Omah Dhines Kang Kebak Wewadi

Kedadeyan dakalami nalika aku bocah-bocah nanging gita-gita ngayahi tugas ana luar Jawa yaiku Ku- ngandhakake kanthi emosi menawa pang Proponsi Nusa Tenggara Timur. Ka- omahe mentas dikrutuki watu. ya lumrahe petugas kang ngemban jeji- Kasus omah dikrutuki watu iku bahan, satekane panggonan dipapanake makaping-kaping ora mung pisan manggonomah dhines. Mengkono uga aku Ian kulawargaku, anak Toro karo si¬sihanku ibune bocah-bocah.
Nalika semana aku lagi bae teka dhog saka Jakarta dhines urusan gaweyan. Ibune ora lapuran kahanane bocah-bocah nanging gita-gita ngandhakake kanthi emosi menawa omahe mentas dikrutuki watu.
Kasus omah dikrutuki watu iku makaping-kaping ora mung pisan pindho. Luwih-luwih yen mbeneri aku ora ana ngomah. Nanging merga ibu¬ne karo bocah-bocah wis dakwenehi pangerten karo meneh padha mbuktekake dhewe menawa ora ana ujude, mula suwe-suwe wani ilang wedine. Yen pas keprungu ana gangguan kabeh padha nglumpuk dadi siji njur berdoa bareng-bareng dipimpin ibune bocah-bocah.
Sepisan aku mrangguli gangguan swara tanpa rupa iku yaiku nalika aku sakulawarga lagi bebarengan makam malam. Durung nganti ilang swarane krikil ngglindhing ana ndhuwur seng payon omah (payone seng dudu gendheng), aku wis brabat nyandhang lampu senter mbukak lawang mlayu metu. Payon omah lan sakiwa tengene karo ancer-ancer pernah tibaning watu daksoroti lampu karo dakjinggleng pandheng. Omah dakubengi bola-bali nganti kesel tetep ora ana tandha-tandha kang bisa kanggo ngudhari swara misterius iku. Anane sawise kedadeyan ing wengi iku gangguan swara tanpa rupa ilang musna sanalika tanpa ninggal tandha lan tilas sithitik-sithika.
Telung sasi saka kedadeyan iku, aku rumangsa anggonku nindakake kuwajiban luwih mantep semono uga kahanan kulawargaku katon teteg. Kaya adat perkulinanku saben bengi dakperlokake sembahyang nyuwun kewilujengan tumrap kabeh kulawargaku lan gancar lancaring pegaweyan.
Ing sawijining wengi nalika aku lagi sembahyang githokku mengkorok rumangsa ana glibeting uwong luwih saka siji ana mburiku. Wulu githokku nganti njegrik padha ngadeg. Merga rasane cedhak banget ana mburiku kepeksa aku noleh memburi kepingin ngerti sisihanku apa bocah-bocah kang nusul. Bareng cetha ora ana sapa-sapa aku nginguk ranjang peturonku, ibune bocah-bocah isih angler anggone ngaso. Anakku Eko lan Wiwit isih padha turu ana kamar liya. Cetha yen dudu kula-wargaku aku bali mapan ngrampungake anggonku sembahyang nganti tutug. Esuke aku ora crita karo ibune bocah-bocah nanging aku wiwit nggolek sisih melik sejarah pembangunane kantor lan perumahan klebu mula bukane asal usul lemahe sadurunge dibangun kantor. Nanging umume kanca-kanca kantor. Nanging umume kanca-kanca kantor ora ana sing ngerti, para senior kang luwih tuwa wis pensiun tur akeh kang wis kapundhut Gusti. Mula anggonku nlusuri kepeksa kandheg dhisig.
Ndilalah tanpa kanyana-nyana tepunganku salah sijining pimpinan instansi tur putra daerah nggatekake banget karo critaku. Tepunganku mau arane Pak AR. Bengine dheweke merlokake silaturahmi ana omahku malah bebarengan sembanyang nyatakake apa kang wis dak critakake. Dheweke manthuk-manthuk mbeberane critaku.
“Bapak nggak usah khawatir, mereka nggak berniat mengganggu. Menurut pengamatanku justru ingin minta didoakan. Melihat bapak setiap malam berdoa, mereka ingin ikut. Tapi nggak bisa karena sudah di alam lain. Maka mereka hanya dibelakang bapak ingin ikut dan minta didoakan….”
Sawise Pak AR nyritakake sejarah mula bukane areal tanah kang dibangun kanggo kompleks perkantoran iku, aku karo sisihanku sarujuk nganakake upacara cilik-cilikan nyuwunake pangapura muga roh kang durung mapan ana panggonan kang sakmesthine inggal bisa manggon ing papane.
