lan gadhah pepenginan kangge majengaken paguyuban karang taruna mriki. Awit saking menika, kula suwun mugi – mugi pepenginan wau saged kaleksanan lan pepanggihan menika

Tanggap Wacana ing Pahargyan Warsa Enggal/Tahun Baru

Nuwun, Bapak ibu para sesepuh, pinisepuh ingkang tansah kula bekteni, saha para kanca ingkang kula tresnani. Puji pudyastuti sumangga kita aturaken dhumateng Gusti Ingkang Maha Welas saha Asih, awit saking rahmatipun kita sedaya tansah pinaringan kawilujengan saengga saged makempal wonten papan menika, saperlu rawuh wonten ing acara malem pengetan mapag warsa enggal 1 Januari 2010. Tahun 2009 sampun kita lampahi kanthi tumindak ingkang sae menapa ingkang awon. Tumindak sae lan awon kala wau kedah kita dadosaken kaca benggala kangge taun-taun salajengipun. Tumindak ingkang sae kedah kita tansah dadosaken tuladha, dene tumindak awon kedah kita tilar sampun ngantos kita ambali malih ing taun salajengipun. Tumrap kanca ingkang ingkang dereng saged sinau ing pawiyatan kanthi tumemen, mugi-mugi ing warsa enggal mangke saged tumemen anggenipun ngangsu kawruh langkung sregep sampun kesupen tansaya ndedonga dhumateng Gusti saengga kaparingan gampil samudayanipun lan pikantuk biji ingkang marema

Kanjeng Kalijaga Minangka Budayawan

Ngrembug bab mekar-tumangkare kabudayan Nuswantara mligine Tlatah Jawa, Ikuora bisa dipisahake kelawan pasok-adhile Kanjeng Sunan Kalijaga, apadene para wali liyane. Sijining jejibahan luhur nyebarake Islam. Ing madyaning masyarakat, dudu ayahan kang gampang tegese mbutuhake pirang-pirang jurus lan srategi kang peng-pengan, luwih-luwih nedya nlusupake kabudayan mligi, marang kabudayan kang wus kenceng lumaku. Ing antarane tembang Ilir-Ilir. Tembang Ilir-Ilir mengku teges kaya ngisor iki: Ilir-ilir, ilir-ilir, tandure wus sumilir Ngilir tandure, tandurane para wali lan mubaligh arupa winih agama Islam Tak ijo royo-royo, dak sengguh temanten anyar Ijo mujudake pralambanging Islam. Islam ngrembaka. Dak sengguh temanten anyar. Nalika semana Islam mujudake bab anyar kang mranani/nengsemi dijingglengi. Cah angon-cah angon penekna blimbing kuwi Kanjeng Nabi Muhamad SAW ngendika ana hadist ‘mutafaq ‘alaih kang wose saben-saben wong iku minangka juru pangon, besuk ana ngersa dalem Allah

Sengkuni

Sengkuni utawa Sakuni iku patih ing Ngastina. Sengkuni putrane Prabu Kiswara/Suwala/ Suprala. Sedulure ana papat, yaiku Prabu Gandara, Dewi Gendari, Harya Sarabasata, Harya Gajaksa. Sesebutan liyane kajaba Seng¬kuni, Harya Suman, Trigan¬talpati, Suwalaputra. Sengkuni mapan ing Plasajenar. Gar-wane Sengkuni nama Dewi Sukesti. Peputra Arya Antisura, Arya Surabasah, Ian Dewi Antiwati. Dewi Antiwati dadi garwane Patih Udawa, pepatih ing Dwarawati. Miturut crita, Sengkuni iku panjalmane Bathara Dwapara, dewa pangrusak, mungsuhe kautaman. Mula sengkuni iku watake culika, licik, drengki, srei, murang tata, waton sulaya, Ian seneng laku cidra. Nom-noman Sengkuni aran Trigantalpati, satriya sing bagus. Wujude dadi elek, cangkeme mewek, marga disuwek¬suwek dening Patih Gandamana. Wektu samana padha-padha suwita ing Ngastina. Sengkuni kepengin dadi patih. Patih Gandamana, patihe Prabu Pandhu, dipaeka (difitnah) dening Sengkuni. Gandamana ing jeblungake sumur, dikrutuk gegaman Ian watu, banjur diu

