Ora Ana sing Ngawe

Kaningaya temen urip iki
Bebasan duwe nyawa saka tetesing rendheng mangsa
Laku kandheg
Ati judheg
Pikir bumpet
Iki piye….
Urip nistha ing tlatah dhewe
Klambi rojah-rajeh siji kari
Apa ngene iki kang dikarepake
Mangan sega wadang liwetan biyen kae
Esuke sega jagung larang regane
Ngeleg banyu udan kandheg ing telak
Urip kadharang-dharang
Ora ana sanak, kadang kang kelingan menehi sandhang pangan
Kabeh mung kelingan wetenge dhewe
Kabeh mung kelingan ngebaiki luwengane dhewe
Kabeh lali bareng kepenak
Kabeh pontang-panting rebutan kursi endah lan empuk dhuwur kae
Aku kasimpir, rojah-rajeh ora ana sing ngawe

Kaangen-angen njur kaimpi-impi
Buyut nate cariyos
Carang kayu bisa dadi emas
Pacul tumancep bumbung pari mbanyu mili tanpa kendhat
Panen bungah, paceklik adoh tur kapangan bathara
Nanging kuwi biyen
Saiki….
Aku kasimpir, rojah-rajeh ora ana sing ngawe

Semarang, 16 Februari 2009



Kebak Ati

Aja keblinger tumindak ora pener ngengser pauger
Dlamakanmu selehna ing tengahing bebener
Tanganmu bandanen
Lerena anggone ngudheg-udheg rasa ngudhal-udhal cidra
Basa ngandhut wisa pungkasane dadi murka liya
Papa

Geneya…
Bagaskara mesem sumilak hangajak
Gawe driya adhem ora kudu nyuwara seru mundhak saru

Dielus-elus nganggo tembung lirih
Dilela-lela salumrahe mesthi krasa
Dheweke dudu maesa tanpa karsa lan wignya

Uler kacekel gatel nguleng
Sikil kajawil rai abang muntab juwing
Eling…
Candra sumunar pancen wayah wengi
Nanging cahyane parak sumilak
Kali sisih kulon ora mesthi kebak banyu
Bisa gumlonthang sabubare
Asat

Delehna siung kang nggegirisi
Kabeh ana mangsane
Titiwancine
Bakal ora tedhas watu sagunung
Bakal ora mempan ampak-ampak sinawang
Luwih-luwih
Ora bisa selak prakara cilik satengu

Kebakana ati limang prakara
Mukti….

Semarang, 16 Februari 2009

Komentar

  1. cayo...wong jowo kudu bisa nguri - uri kabudayan jowo
    terus berkarya...!

    BalasHapus

Posting Komentar

Sumangga paring panyaruwe/pandangon/mundhut pirsa

Postingan populer dari blog ini

Wacan Deskripsi

Tanggap Wacana ing Pahargyan Warsa Enggal/Tahun Baru

NGRINGKES TEKS