Penerbitan Buku Karya Sastra Jawa Perlu Dibangun

AJP Rosidi sastrawan kondhang kang uga Ketua Dewan Pembina Yayasan Kebudayaan “Rancage” uga nglairake rasa prihatine, dene buku-buku sastra dhaerah (klebu majalahe). Anggone nerbitake ora profesional, sebab mung kesurung dening rasa tresna basa lan sastrane bae sarta dianggep ora nguntungake penerbit. Mula perlu ana trobosan kanggo mbangun penerbitan buku sastra dhaerah, kang antara liya kudu kang ditandangi luwih profesional amrih bisa narik lan payu. Upamane: saperangan disebarake liwat sekolahan-sekolahan.
Penerbit buku lan majalah dhaerah kang modhale racake mung pas-pasan, pancen ngadhepi tantangan abot ing era pers industri kaya samengko. Penerbitan buku lan majalah basa Jawa lan Sunda upamane, akeh sing kukut, mung kari siji-loro sing isih urip, awit padha kentekan modal lan durung bisa narik kawigatene wong-wong sugih dhuwit kanggo nanemake investasine. Nanging lucune, malah akeh para konglomerat sing luwih ketarik mbiyantu kegiatan olahraga, tinimbang kegiatan budaya lan sastra kang asipat rokhani.
Nanging sing gawe bombong atine Ajip Rosidi, ing kahanan kang kaya mengkene tetela isih ana sing isih setya nulis karya sastra Jawa lan Sunda, kamangka honore ora mingsra. Iki ateges bakat-bakat potensial ing sastra dhaerah, ora bisa ngrembaka klawan sawernaning tantangan kang ora entheng kasebut. Mula dheweke sakanca lumantar Yayasan Kebudayaan “Rancage”, rumangsa pinanggil kanggo aweh pengaji-pengaji marang sastrawan Sunda, Jawa lan Bali ing saben taun.
Cundhuk karo jenenge, Rancage kang ateges kreatif, diajab hadiah sastra kasebut bisa aweh pamecut marang para pengarang sastra Sunda, Jawa lan Bali amrih luwih kreatif saengga bisa nglairake karya sastra unggulan.
Miturut panemune Ajib Rosidi pengaran “Rara Mendut” lan “Bulan Madu” iki: kanggo nglestarekake lan mekarake basa & satra dhaerah, luwih prayoga yen dipasrahake marang masyarakat sing ndarbeni. Klebu para pengarang, mesthine. Awit nyatane pemerintah dhewe isih durung tanggap. Dadi kira ora tansah nggantungake marang pejabat sing kawogan. Jalaran yen pejabate wis ganti, durung karuwan sang pejabat mau uga darbe kawigaten marang budaya, basa lan sastra dhaerah. Dene pembinaan lan pengebangane, kareben diurusi dening Pusat Bahasa. Nanging nyatane kiprahe Pusat Bahasa isih winates. Sing akeh lagi nganakake panaliten basa lan sastra dhaerah, durung ana grengseng kanggo nganakake pembinaan lan pengembangan.

(Kapethik saking kalawarti Panjebar Semangat)

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wacan Deskripsi

Tanggap Wacana ing Pahargyan Warsa Enggal/Tahun Baru

NGRINGKES TEKS