Tes Calon Setetaris

Kanggo ngisi personalia sing lowong, durung suwe iki saweneh BUMN ngadani seleksi penerima¬an karyawan anyar. Salah sawijine posisi sing diincer para penglamar yaiku bagian sekretaris.0ra susah dicritakake mesthine wis padha ngerti yen kalungguhan dadi sekre¬taris, apa maneh ing BUMN sing gedhe kaya kalodhangan iki, klebu pagaweyan sing ber¬gengsi. Ora mokal lamun akeh sing padha pengin rebutan posisi kuwi. Lagi kliwat sedina pasang iklan ana koran, wis teka puluhan surat lamaran. Nonton gla¬gat sing kaya ngono kuwi direktur dhawuh supaya nyetop pasang iklan. Cukup rang diva wae. Lan nyatane seminggu sabubare pasang iklan, bagian HRD (Human and Resource De¬partment) wis kebanjiran surat lamaran ana yen pitung puluhan cacahe khusus kanggo formasi sekretaris, durung posisi liyane. Saka para penglamar kang mlebu rata-rata sarjana ekonomi uga ahli madya saka ibukota. Upamane disandhangi blazer abang, rok sandhuwure dhengkul punjul sekilan ngana kae, kelakon gawe semlenger sing ndulu. "

Rama Badhe Kajumenengaken Nata

Wonten nagari namanipun Kosala. Kadhatoning rata amapan ing kitha Ayodya. Ingkang jumeneng nata asmanipun Dasarata. Nagari Kosala punika subur makmur, tats tentrem. Para kawula sami sager saras, kacekapan gesangipun. Sang Prabu Dasarata punika raja ingkang sugih. Ewadene panggalihipun boten tentrem. Punapa sababipun? Sabab panjenenganipun sampuh sepuh, nanging dereng. kagungan putra. Lajeng sinten benjing ingkang gumantos dados raja manawi penjenenganipun seda? Sampun wongsal-wangsul dipunwonteni upacara mawi sesaji, nyuwun dhumateng Ingkang Aparing Gesang supados raja kagungan putra. Nanging dereng pinaringan. Raja paring dhawuh dhateng para pandhita tuwin para punggawaning kraton, ngawontenaken upacara malih mawi sesaji ingkang langkung jangkep saha ingkang langkung kathah tinimbang ingkang sampun-sampun, nyuwun dhumateng Ingkang Akarya Gesang supados sang nata pinaringan kanugrahan putra. Panyuwunipun kasembadan. Garwa tetiga lajeng sami nggarbini. Dumugi titi wancinipun para garwa

Pasrah Temanten Kakung

Assalamualaikum Wr. Wb Nuwun, kulanuwun, kanthi linambaran pepayung budi rahayu saha hangunjukaken raos suka sukur dhumateng Gusti Allah, Mugi Rahayua sagung dumadi, tansah kajiwa lan kasalira dhumateng kula tuwin panjenengan sadaya. Nyuwun sewu awit kalepatan kula, dene anggen kula cumanthaka marak mangarsa hangempil kumadikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Inggih awratipun jejibahan luhur. Kula pun Sasongko piniji minangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bapak/Ibu Bambang Raharjo kula kadhawuhan nglarapaken putra calon temanten kakung, nakmas Bagus Sujatmika mugi katur panjeneganipun Bapak Aji Rujito sakulawarga. Panjenenganipun Bapa Firman Wibisono ingkang jumeneng hangembani talang atur minangka sulih sarira saking panjenenganipun Bapak Aji Rujito ingkang winantu sagunging pakurmatan. Wondene menggah wigatosipun sedya sowan kula wonten ngarsa panjenengan. Ingkang sepisan, ngaturaken sewu agenging kalepatan dene panjenenganipun Bapa/Ibu Bambang Rahar

