Pidhato Ketua Karang Taruna

Nuwun, para pinisepuh ingkang kinurmatan, mudha – mudhi anggota karang taruna kampung / dhusun Karangrejo ingkang kula tresnani.
Muji syukur konjuk ing pangarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, awit kita sadaya saged makempal ing wekdal saha papan mriki saperlu angadani pepanggihan utawi rapat mudha-mudhi.
Sedaya menika saged kalampahan awit kita sadaya taksih pinayungan lan awit berkahipun Gusti Ingkang Maha Agung.
Sedherek kula mudha – mudhi ingkang kula tresnani,
Kula minangka ketua karang taruna ing rumaos suka bagya, awit sedherek kula gadhah gegayuhan ingkang Iuhur, inggih menika makempal saperlu rapat kangge pirembagan bab wigati menapa kemawon ingkang tundhonipun kangge kemajenganing karang taruna kampung Karangrejo mriki.
Menika mratandhani bilih mudha-mudhi ing mriki sami sadhar dhumateng maknaning paguyuban, lan gadhah pepenginan kangge majengaken paguyuban karang taruna mriki.
Awit saking menika, kula suwun mugi – mugi pepenginan wau saged kaleksanan lan pepanggihan menika saged ngasilaken pirembagan ingkang mentes Ian saged murakabi dhateng sedaya warga paguyuban mliginipun, lan masyarakat kampung Karangrejo umumipun.
Dhumateng ingkang gadhah pangertosan menapa kemawon, mugi saged nularaken dhateng kadang sanesipun, amrih mudha – mudhi ing mriki sages tambah seserepan saha saged nyengkuyung dhateng kemajengan paguyuban.
Satunggal Ian satunggalipun mugi caos penget, manawi wonten tumindak ingkang nalisir saking garising leres, supados sedayanipun tansah saged lumampah ing tumindak leres, saengga saged dados tuladha tumrap para mudha sanesipun kampung Karangrejo mriki.
Kula kinten cekap semanten atur kula, nyuwun pangapunten bilih wonten tetembungan ingkang kirang mranani penggalih saha solah bawa ingkang kirang trep. Ing wasana sugeng pirembagan lan wekdal kula aturaken saprayoganipun dhumateng pranata cara.
Matur nuwun.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wacan Deskripsi

Tanggap Wacana ing Pahargyan Warsa Enggal/Tahun Baru

NGRINGKES TEKS