Wacan Deskripsi

Tembung deskripsi asale saka basa Latin yaiku descripcere kang tegese nulls utawa njlentrehake sakwijining bab/perkara. Deskripsi uga duwe teges perincian utawa gambaran. Mrinci tegese gambarake perkara tartamtu. Carane nulis deskripsi, siswa ngamati (ngemati kanthi premati) objek kang didadekake sumber tulisan. Objek sing dirinci/digambarake bisa samubarang; prastawa,pawongan, kawanan, tanduran, lingkungan, alam, lsp.

Deskripsi kang adhedhasar pengamatan kalebu rincian/gambaran kasunyatan.
Gambaran kasunyata.

Gambaran kasunyatan iki mratelakake yen pawongan, panggonan, kewan, prastawa, barang, lsp. Bisa digambarake/dirinci kanthi trep kaya kahanan sing saknyatane.

Tuladha;
  • Deskripsi barang upamane tas bisa dirinci/digambarakengenani bahane, wernane, modele, lsp.

  • Deskripsi pawongan (manungsa) bisa dirinci/digambarake prauane, dedege, watake, kesenengane, gaweyane,lsp.

Wacan deskripsi tumrap barang bisa ditulis kanthi landhesan ngamati utawa ngrungokake. Saka ngrungokake siaran langsung pertandhingan bal-balan lewat radhio siswa bias nulis wacan deskripsi kang nggambarake kahanane pertandhingan. (Kapethik saka LKS Prasasti kaca 38)

Bab-bab kang prelu ditindakake supaya bisa nulis karangan deskripsi yaiku,
  • Nemtokake bab kang arep ditulis
  • Ngumplake katrangan kanthi njinggleni bab kanga rep ditulis.
  • Nyathet perangan-perangan bab kanthi tlesih.
  • Nulis kasile njingglengi mau kanthi urut, cetha, urip,lan nggunakake tembung-tembung kang trep.
  • Naliti lan mbenerake ukara supaya dadi karangan kang becik.

Titikan/ciri-ciri karangan deskripsi kang becik yaiku,
  • Nggambarake samubarang upamane kahanan, papan, utawa manungsa
  • Nggunakake pancaindriya (pandeleng, pangrasa, pangrungu, pangganda, lan pangecap)
  • Bisa ngajak pamaca kaya-kaya pamaca bisa ndeleng dhewe, ngrasa dhewe,krungu dhewe,ngambu/ngganda dhewe,lan ngecap dhewe. (Kapethik saka Buku Ajar Basa Jawa Pemerintah Kota Semarang kaca 77)

Tuladha,
(1)
Omah iku manggon ing pucuk gunung. Saka panggonan iku sesawangan bisa katujokake marang kriwikan banyu kali kang endah, sakiwa tengene tinandur tetanduran kang ijo royo-royo sansaya nengsemake ati.

Tuladha (1) ing dhuwur nggambarake kahanan sawijining omah.

(2)
Gedhongkang katone endah iku sejatine mung kebak lamis. Gedhek kang katone rosa satemene digawe saka piranti kang gampang kobong. Sakane cacah papat tur gedhe-gedhe katon mrebawani. Gendhenge digawe saka kayu sirap kang wus garing dipoles gandarukem yen sinawang saka kadohan katon sumunar nanging datan mblerengi. Kabeh mau dibudidaya supaya gampang diobong. Omah gedhong magrong-magrong iku digawe mung kanggo numpes para Pandhawa.

Tuladha (2) nggambarake sawijining papan.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Tanggap Wacana ing Pahargyan Warsa Enggal/Tahun Baru

NGRINGKES TEKS