Tatacara Panggih/Temon Adat Kejawen

Gambar
Tatacara panggih/ temon adap kejawen urut-urutanipun inggih punika (1) gantalan, (2) Ngidak Wiji Adi, (3) Mijil Suku, (4) Pupukan Toya Sekar Setaman, (5) Singepan Sinudur, (6) Bobot Timbang, (7) Ngombe/Nginum Rujak Degan, (8) Kacar-Kucur, (9) Dulang-dulangan, (10) Sungkeman. Tumrap keratin Surakarta utawi Sala, kinanipun, pasrah-panampi panganten priya punika boten wonten.Menawi sampun sami celakipun, panganten sami ambalang gantalan. Pambalangipun panganten priya dhateng panganten putri kaangkah kapeneraken ing dhadha, punika werdinipun angener dhateng jantungipun estri. Anelakaken sihipun priya dhateng ingkang kaemong. Mila gantaling panganten priya winastan gondhang asih-gondhang tutur (gantal ingkang cinepeng penganten priya winastan gondhang tutur, dene gantal ingkang cinepeng panganten estri sinebat gondhang asih). Sasampunipun sami mbalangaken gantal, panganten priya lajeng ngidak tigan ayam ngantos pecah. Punika werdinipun sageda ingkang dhaup anggadhahi turun. Kalimrah ugi d

Asal-Usul Alal Bihalal

Alal bihalal ana sing nyebut halal bihalal, jare mujudake tradhisine wong Jawa. Ing Arab dhewe ora ngenal babagan kasebut. Banjur kepriye mungguh asal-usule, lan kapan anane? Adat alal bihalal iki sing genah durung kocap ing jaman Wali Sanga samangsane Kraton Demak Bintara, uga ora tinemu ing nata binathara Mataram. Alal bihalal kena diarani adapt anyar pasca jaman kamardikan. Miturut Ir. H. Sena Hadisumitra asal-usule adapt kaebut kawiwitan nalika ibukota pamarentahan dipindhah menyang Ngayogyakarta. Para panggedhening Negara melu boyong merlokake silaturahmi karo Sultan HB IX sarta kulawarga agung Kraton Ngayogyakarta. Awit asile rinasa becik bisa nyentosakaken persatuan lan kesatuan nasional, silaturahmi mau banjur sumrambah ing madyaning masyarakat dadi cikal bakale Halal Bihalal. Versi liyane nyebut Halal Bihalal nembe tuwuh ing akhir kekuwasaane PB X, watara taun 1935-nan. Kaya andharan ing ngarep, saben nyedhaki Riyaya ing sala mesthi ana krameyan Maleman Sriwedari. Saka sakab

Ngleluri Budaya Ngrujid Kembar Mayang

Adat Jawa nalika ana palakrama (mantenan), mesthi digawekake kembar mayang, alesane minangka bukti yen priya (kakung) lan wanita minangka pasangan suami istri kang sah. Kajaba iku, nalika wis nindakake upacara kembar mayang, mula pasangan suami istri kasebut “mekar”. Mekar kang dimaksud, yaiku ngemu teges kang ana sesambungane karo duniawi. “Pasangan” kasebut bisa mekar utawa amber rejekine lan anake. Kanthi mangkono bisa urip kanthi bagya. Kembar mayang duweni pitutur urip, sing nggawe kembar mayang banjur ora sembarang wong. Lan kudu nindakake maneka persyaratan. Ing antarane sesaji luwih dhisik kanthi adus kembang. Ora mung iku, sing nggawe kembar mayang uga kudu nganakake slametan. Tujuane supaya prosesi adicara temantenan lumaku lancar. Mula saka iku, sing nggawe kembar mayang yuswane becike sandhuwure 50 taun, ngono wae kudu duwe bojo. (Kapethik saka Panyebar Semangat, 2007 : 40)

Tanpa Reboisasi 25 Tahun Maneh Indonesia Bakal Kentekan Alas

Penjarahan alas keri-keri iki njalari Per¬hutani rugi Rp. 50 triliun. Alas sing rusak banget Ian kudu enggal direhabilitasi ana 59 yuta hektare, dene sing wis kalebu rusak sekabehane ana 100 yuta hektare. Ing negara kita alase kabeh ana 235 yuta hektare, mengkono pratelane Soetiono Wibowo, Dirjen Rehabilitasi Lahan dan Perhutanan (RLPS) Departemen Kehutan¬an. Saben taun alas sing rusak ana 2,8 yuta Ha. Yen ora dianakake rehabilitasi, 20 nganti 25 taun maneh Indonesia wis bakal ora duwe alas. Brasil, Indonesia Ian Nigeria, nduweni alas sing paling jembar sadonya. Nanging yen dijarah terus-2an, kita bakal padha karo negara liya, ora du-we alas. Sing wis rusak mau, sebagian gedhe wujud alas jati, sing maune tansah dadi contone model pelestarian alas sing diwiwiti taun 1905 dening pemerintah penjajahan. Perhutani wis mbudidaya ndandani kanthi cara-cara : mbrastha kayu colongan, reboisasi, revitalisasi alas, pembangunan ekonomi masarakat sakiwa tengene alas, nata kawasan alas Isp. (Kapethik

