Urip

Basuki

Bingahipun manah kekalih
Awit dinten punika
Bagaskara sulistya lingsem
Sasandra trustha kesengsem
Jumedhul sayoga hanyengkuyung
Anggenipun kekalih sinanding

Duh bapa ibu….
Nyuwun pangestu
Duh mitra….
Lubering pandongamu
Duh gusti akarya jagad….
Nyuwun agunging erwana asih

Mugi-mugiya
Basuki sinarengan selawase tumekane pati

Semarang, 17 April 2006


Anak Lanang

Dak gadang-gadang
Mbesuk gedhe
Dadiya manungsa salumrahe

Duwe kadang jembar dhadhane
Duwe banda ora nyadhong drijine
Duwe pangkat ora lali keblate
Duwe panjangka akeh kaleksanane

Thole…
Kene-kene cedhaka mrene
Kareben mulya uripmu tembe
Aja lali ngger….
Aja kok larak kabeh paugeran
Aja kok terak pepesthen Pangeran
Kanggokna sarungmu aja amung kok dhelikna
Kanggokna pecismu aja amung kok centhelna
Muga-muga kabeh kasembadan
Donga pangestu biyung elinga kanggo cekelan

Semarang, 13 Februari 2009


Uwis Lena

Kledhang-kledhang jero atiku
Ora mung dina iki
Esuk, sore lan bengi
mbumpeti dalan pikirku

Lunga…
aja sumrambah ana ing netra
lunga …lunga…
tambah dak sawang kledhang amung rakaruwan
tambah dak guwang pojoking ati kebak ludira tresna

aja…
aja teka maneh
tekamu mung kaya macan kang nglarap lampus
balimu lir segara bakal ngelek nyawa

prana, jiwa lan raga
ora bakal bisa nyawiji
menawa kabeh dak terak
cukup semene kabeh uwis lena
kabeh sirna
mripat kasirep rasa nistha
layon katutup pedhut kang ngglayut

Semarang, 14 Februari 2009


Lathi

Tyas tan ora gawe brastha
Delengen…
Wong klarapan ora keduman
Saka kadohan kledhang-kledhang rakaruwan
Delengen….
Lathi ora kaugemi
Tangan gumlewang menthang
Ati wengis ngiris dadi tangis
Kasawang-sawang dadekake raga kaya-kaya raguna

Uwis…uwis
Aja kok terusake

Jujur…
Jujura aja amung upakara
Yekti tanpa nunggal sajiwa
Handadekake cengkah entuke kalara-lara

Uwis..uwista
Mandheka aja kok terusake
Tyas tan ora gawe brastha
Pethakilane anoman mono hambela bebener lan pener
Nanging,
Kendele Rahwana nora bakal ana kang mitayani
menawa iku blaka

Dadia manungsa kang bisa njaga basa

Semarang, 15 Februari 2009

Komentar

  1. cayo.... wong jowo kudu bisa nguri- uri kabudayan jowo...terus berkarya!



    ibune Belinay

    BalasHapus

Posting Komentar

Sumangga paring panyaruwe/pandangon/mundhut pirsa

Postingan populer dari blog ini

Wacan Deskripsi

Tanggap Wacana ing Pahargyan Warsa Enggal/Tahun Baru

NGRINGKES TEKS