Trima Lengser

Rapat dinas kang ngrembug bab penerimaan siswa baru 1(PSB) sing diadani aneng kantor dinas pendidikan wis kawi¬witan. Para kepala sekolah kang marak rowan padha manthuk-manthuk nampa dhawuh saka kepala dinas kang lagi
par¬ing sesorah. Pak Karmin sing ngasta ing SMA favorit ing kota kono katon nyathethi isine dhawuh. Bab-bab kang wigati tan¬sah dicatheti aja nganti ana kang kata¬lumpen.
"Bapak Ibu kepala sekolah, perlu tak¬tandhesake yen penerimaan siswa baru taun iki nggunakake azas adi/, transparan, lan terbuka. Azas adil tegese ora kena emban cindhe emban siladan. kabeh pen¬dhaftar sing syarat-syarate nyukuri kudu ditampa manut daya tampung sekolah. Suwalike pendhaftar kang ora nyukupi syarat mesthi ditolak ora mawas sapa wong tuwane, tingkat ekonomi wong tu¬wane, lan uga saka golongan ngendi. Sakteruse azas keterbukaan Ian transpa¬ransi perlu dicakne amrih seleksi siswa baru bisa dikontrol dening masyarakat lan LSM sing peduli donyaning pendhidhikan.”
Dhawuh saka kepala dinas iki dudu barang anyar tumrape para kepala sekolah. Saben taun utamane sakwise jaman, reformasi tumapak, azas-azas ideal kaya ngono kuwi terus was dikumandhangake dening para pangarsane praja nadyan. prakteke bisa wae beda. Pak Karmin kang, ngasta dadi kepala sekolah ana SMA kota wis bisa ngerteni kabeh azas kuwi. Mung¬guh anggone ngecakake sakbisa-bisa di trepake kanthi maksimal Ian sakjujur jujure.
Taun iki pendhaftar murid anyar ing SMA favorit panggonane Pak Karmin mbludak. Embuh amarga program K5 ga¬gal apa amarga kualitase pendidikan ing SMA kono sing saya becik. Kanyatan saka daya tampung rong atus patang puluh, pendhaftare ana limang atusan murid. Iki ateges bakal mbuwang separo Iuwih pendhaftar. Seleksi ketat bakal diadani. Ora mung nenimbang biji Iulusan SMP nanging uga manut asile tes seleksi ma¬suk sing wis diadani dening panitia PSB sawetara wektu kepungkur.
Rapat panitia PSB kanggo netepake murid-murid sing bakal ditampa ing SMA-ne Pak Karmin enggal diadani. Bspak ke¬pala sekolah mimpin lumakune rapat sa¬ka pendhaftar limang atus pitung puluh papat bakal diseleksi lan dipilih rong atus patang puluh murid. Pak Karmin bakal nindakake kabeh dhawuh saka dinas pen¬didikan kabupaten kanthi sakmesthine. Sakwise nenimbang biji Iulusan SMP lan biji tes seleksi masuk PSB kasil diteteoake bocah rong atus patang puluh dadi murid anyar ing sekolah kono. Dhaftar murid, biji lan asile tes seleksi wis ana astane Pak karmin.
"Kanthi nenimbang azas adil, transparan lan terbuka mula taktetepake bocah¬bocah kang syarat-syarate wis nyukup kaya kang kasebutake ing dhaftar tampa dadi murid anyar ing SMA kota ke¬ne," pangandikane Pak Karmin.
"Nanging nyuwun pangapunten Pak,! wonten satunggaling perkawis," ature Pak Mustajab sing kajibah dadi ketua panitia PSB nyelani atur.
Pak Karmin nampa interupsine Pali Mustajab. Pak Mustajab terus dikepareng. ake matur. Anggota panitia PSB liyane padha mirengake ature Pak Mustajab sing sajak wigati kuwi.
Kepareng kula matur Pak menawi standart seleksi dipuntrepaken saklugunipun pramila pendhaftar nomer 153 naminipun Azis Sudrakat kepeksa mboten saged dipuntampi dados murid lan ing sekolah mrikin” ature Pak Mustajab.
“Azis Sudrajat niku sinten Pak Mustajab?”
"Menika putranipun Pak Camat." "Putranipun Pak Camat?" wangsulane Pak Karmin rada cingak.
Pak Karmin mendel. Ana rasa kang nggubel ing penggalihe. Konflik batin campur ing jajane Pak Karmin sing jembar kuwi. Yen Azis ditampa tegese wis nglanggar azas keadilan; wong nyatane bocah sing jeneng Azis Sudrajat kuwi ora nyukupi syarat dadi murid aneng sekolah kono. Nanging yen ora ditampa mesthi bakal ana prahara amarga keputusan ku¬wi bakal nglarani penggalihe Pak Camat sakkeluwarga sing dadi panguwasa ing tlatah kono. Pak Karmin tetep mendel. Mung sakwise ngunjal nafas landhung, Pak Karmin lagi entuk kekuwatan. Panje¬nergane terus ngendika menehi keputus¬an.
"Nggujengi bebener niku raosipun ka¬dos nggegem mawa panas. Nanging kula sakdrema dados bawahan. Kual aturi priksa Pak Mustajab menawi PSB taun menika Pgg!nakaken azas adil. transpa¬ran Ian terbuka. Pramila keputusan me¬nika mboten saged dipun ganggu gugat. Tegesipun kanthi kepeksa putranipun bapak Camat tetep mboten saged dipun¬tampi dados siswa wonten sekolah mriki."