Pentas Seni Pahargyan 17 Agustus

Nuwun, para sesepuh, para pinisepuh dhusun Karangrejo. Para warga mudha - mudhi ingkang karoban ing raos bagya. Para rawuh sedaya sumangga ngaturaken puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti, dene kita sedaya tasih kaparingan kalodhangan makempal wonten ing wedal menika kanthi wilujeng tanpa alangan satunggal menapa. Kula minangka ketua panitya pangetan pahargyan dinten kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 65 Tanggal 17 Agustus tahun 2010 keparenga badhe matur wonten ngarsanipun panjenengan sedaya. Ingkang sepisan, raos syukur konjuk ing ngarsaning Gusti ugi awit bangsa Indonesia sampun kaluberan berkah saha sih kanugrahanipun, awit kita sedaya saged nindakaken pahargyan pangetan Kamardikan kita ingkang kaping 65 tanggal 17 Agustus tahun 2010 Salajengipun kula ngaturaken panuwun dhumateng Bapak saha Ibu warga Kampung / Dhusun Karangrejo Ing mriki, awit panjenengan sadaya sampun kersa paring pisumbang awujud punapa kemawon, penggalihan, dana, tenga, ingkang sadaya menika saged

Gendera

Crita iki dakalami telung taun kepungkur nalika aku isih SMP. Dina iku Pak Agus minangka Pembina OSIS maringi dhawuh supaya sesuk dina senen para siswa padha teka gasik nganggo seragam lengkap sarta aja nganti lali nggawa gendera abang – putih amerga dina senen iku arep ana Kunjungan Presiden lan sekolahku kadhawuhan nyambat ing pinggir dalan, Pak Agus ngendikan sapa sing ora nggawa, bakal entuk ukuman. Nganti tekan dina setu kanca-kanca padha bingung amerga durung entuk gendera amerga ing toko-toko sing cedhak wis padha entek dituku kelas-kelas liya lan sekolah-sekolah liya. Tekan omah aku dadi mikir, mesakake kanca-kancaku yen nganti ora entuk gendera mesthi bakal diukum Pak Agus. Aku banjur kepikiran yen kabeh bakal dak gawekke saka kertas krep. Aku banjur tuku kertas krep warna abang lan putih. Minggu iku aku ora lunga-lunga mung jinggleng gawe gendera abang putih. Untung wae kangmasku sayang banget yen karo aku, aku direwangi nganti rampung. Esukke aku mangkat sekolah karo rasa b

Pambuka Mengeti Nuzulul Quran

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabara katuh. Bapak-bapak, Ibu-ibu, kaum muslimin Ian muslimat ingkang satuhu bagya mulya. Mangga sesarengan ngaturaken pudya pudyastuti wonten ing ngarsaning Pangeran Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring taufik Ian hidayah. Katandha kula panjenengan sami taksih pinaringan kasugengan saengga saged makempal wonten ing masjid ... mriki, saperlu ngawontenaken malem pengetan Nuzulul Qur'an. Ing dalu punika tanggal 17 wulan Ramadhan tahun ... utawi tanggal ... wulan… panjenengan sadaya dalasan kula ngawontenaken pengetan pengetan Nuzulul Qur'an, inggih punika tumurunipun Kitab Suci Al Qur'an ingkang dipunturunaken dhumateng junjungan kita kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang salajengipun awujud Kitab Suci Al Qur’an ingkang sedaya wonten 30 Juz, 114 Surat ingkang dipunperinci dados 6666 ayat. Matur nuwun sanget dhumateng para muslimin lan muslimat ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal ngrawuhi pangetan Nuzulul Qur’an ing masjid … Mriki. Ka

