Sengkuni

Sengkuni utawa Sakuni iku patih ing Ngastina. Sengkuni putrane Prabu Kiswara/Suwala/ Suprala. Sedulure ana papat, yaiku Prabu Gandara, Dewi Gendari, Harya Sarabasata, Harya Gajaksa.
Sesebutan liyane kajaba Seng¬kuni, Harya Suman, Trigan¬talpati, Suwalaputra. Sengkuni mapan ing Plasajenar. Gar-wane Sengkuni nama Dewi Sukesti. Peputra Arya Antisura, Arya Surabasah, Ian Dewi Antiwati. Dewi Antiwati dadi garwane Patih Udawa, pepatih ing Dwarawati.
Miturut crita, Sengkuni iku panjalmane Bathara Dwapara, dewa pangrusak, mungsuhe kautaman. Mula sengkuni iku watake culika, licik, drengki, srei, murang tata, waton sulaya, Ian seneng laku cidra.
Nom-noman Sengkuni aran Trigantalpati, satriya sing bagus. Wujude dadi elek, cangkeme mewek, marga disuwek¬suwek dening Patih Gandamana. Wektu samana padha-padha suwita ing Ngastina. Sengkuni kepengin dadi patih. Patih Gandamana, patihe Prabu Pandhu, dipaeka (difitnah) dening Sengkuni. Gandamana ing jeblungake sumur, dikrutuk gegaman Ian watu, banjur diurugi. Gandamana ora mati, males lava marang Sengkuni, banjur dijuwing-juwing kuwandhane.
Nalika Dewi Gendari dadi prameswarine Prabu Dhestarata, Sengkuni dadi patihe. Kalungguhane patih langgeng nganti jumenenge Prabu Duryudana (putrane Dhestarata karo Gendari). Kanthi rekadayane Sengkuni, Kurawa tansah kepengin nyimakake Pandhawa.
Ing Bharatayuda, kabeh senapati wis gugur (Bhisma, Karna, Durna, Salya), Duryudana bingung, nggetuni lelakone mung amarga kena pambujuke patihe ya Sengkuni. Sengkuni maju perang, nglepasake panah dadi ula maewu-ewu. Akeh para prajurit Pandhawa mati kacokot ula. Janaka mateg aji maruta, angin tumiyup nyingkirake ula-ula mau. Sengkuni pancen sekti, ora empan kabeh sanjata. Janaka kalah. Wrekudara bingung kabeh kadigdayane, aji-ajine ora bi: a mateni Sengkuni.
Kresna minangka titising Wisnu mangerti apa sebabe. Kabeh awake Sengkuni tau dilaburi lenga tala mula ora empan senjata. Dena sing ora kelaburan mung papan buwangane. Sawise mangerti pengapesane, Werkudara enggal nyandhak Sengkuni, diwalik awake, dalan buwangane disuwek nganggo kudu Pancanaka. Sengkuni mati sanalika.
Wosing budi pekerti :
1. Ngundhuh wohing pakarti. Sing biasa tumindak ala bakal nemoni ala, sing nandur kabecikan bakal ngundhuh kabecikan. Mula padha-padha tumindak, ayo padha tumindak sing becik, aja kaya Sengkuni.
2. Aja seneng mitenah, wekasane mung gawe bubrah.
3. Singkirana tumindak culika, licik, drengki, srei, murang tata, waton sulaya, Ian seneng laku cidra!
4. Sing tumindak ala bakal cilaka. -Tumindak becik kang bakal mulya.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wacan Deskripsi

Tanggap Wacana ing Pahargyan Warsa Enggal/Tahun Baru

NGRINGKES TEKS