Postingan

Menampilkan postingan dari Februari, 2009

Ora Ana sing Ngawe

Kaningaya temen urip iki Bebasan duwe nyawa saka tetesing rendheng mangsa Laku kandheg Ati judheg Pikir bumpet Iki piye…. Urip nistha ing tlatah dhewe Klambi rojah-rajeh siji kari Apa ngene iki kang dikarepake Mangan sega wadang liwetan biyen kae Esuke sega jagung larang regane Ngeleg banyu udan kandheg ing telak Urip kadharang-dharang Ora ana sanak, kadang kang kelingan menehi sandhang pangan Kabeh mung kelingan wetenge dhewe Kabeh mung kelingan ngebaiki luwengane dhewe Kabeh lali bareng kepenak Kabeh pontang-panting rebutan kursi endah lan empuk dhuwur kae Aku kasimpir, rojah-rajeh ora ana sing ngawe Kaangen-angen njur kaimpi-impi Buyut nate cariyos Carang kayu bisa dadi emas Pacul tumancep bumbung pari mbanyu mili tanpa kendhat Panen bungah, paceklik adoh tur kapangan bathara Nanging kuwi biyen Saiki…. Aku kasimpir, rojah-rajeh ora ana sing ngawe Semarang, 16 Februari 2009 Kebak Ati Aja keblinger tumindak ora pener ngengser pauger Dlamakanmu selehna ing tengahing bebener Tanganmu ba

Urip

Basuki Bingahipun manah kekalih Awit dinten punika Bagaskara sulistya lingsem Sasandra trustha kesengsem Jumedhul sayoga hanyengkuyung Anggenipun kekalih sinanding Duh bapa ibu…. Nyuwun pangestu Duh mitra…. Lubering pandongamu Duh gusti akarya jagad…. Nyuwun agunging erwana asih Mugi-mugiya Basuki sinarengan selawase tumekane pati Semarang, 17 April 2006 Anak Lanang Dak gadang-gadang Mbesuk gedhe Dadiya manungsa salumrahe Duwe kadang jembar dhadhane Duwe banda ora nyadhong drijine Duwe pangkat ora lali keblate Duwe panjangka akeh kaleksanane Thole… Kene-kene cedhaka mrene Kareben mulya uripmu tembe Aja lali ngger…. Aja kok larak kabeh paugeran Aja kok terak pepesthen Pangeran Kanggokna sarungmu aja amung kok dhelikna Kanggokna pecismu aja amung kok centhelna Muga-muga kabeh kasembadan Donga pangestu biyung elinga kanggo cekelan Semarang, 13 Februari 2009 Uwis Lena Kledhang-kledhang jero atiku Ora mung dina iki Esuk, sore lan bengi mbumpeti dalan pikirku Lunga… aja sumrambah ana ing ne

Patriot Sejati

Karya Ny. Praka Nur Rifai (L.Yuyun Dian S.,S.Pd) Tegar, tangguh, tegap berdiri Naungan wibawa penuh pesona melekat dalam diri Iman kuat tak gentar menghalau musuh bak gulungan badai api Ancaman lawan bukan satu ukuran tuk menepi Dentuman meriam menggelegar bak kobaran semangat jiwa patriot sejati Arti keteguhan hati wujudkan sumpah prajurit Rakyat ukuran kemakmuran bangsa Hancur pribumi maka hancur kekuatan sejati Arti keteguhan hati menegakkan dharma pertiwi Negara Kesatuan Republik Indonesia nan damai Ukuran setiap nafas mengiring juang Dada tegap, siap tempur penuh semangat Senapan siap menghujam peluru tuk pengkhianat bumi pertiwi Eka janji prajurit, menepati sapta marga sumpah prajurit. Terus semangat patriot bangsa Dibahumu keamanan dan pertahanan bangsa tugas mulia.