Basa Dhaerah Meh Cures

Basa daerah cacah 726 saka total 746 sing ana ing Indonesia ngadhepake cures merga ditinggal dening penuturure. Generasi mudha luwih seneng migunakake basa asing kanggo caturan saben ndina katimbang nglestarekaken identitas kedhaerahan mau. Bab iku dingendikakake dening Kepala Bidang Pembinaan Pusat Bahasa, Mustakim ing sela-selane acara Kongres Bahasa-bahasa Dhaerah Wilayah Barat ing Bandar Lampung. Wondene basa dhaerah sing isih ana, kandhane Mustakim, racake penuture saya suda. Miturut Mustakim, dinane iki kari basa dhaerah cacah 13 sing penuture luwih saka sayuta yakuwi basa Jawa, basa Batak, basa Sunda, basa Bali, basa Bugis, basa Madura, basa Minang, basa Rejang Lebong, basa Lampung, basa Makasar, basa Banjar, basa Bima lan basa Sasak. Wondene basa dhaerah sing penuture kari wong puluhan wae yaiku basa Halmahera lan basa Maluku Utara. (Kapethik saking Panyebar Semangat.2007.47:6)

Werkudara

Werkudara iku putrane Prabu Pandhu Dewanata Ian Dewi Kunthi sing angka Toro. Werkudara iku titisane Bathara Bayu. Awit putra angka loro, mula Werkudara uga sinebut putra panenggaking Pandhawa. Sesebutan liyane Bratasena, Bimasena, Haryasena, Bayusiwi, Jagal Abilawa, Kusumadilaga, Jayalaga. Kastriyane ing Jodhipati utawa Tunggul Pamenang. Garwane telu aran Dewi Nagagini, Dewi Arimbi, Ian Dewi Urangayu. Karo Dewi Nagagini, 'peputra Raden Antareja. Karo Dewi Arimbi, peputra Raden Gathutkaca: Karo Dewi Urangayu, peputra Raden Antasena. Raden Werkudara duwe pusaka aran Kuku Pancanaka, Gada Rujakpala, Ian Gada Lambita¬muka. Aji-ajine Bandung Bandawasa, Ungkal bener, Blabag Pengantol-antol, Bayu Bajra. Kacarita laire Bratasena. Nalika bayi lair awujud bungkus. Kabeh gegaman ora tumama. Kang bisa mbedhah bungkus mung Gajah Sena. Bareng wis bedhah, bayi diidak-idak, ditlale, digadhing malah saya gedhe. Gajah Sena ditamani kuku Pancanaka, mati sanalika. Suksmane nyawiji karo Bratasena. Brata

Mlaku Apa Anane

Dening Y. Rini T Puspo Mlakua apa anane tanpa tembung tanpa ukara ujare pujangga: landhepe tembung ngluwihi landhepe pedhang pitung panyukur ukara iku peprenesan kang karakit kanthi pulasan warna-warna ngalembana golek ati ngundamana nglarani utawa malah dadi wisa kang ampuhe ngluwihi wisane ula sawa mlakua apa anane tanpa tembung tanpa ukara kareben uwal saka luput awit kurang empan papan meneng! jroning meneng tuwuh eninging rasa jatining sedya wis ta, mlakua apa anane tanpa tembung tanpa ukara saupama kudu nywaea elinga sesanti iki lair iku utusaning batin

Omah Dhines Kang Kebak Wewadi

Kedadeyan dakalami nalika aku bocah-bocah nanging gita-gita ngayahi tugas ana luar Jawa yaiku Ku- ngandhakake kanthi emosi menawa pang Proponsi Nusa Tenggara Timur. Ka- omahe mentas dikrutuki watu. ya lumrahe petugas kang ngemban jeji- Kasus omah dikrutuki watu iku bahan, satekane panggonan dipapanake makaping-kaping ora mung pisan manggonomah dhines. Mengkono uga aku Ian kulawargaku, anak Toro karo si¬sihanku ibune bocah-bocah. Nalika semana aku lagi bae teka dhog saka Jakarta dhines urusan gaweyan. Ibune ora lapuran kahanane bocah-bocah nanging gita-gita ngandhakake kanthi emosi menawa omahe mentas dikrutuki watu. Kasus omah dikrutuki watu iku makaping-kaping ora mung pisan pindho. Luwih-luwih yen mbeneri aku ora ana ngomah. Nanging merga ibu¬ne karo bocah-bocah wis dakwenehi pangerten karo meneh padha mbuktekake dhewe menawa ora ana ujude, mula suwe-suwe wani ilang wedine. Yen pas keprungu ana gangguan kabeh padha nglumpuk dadi siji njur berdoa bareng-bareng dipimpin ibune bocah-boc

