Pambuka Mengeti Nuzulul Quran

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabara katuh.
Bapak-bapak, Ibu-ibu, kaum muslimin Ian muslimat ingkang satuhu bagya mulya.
Mangga sesarengan ngaturaken pudya pudyastuti wonten ing ngarsaning Pangeran Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring taufik Ian hidayah. Katandha kula panjenengan sami taksih pinaringan kasugengan saengga saged makempal wonten ing masjid ... mriki, saperlu ngawontenaken malem pengetan Nuzulul Qur'an.
Ing dalu punika tanggal 17 wulan Ramadhan tahun ... utawi tanggal ... wulan… panjenengan sadaya dalasan kula ngawontenaken pengetan pengetan Nuzulul Qur'an, inggih punika tumurunipun Kitab Suci Al Qur'an ingkang dipunturunaken dhumateng junjungan kita kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang salajengipun awujud Kitab Suci Al Qur’an ingkang sedaya wonten 30 Juz, 114 Surat ingkang dipunperinci dados 6666 ayat.
Matur nuwun sanget dhumateng para muslimin lan muslimat ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal ngrawuhi pangetan Nuzulul Qur’an ing masjid … Mriki.
Kaum muslimin saha muslimat ingkang minulya,
AlQur`an punika saestu mujudaken cepenganipun kaum muslimin lan muslimat. Allah SWT sampun paring pitedah leres dhumateng kita sadaya ngangge Al Qur`an punika. Pitedah punika prelu, awit lumampah tanpa pitedah temtu badhe manggih sasar lan susur. Ewa semanten, kathah para tiyang ingkang sami mboten kersa lan lumuh migunakaken pitedah wau. Najan Al Qur’an punika pitedah ingkang yekti, ingkang nyata lan sejati, nanging namung pilih-pilih tiyang ingkang angsal pitedahipun Allah SWT.
Wondene Al Qur’an minangka pitedah, lan kados pundi anggen kita tumindak sarana Al Qur’an, badhe kaandharaken dening Bapak Mubaligh … Saking… ing adi cara candakipun.
Mboten kintun saderengipun pengetan punika kula bikak langkung rumiyen kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng sanak sedherek, tanggatepaling ingkang sampun ngentengaken sesanggan pangetan Nuzulul Qur’an ing wulan Maqhfirah punika.
Kula minangka panitia penyelenggara mboten saged ngaturaken piwales punapa-punapa, namung saged ngonjukaken pudyo pudyastuti wonten ing ngarsanipun Gusti Allah SWT angsala piwales sih kanugrahan ingkang matikel-tikel.
Pengetan Nuzulul Qur'an ing dalu punika kula bikak kanthi maos basmallah sesarengan sumangga,
Bismillahir rahmanir rahiim.
Mangga sesarengan ngathah-ngathahaken amal kesaenan wonten ing malem lailatul Qadar punika. Kanthi nindakaken siyam jama'ah taraweh wonten ing jamaah tarwehipun piyambak¬-piyambak.
Akhirahul kalam, billahit taufik wal hidayah,
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wacan Deskripsi

Tanggap Wacana ing Pahargyan Warsa Enggal/Tahun Baru

NGRINGKES TEKS