TEMBUNG TANGGAP “NA”

Sing arep takcritakake iki, kedadeyan nalika aku sekolah ana ing SGB Ambarawa tahun 1954. Dene critane mangkene:
Wulangan sore jam kapisan wulangan Basa Jawa. Guru Basa Jawa asmane Pak Sla¬met. Pak Slamet iki yen mulang senenge guyon Ian sok crita nggladrah ora ana sam¬bung rapete karo wulangan. Mula ana sawiji¬ning murid aweh pepeling marang kanca¬kanca sakelas, sadurunge Pak Slamet rawuh mangkene:
"Kanca-kanca, iki wis meh ujian, mula yen mengko Pak Slamet rawuh ngajak guyon, aja ditanggapi." Liyane manthuk setuju
Saka kadohan rawuhe Pak Slamet wis keprungu, awit agemane cara Ngayogja, yaiku blangkon mondholan, rasukan surjan (ana sing ngarani klambi sogok upil), nyam¬ping an selop kulit. Tindake, selope rada dilarak teklek-teklek ing tegel teras. Lan angger tekan lawang kelas mesthi ngendika mangkene, "Kene, Kang!" Lan biasane bocah sakelas nyauri, "Inggih".
Nanging sore iki bocah sakelas meneng kabeh. Karo mlebu Pak Slamet ngendika, "Eee wong tuwa dinengake". Terus nyeleh¬ake buku-buku Ian tepake (bekas wadhah rokok srutu) ana meja guru. Mbukak tepake, nglinting, disumet, diserot karo dhawuh, "Goleka tembung tanggap na, contone tina¬puk, tinabok Ian sapiturute, saka ngarep urut".
Sawenehe murid njawab, "Jiniwit", Pak Slamet dhawuh, "Ya terus". "Tinendhang", "Ya terus", "Jinegal"; "Ya terus."
Bareng tekan tengah kelas bocah bocah nemoni Pak Slamet mang kene, "Binukak; jinimpit; lininting; kinempak; sinumet; sinerot; sinebul, ginuwak, jinupuk".
Tekan kene Pak Slamet nyetop, "Hup, hup! Ginuwak jinupuk kuwi maksudmu tegesane ya?? Wong tuwa dha digarap!!"
Geer bocah sakelas guyune ambrol.
Apa tumon mau ngajak meneng kok malah sakelas nyekakak kabeh.

(Kapethik saking kalawarti Panjebar Semangat)

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wacan Deskripsi

Tanggap Wacana ing Pahargyan Warsa Enggal/Tahun Baru

RESI BISMA GUGUR