Penerbitan Buku Karya Sastra Jawa Perlu Dibangun

AJP Rosidi sastrawan kondhang kang uga Ketua Dewan Pembina Yayasan Kebudayaan “Rancage” uga nglairake rasa prihatine, dene buku-buku sastra dhaerah (klebu majalahe). Anggone nerbitake ora profesional, sebab mung kesurung dening rasa tresna basa lan sastrane bae sarta dianggep ora nguntungake penerbit. Mula perlu ana trobosan kanggo mbangun penerbitan buku sastra dhaerah, kang antara liya kudu kang ditandangi luwih profesional amrih bisa narik lan payu. Upamane: saperangan disebarake liwat sekolahan-sekolahan. Penerbit buku lan majalah dhaerah kang modhale racake mung pas-pasan, pancen ngadhepi tantangan abot ing era pers industri kaya samengko. Penerbitan buku lan majalah basa Jawa lan Sunda upamane, akeh sing kukut, mung kari siji-loro sing isih urip, awit padha kentekan modal lan durung bisa narik kawigatene wong-wong sugih dhuwit kanggo nanemake investasine. Nanging lucune, malah akeh para konglomerat sing luwih ketarik mbiyantu kegiatan olahraga, tinimbang kegiatan budaya lan sastr

Purwodadi Asale Gempur Rawa Dadi

PURWODADI, sawijining tlatah kabupaten wewengkon Propinsi Jawa Tengah, nduweni laladan kang jembare 2.011,26 km2. Sakprotelone wilayah dumadi saka alas jati (34%) dene 60% mujudake tanah pertanian lan permukiman. Sisane awujud tanah perkebunan, dalan, kali, lapangan, Ian tanah kuburan. Kabupaten kang mbawahi 18 kecamatan Ian kabagi dadi 280 deSa iki klebu daerah bera. Kahanan lemahe manut tata geografi, alur bagian for Ian kidul mujudake gugusan pegunungan kapur, sisih kidul Pegunungan Kendheng Ian sisih lor Pegunungan Kapur Utara. Dane alur lemah bagian tengah dumadi saka lempung. Lemah cengkar ing kabupaten kang pate nyandhang jeneng Kabupaten Grobogan kanthi ibu kotane ing Purwodadi iki ora ngendhoni semangate para warga masyarakate. Nadyan ditanduri pari kurang subur, nanging mujudake penyangga kedelai nasional kanthi nyumbang 12% lan 41% tingkat Jateng. Ing babagan pendapatan saka sektor pariwisata, sejatine obyek wisatane cukup ana. Kabupaten kang nduwe semboyan Bersemi (Bersih-¬

Musium Sepur Ambarawa

Karipta dening Sugeng Wiyadi swara sempritan thethulitan ing kadohan sepur tuwa lumaku bebanjengan nepusi dawaning ril napak tilas sejarah Tinggalane penjajah Ing musium iki dakniyati ngeningake cipta tumrap kusuma bangsa kang wis sumare ambarawa nate dadi palagan gedhe gerilyawan lan para pejuang piyandel granggang lan sanjata saanane gumrudug maju kalane udan mimis ganda mesiu getih abang malera raga-raga gumlethak tanpa wilanga ndhepani bumi pertiwi tumbaling kamardikan ing musium iki sikilku konjem mring bumi dhadha mbeseseg, jagad rinasa horeg ing musium iki geneya sliramu sajak ora preduli? anggonmu lelendhotan saya nyumelangi ngisik-ngisik bangkekan nggunah panasing ati adhuh, Gustiiii

