NGRINGKES TEKS

Ringkesan /ikhtisar padha-padha minangka panyajian cekak aos saka wacan/karangan asli. Nanging kanthi teknis kelorone ana bedane.
Ringkesan minangka panyajian cekak aos saka wacan asli/karangan, nanging tetep ngukuhake (mempertahankan) urutan isi sudut pandang pangripta/panulis asli.
Babagan wigati kang kudu dimangerteni sadurunge ngringkes yaiku,
  1. Tulisen ringkesan kanthi cekak aos, arupa pokok-pokok informasi sajeroning wacan/karangan kasebut.
  2. Gatekna urutan wosing (isi) wacan/karangan . Tulisen miturut isi wacan)Tulisen ringkesan wacan kasebut tanpa ngowahi sudut pandang pangripta/panulis asli.
Wacan sing awujud dawa bias kaowahi dadi cekak, nanging ringkesan kudu tetep ngandhut isi pokok tulisan asli.
Nulis ringkesan yaiku nulis maneh gagasan utama kang ana ing sajeroning tulisan sing uwis kawaka.
Panulisan kudu digawe kanthi ati-ati,sebab ringkesan sing digawe iku ora entuk dicampuraduk karo panemune sing gawe ringkesan. Isi ringkesan mung saka sumber utama wae.
Langkah-langkah gawe ringkesan yaiku,
  • Maca naskah asli
  • Nyathet gagasan umum
Panulis ringkesan nyathet lan nggarisngisori / menehi tandha kabeh gagasan utama lan
gagasan kang wigati.
  • Gawe reproduksi
Panulis ringkesan ngrantam maneh ringkesan miturut gagasan utama kaya kang dicathet ing langkah kapindho. Bagian kang entuk dileboake yaiku argumentasi utama wae. Ringkesan ngasilake simpulan pokok.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wacan Deskripsi

Tanggap Wacana ing Pahargyan Warsa Enggal/Tahun Baru