Postingan

Menampilkan postingan dari Juni, 2011

NGADEG JEJEG AJA KANDHEG

"Mangu Aja Maju" Dening L.Yuyun Dian S. Bacutna lakumu Aja benget noleh mengo nengen apa maneh ngiwa Aja banget anggone tumungkul saya maneh ndhangak Jejegna lakumu Penerna niatmu Aja koregeti rasa jirihmu Mangu Aja Maju Mecaki dalan dawa tumuju mulya Pancen ora kaya ngedhepke netra Butuh ngubengke pikir Butuh kumlawene lembar sasuwir “Jer basuki mawa bea” Kabeh bakal tutug Kabeh bisa dirembug Lakonana kanthi lila Brongkalan sela lan lumebering bena Bisa gawe antebing paran urip Mlumpata kanthi teteg atimu Kelekna ing iline banyu rasa cilik atimu Uncalna adoh karep mangu-mangu kang ora prelu Delengen… Pangangenmu sajak ngawe-awe Kekarepanmu ngatonke eseme Kadya arep nunggu lakumu satekane Gocekana kenceng krentegmu Ambrukna kabeh pepalang sangarepmu Siji kang kudu tinandur Jujur ing atur Aja anggak yen bakale bisa lungguh dhuwur Elinga marang Maha Luhur Mesthi tumekaning makmur Juni 2011

NGADEG JEJEG AJA KANDHEG