SRENGENGE ISIH KAYA WINGI

Srengenge neng dhuwur mbun-bunan. Panase sumelet nrajang dalan-dalan. Bledug kumebul bareng karo plastik¬plastik sing kecer saka tong sampah mu¬ser-muser keterak angin. Bakul dhawet kuwi mikul angkringe ngener aspal dalan, ora maelu panase srengenge. Sedhela¬-sedhela tangane srikutan ngelapi kringet nganggo andhuk cilik sing disampirake neng gulu. Mlakune rikat. Kaya adat saben, tekan pojokan pasar dheweke mandheg. Angkringe diselehna neng ngisor wit ringin. Ing kana wong¬wong wis dha ngenteni. Pancen seger, panas-panas ngombe dhawet neng ngi¬sor wit ringin sing adhem. Wong-wong kuwi enggal bae rebutan njaluk didoli dhawet. Wong-wong sing saben diva Sa¬ba pasar. Ana bakul, ana tukang becak Ian liya-Iiyane. "Lha iki Kang Karjo!" Bakul dhawet sing jenenge Kang Kar¬jo kuwi noleh. Neng mburine, Supardi sing gaweyane ider plastik kresek kuwi ngadeg karo nyekeli koran. "Delengen koran iki! Isa maca ra? Iki rak gambarmu, Kang?" Kang Karjo mandheg olehe asah-asah gelas. Tan

TEMBUNG TANGGAP “NA”

Sing arep takcritakake iki, kedadeyan nalika aku sekolah ana ing SGB Ambarawa tahun 1954. Dene critane mangkene: Wulangan sore jam kapisan wulangan Basa Jawa. Guru Basa Jawa asmane Pak Sla¬met. Pak Slamet iki yen mulang senenge guyon Ian sok crita nggladrah ora ana sam¬bung rapete karo wulangan. Mula ana sawiji¬ning murid aweh pepeling marang kanca¬kanca sakelas, sadurunge Pak Slamet rawuh mangkene: "Kanca-kanca, iki wis meh ujian, mula yen mengko Pak Slamet rawuh ngajak guyon, aja ditanggapi." Liyane manthuk setuju Saka kadohan rawuhe Pak Slamet wis keprungu, awit agemane cara Ngayogja, yaiku blangkon mondholan, rasukan surjan (ana sing ngarani klambi sogok upil), nyam¬ping an selop kulit. Tindake, selope rada dilarak teklek-teklek ing tegel teras. Lan angger tekan lawang kelas mesthi ngendika mangkene, "Kene, Kang!" Lan biasane bocah sakelas nyauri, "Inggih". Nanging sore iki bocah sakelas meneng kabeh. Karo mlebu Pak Slamet ngendika, "Eee wong tuwa

WONG BANYUMAS BUNGAH, BASA JAWA MLEBU SMA

SAWISE suwe Basa Jawa ora dadi mata pelajaran ing bangku SMA, bareng taun 2005 iki mlebu ing bangku SMA minangka salah sijine mata pelajaran, ana rong penemu yaiku penemu sing pro Ian kontra. Olehe pro amarga mesthi bae kanthi mlebu ing bangku sekolahan Basa Jawa bakal Iuwih ngrembaka, tun-dhone bakal lestari tetep urip ing Indo-nesia iki. Dena sing kontra, salah sijine jalaran kontra amarga tenaga pengajar sing dianggep mumpuni kang mulang ing SMA kurang, yen ora oleh disebut ora ana. Ngono antara liya panemune Surya Esa (Budayawan), Drs Iswandi (Guru SMA), Drs Budi Pratikno, MSc (Dosen Unsoed) kang kasil dicathet dening pe¬nulis. Kanggo ngawekani panemu kang ka¬ya mangkono, durung suwe iki manggon ing gedhong Korpri, Dinas Pendidikan Kabupaten Banyumas ngadani Sosialisasi Basa Jawa Masuk SMA. Sing dieloni dening sebageyan guru-guru SMA, guru SMP Ian guru-guru SD. Nara sumbere antara Iiya Dr Fathur Rokhman, M. Hum salah sijine dosen ing pawiyatan luhur kota Purwokerto. Kang Ahmad Toha