Seminggu sawise upacara sembahyang kang uga ditekani pak AR, aku sisihanku lan pak AR rumangsa syukur jalaran roh kang saben aku sembahyang bengi padha ngglibet ana mburi wis ora ana maneh. Muga-muga wis diparingi panggonan kang sakmesthine ing alame.
Durung luwih enem sasi saka ilanging roh kang ngglibet ana mburiku lha kok ana kedadeyan maneh kang uga ora tinemu nalar. Sekawit pancen ora dakgawe rasa senajan aku krasa. Nanging bareng wis luwih kaping telu kedadeyane daktiteni saben jam enem sore, aku wiwit waspada anane ganda iku. Dadi dudu swara dudu rasa nanging ganda langu kang ambune kaya tetuwuhan ing tengah alas kang ora ditandur ana pekarangan. Ambune jan nduleg irung banget, kepara marahi mumet.
Ganda langu marahi mumet yen kesedhot irung iku tau disekseni kanca kantor kang pas mertamu. Kanca kantor mau kaget lan ora tahan ngambu ganda langu kang marakake mumet lan semaput. Mula banjur inggal-inggal pamitan bali ora bisa menehi keterangan pitakonku. Merga meh saben jam enem sore ganda langu ora enak mau mesthi teka, ibune bocah-bocah anakku lan pembantu dakwanti-wanti aja pisan-pisan dirasakake kepara ngambu wangi-wangian utawa ganda liyane kang bisa ngalahake ganda langu ora enak marahi mumet iku. Kanthi ngetog kabisanku, tangan nutupi irung nganggo kacu, aku metu ana njaba omah. Lawang ngarep ngiringan karo mburi tak bukak kabeh kareben hawa seger mlebu ngilangi ganda langu. Kanthi nyenyuwun marang Gusti Kang Maha Welas Asih, omah dakubengi bola-bola nganti ganda langu mau ilang kagawa angin. Kira-kira telung mingguan gangguan ganda langu mau lagi bisa ilang babar pisan. Ora lali aku sakulawarga ngaturake panuwun marang Gusti Kang Maha Kuwasa.
Wis meh setaun aku ngenggoni omah dhines ora ana kedadeyan apa-apa, lha kok sawijining wengi thukul kedadeyan anyar maneh nganti gawe girising wong sakomah Ruth pembantu bengok-bengok gawe kaget.
“Pak-pak-pak ada orang ada orang pak…..”
krungu swara wong undang-undang, aku karo sisihanku kang lagi turu nglipus kaget. Jranthal aku mlayu nuju asaling swara kamare Ruth pembantu. Nanging aku ora terus langsung ana kamare pembantu kang ana mburi nanging aku mlebu ana kamare anakku, saka kamarku yen arep menyang kamare pembantu ngliwati ruang tengah (ruang keluarga), ruangan mburi lagi tekan kamare pembantu. Supaya enggal bisa ngerteni apa sebabe pembantu bengok-bengok aku mangsuli saka cendhela kamare anakku kang luwih cedhak karo kamare pembantu. Aku mbengkok ngundang jenenge nganti dheweke ngerti yen aku wis tangi.
Dieterake ibune bocah-bocah pembantu ngyakinake niliki lawang mburi kang dak titi pancen isih kuncen kabeh. Banjur kang dadi pitakonan wewujudan uwong nganggo tutup rai ndemok lan mithes irunge pembantu mau playune lan ilange metu ngendi ora ngerti. Yen mung rekasaya gawe-gawe pembantu, ora mungkin. Jalaran yen pokale pembantu lawang di kunci maneh saka njero sawise uwonge sing nggodha mau metu, apa paedahe pembantu bengok-bengok njaluk tulung keweden kamigilan. Yen dheweke duwe karep ora becik luwih aman meneng bae ora susah bengok-bengok njaluk tulung. Dadi tegese pancen ana kedadeyan tenan kang dialami Ruth pembantu.
Nganti aku rampung nindakake tugas ana Kupang kedadeyan rena-rena kang rumangsaku kena diarani gangguan suwara, rasa, ganda lan rupa seprene isih dadi cathetan pengalanku kang tetep rapet sumimpen.

(Kapethik saking kalawarti Panjebar Semangat)

Komentar

  1. Ngaturi wuninga hambok bilih tasih kanggungan catetan lan sanesipun kangge lare smp, matur nuwun menawi kersa macak ing mriki, matur nuwun sanget amargi nguri-nguri budaya jawi kathah manfaatipun kangge lare jaman sak punika.Nuwun

    BalasHapus

Posting Komentar

Sumangga paring panyaruwe/pandangon/mundhut pirsa

Postingan populer dari blog ini

Wacan Deskripsi

Tanggap Wacana ing Pahargyan Warsa Enggal/Tahun Baru

NGRINGKES TEKS