“Dina Kasih Sayang”, Valentine Day

Tanggal 14 Pebruari wis dianggep dadi diva kasih sayang. Kita ora ngerti, dening sapa Ian wiwit kapan diva iku ditetepake mangkono.
Manut sawijining sumber, tembung Valentine asale saka tembung
Valentino, sawijining Uskup ing abad III Masehi. Tahun 270 M, Kaisar Lupercus saka Romawi nglarang wong-wong rabi (nikah) merga njalari para priya ora padha gelem maju perang, ngeboti kulawargane dhewe-dhewe. Uskup Valentino ora sarujuk, banjur ngundang pasangan-pasangan remaja sing lagi padha lelumban ing katresnan, dinikahake ing grejane. Valentino dipikut Ian dikunjara dening Kaisar. Saka pakunjaran Valentino tansah ngirimake pesen-pesen cekak - kaya SMS jaman saiki - sing ngandhut isi kasih sayang marang umate. Sadurunge diukum mati, Valentino isih kober kirim layang marang tunangane sing diakhiri nganggo tembung "from your Valentine". Mbok menawa iku sing njalari saiki ing kartu Valentine sok ditulis "Your Valentine" Ian "My Valentine".
Cetha yen tradisi Valentine's day mung barang impor sing saiki wis ngembrah utamane ing kutha-kutha Ian ing kalangane remaja sing lumrahe lagi padha gandrung kapirangu . Katresnan utawa kasih sayang sing sabenere universil, wis malih mung kanggo gandrung-tan. Acara sing ana uga sipate komersial Ian konsumtif : pesta ing hotel mewah, hadiah-hadiah, hidhangan lsp sing didominasi werna jambon (pink) identik karo kembang mawar, coklat Ian abang nom sing racake pancen disenengi para remaja.
Pancen para remaja isih lagi megar Ian "mencari bentuk". Jaman globalisasi ndadekake informasi apa wae padha teka liwat media cetak Ian elektronik nganti tekan ing sadhengah papan. Para remaja akeh sing lali karo kapribadene dhewe, gampang nampa kanthi mentahan bab-bab saka Barat sing dianggep luwih modern kalebu ekses-eksese sing konsumtif, cengkah karo piwulang agama, etika lan kapribaden, kayata gegandhengane priya Ian wanita sing dudu muhrime nganti tekan sex bebas.
Yen kita niti jaman kepungkur, wong Jawa pancen kalebu sing gampang nampa kabudayan Ian piwulang apa wae saka negara manca, flanging ora ana sing ditampa tanpa "dijawakake". Agama Hindhu, Budha, Islam, Nasrani Ian Kong Hu Cu kabeh bisa ditampa dening wong Jawa nanging mesthi dijawakake, lire dilarasake karo pangerten Ian adat tradhisi sing lumaku ing tanah Jawa. Kabeh agama mau mesthi wis ora persis karo asline, flanging wis ngejawa, wis mambu Jawa.
Semono uga kabudayan kaya Mahabarata, Ramayana Ian crita Menak sing asline saka India Ian Arab, bisa megar ngrembaka nganti nyawiji karo kabudayan Jawa saengga crita-crita mau kaya-kaya asli lan kedadeyan ing tanah Jawa. Yen cetha-cetha iku kita bandingake karo asline, nyata yen wis akeh banget bedane karo sing ana ing tanah Jawa. Semono uga Hadrah, Dhibak Ian Berzanji sing asale saka tanah Parsi, yen isih ana ing tanah asale mesthi wis ora padha karo sing ana ing Indonesia.
Ana sing duwe panemu yen kepinteran Ian samubarang sing "Barat"Iuwih bisa njamin kanggo ngolehake rejeki / dhuwit. Ilmu teknologi, ekonomi, kesenian Isp kabeh Iuwih payu dole tinimbang ngelmu Ian kabudayan Jawa. Panemu ngono mau senajan ora mutlak, pancen kaya ana benere. Nanging apa bab mau banjur dadi alasan nganggep halal (menghalalkan) kanggo nyaplok kabudayan impor kanthi mentahan tanpa dilarasake karo kabudayan kita dhewe ?
Dina kasih sayang sabenere uga ana apike. Sapa sing ora butuh kasih sayang ? Kita butuh katresnan sing universil, kaya katresnaning biyung marang anake, katresnan marang sapadha-padha, uga marang basa Ian kabudayan kita.. Yen Valentine's day mung dimaknani pesta-pesta, kirim-kiriman hadiah Ian kartu sing sarwa jambon apamaneh nganti sex bebas, kita mesthi ora sarujuk.
Adhedhasar apa sing katur ing ndhuwur mau, rasane luwih becik yen Valentine's day dilarasake karo kapribaden kita, ora cengkah karo etika Ian agama sarta laras karo panguripan bangsa kita Aja mung hura-hura kaya sing saiki Iumrah diprangguli ing masarakat utamane generasi mudha. Kita butuh acara dina kasih sayang sing ora keri jaman nanging cocog karo kapribaden Indonesia.

(Kapethik saking Kalawarti Panjebar Semangat)

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wacan Deskripsi

Tanggap Wacana ing Pahargyan Warsa Enggal/Tahun Baru

NGRINGKES TEKS