Wong Jawa Ilang Jawane

Disebutake ing ramalan Jayabaya sing kaloka: Kali ilang kedhunge, pasar ilang kumandhange, wong lanang ilang kaprawirane, wong wadon ilang wirange Ian wong Jawa ilang jawane. Pak Suryo Warsito ngandharake yen wong Jawa ilang jawane iku sabenere wis wiwit 371 taun kepungkur, yaiku nalika Sultan Agung ndhawuhake (dekrit ratu ?) owah-owahan taun Jawa sing asale manut petungan Syamsiah (taun Saka) diganti petungan Kamariah (taun Jawa) wiwit tanggal 8 Juli 1633 M utawa tanggal 17 Kasa 1555 Saka. Wiwit dina iku wong Jawa dipeksa ninggalake taun Jawa sing asli yaiku taun Saka, didadekake bareng karo taun Hijriyah. Tanggal 1 Sura dibarengake tanggal 1 Muharom, mung angka taune nerusake taun Saka. Mesthi wae saben taune umure luwih cendhak H diva, saengga nganti seprene wis kacek 11 taun karo taun Saka. Nalika taun 1926, wis dianakake owah¬-owahan ing paugeran nulis aksara Jawa, diarani wewaton Sri Wedari: dianakake aksara rekan Ian taling tarung palsu. Owah-owahan iki bisa ditampa tanpa masala

“Dina Kasih Sayang”, Valentine Day

Tanggal 14 Pebruari wis dianggep dadi diva kasih sayang. Kita ora ngerti, dening sapa Ian wiwit kapan diva iku ditetepake mangkono. Manut sawijining sumber, tembung Valentine asale saka tembung Valentino, sawijining Uskup ing abad III Masehi. Tahun 270 M, Kaisar Lupercus saka Romawi nglarang wong-wong rabi (nikah) merga njalari para priya ora padha gelem maju perang, ngeboti kulawargane dhewe-dhewe. Uskup Valentino ora sarujuk, banjur ngundang pasangan-pasangan remaja sing lagi padha lelumban ing katresnan, dinikahake ing grejane. Valentino dipikut Ian dikunjara dening Kaisar. Saka pakunjaran Valentino tansah ngirimake pesen-pesen cekak - kaya SMS jaman saiki - sing ngandhut isi kasih sayang marang umate. Sadurunge diukum mati, Valentino isih kober kirim layang marang tunangane sing diakhiri nganggo tembung "from your Valentine". Mbok menawa iku sing njalari saiki ing kartu Valentine sok ditulis "Your Valentine" Ian "My Valentine". Cetha yen tradisi Valent

Ngurip-Urip Industri Bathik Solo

BATHIK Solo pranyata isih urip. Dele¬ngen wae, nalika dina-dina sadurunge riyaya Idul Fitri 1425 H kepungkur, Pasar Klewer kang minangka pasar bathik ing kutha Solo kebak warga masyarakat kang padha blanja kain bathik kanggo keperluan Lebaran. "Pancen biasane sadurunge Le¬baran, kita tansah kelarisan bathik," mang¬kono pratelane Bu Slamet, sing nduwe to¬ko grosir bathik ing Pasar Klewer, Surakarta durung suwe iki. Kutha Surakarta utawa kutha Solo sali¬yane dikenal minangka kanthi sesebutan kutha Bengawan, uga kondhang disebut¬sebut minangka kutha bathik. Lan bathik dadi identitase kutha Solo, saengga ora aneh manawa nalika kita lumebu ing kutha Solo ing sangarepe Pasar Kleco, Surakarta wis dipapag kanthi ananing patung wanita kang lagi mbathik. Patung iku kayadene minangka tetembungan sugeng rawuh kanggo para sedhulur kang arep mlebu kutha Solo, kutha bathik kang kawentar iku. "Pemerintah Kota Surakarta terus ngu¬paya kanggo gawe majune industri bathik ing kutha Solo, se

Aksara Jawa

Wacanen pawarta mawa aksara Jawa ngisor iki! ? [r[boIssi. ?sbenTaunHlsSi=ruskHn ;2,8;[akT/,[y[nHorfiank[k[r Abilitsi ;20;taunM[nh*]sil\,I[nFo[nsiAln\!i[griA, fu[wnialsSi=pli=jemB/s[fov,nzi=[ynFijrhterusTersSn\,kitbklPdk[ro negrliy,[aorfu[wals\,si=wisR|skMausebgiynGe[dwujufHlsJti,si=mau[ntnShfdfi[co[nTo[n[mo[dlPeXsTriynHlsSi=fiwiwitTitaun\;1905;[fni=pemerinThpenJjh, pe/autniwisHmB|fifyfnFniknQicrcrb]sTkyu[co[l=ozn\, [r[boIssi,[rp+ itlissi als\,pemB=zunNn\E[ko[nomims-rkt Skiwteze[nNals\,ntkwsSnHls\.