Akhire keputusan kuwi final. Bocah sing jenenge Azis Sudrajat sidane ora ditampa. Dina pengumuman penerimaan siswa baru wis teka. Kabeh pendhaftar, nampa amplop isi diuwang selembar. Isine surat iku ngenani keputusan ditam¬pa apa ora dadi siswa anyar ing sekolah kuwi. Ora wurung layang pengumuman kuwi tiba aneng astane Pak Camat sakluwarga. Ngerti yen putrane ora ditampa ana sekolah favorit kuwi, Pak Camat kepeksa melu campur tangan.
Esuk iku uga Pak Camat telpun me¬nyang sekolah. Telpun ditujokake lang¬sung marang Pak Karmin. Kebeneran Pak Karmin ora tindakan mula panjenengane dhewe sing nampa tilpun iku. Sakwise dijawab, Pak Camat enggal ngendi¬ka mungguh gatine nelpun.
"Pak Karmin, nuwun sewu aku njaluk tulung marang panjenengan. Cekak raos muridku titip anakku Azis supaya ditampa ana sekolah panjenengan. Mbokmenawa dudu perkara angel tumrap panjenengan ngloloske mung bocah siji.
"Nyuwun agenging pangaksami Pak Camat. Keputusan sampun kelajeng di¬pundamel. Menawi kedah dipunralat me¬napa mangke mboten dados masalah enggal."
"Wis borong panjenengan; borong kawicaksanan panjenengan. Pokoke aku manut. Mesthine panjenengan luwih, ngerti kahanane ing lapangan. Saiki nge¬ne Pak Karmin, apik-apikan wae panje¬nengan njaluk behungah apa kanggo mi¬nangkani panyuwunku mau."
“Sepindhah malih tadhah deduka Pak Camat kula ajrih. Kula ajrih kaliyan ukum lap bebener."
"Dhasar Saminl" pangandikane Pak Camat kasar karo nutup tilpune.
Pak Karmin rada kesenggol harga dhi¬ripe. Wong nggujengi aturan kok disebut-sebut wong samin. Ing kamangka wong samin kuwi rak pejuwang sing anti kolo¬nialisme?! Kareben wae. Rumangsane wong samin kuwi wong elek ing kamang¬ka durung mesthi para pejabat kaya Pak Camat kuwi duwe nasionalisme sing dhuwure kaya wongwong samin nalika semana.
Urusane nyata ora mandheg semono. Anggone Pak Karmin nolak ajakan kolusi cilik-cilikan saka Pak Camat dadi kedawa dawa. Ngibarate kaya emprit abuntut bedhug. Pak Camat rumangsa disepelekae. Sakatase guru kok wani nantang nguwasa. Apa ora kelakon kuwalat kaya jambu mete?! Ngono pangancame Pak Camat. Nyatane temenan. Pak Camat, lapor menyang dinas pendidikan, kabupaten, Masalah kuwi dadia gendaana nang dinas pendidikan kabupaten. Let telung dina ana panggilan kang ditujokke marang Pak Karmin supaya ngadhep kepala dinas pendhidhikan kabupaten kono.
Ana ngarsane kepala dinas Pak Kar¬min diwejang entek-entekan. Kepala Dinas dhewe sing menehi sesorah. Beja ora, arepa wong liya sing nyekseni 'breiting' kuwi dadi rasa isinne ditanggung dhewe. Nanging wong kaya Pak Karmin wus ora due rasa was sumelang babar blas, marga kang dilakoni nganggo Iandhesan.
"Pak .... Kula mboten mangertos kalepatan kula."
"Kaluputan panjenengan mung siji, yaiku panjenengan ora rumangsa luput!"
"Kula tambah bingung Pak."
"Anggone panjenengan nolak pamun¬dhute Pak Camat kuwi sing njalari gerah penggalihe Pak Camat. Kuwi kesalahan panjenengan.!"
"Kula namung ngugemi dhawuh pan¬jenengan nalika rapat PSB. Panjenengan dhawuh bilih PSB badhe ngetrapaken azas adil, transparan, lan terbuka."
"Kabeh kuwi isih normatif Pak. Trap¬trapane rak bisa digawe luwes. Mesthine rak ana istiiah kebijaksanaan?! Masaka panjenengan ora ngerti!"
"Sakniki kados pundi saenipun?"
"Wis awake dhewe kudu ngalah karo kersane panguwasa. Saiki aku njaluk pu¬trane Pak Camat kudu ditampa ana SMA Panjenengan."
"Menawi kedah dipuntampi lajeng menapa ginanipun wonten pranatan?"
"Cukup Pak Karmin. Aku emoh debat. Aku dudu ahli filsafat kaya panjenengan. Cekak aose panjenengan gelem ngralat keputusan kuwi apa ora?”
Nuwun sewu Pak. Kula niki tiyang alit. Nanging harga dhiri kula niki gumantung pengucap kula. yen keputusna kedah diralat kula mboten saged nanging yen Azis putranipun Pak Camat pengin sekolah wonten SMA favorit panggenan kula temtu kemawon saged kawujudan kanthi satunggaling bebana."
"Bebanane apa?"
"Panjenengan sekseni wiwit dinten punika kula trimah lengser. Kula trimah dados guru limrah dene jabaten kepala sekolah kula pasrahaken pihak pemkab, mangsa borong."
Mbeguguk ngutha waton pindha ra¬den Bimasena kang kagelan atine, Pak Karmin wis ora peduli maneh marang dukane kepala dinas pendidikan kabupaten kono. Panjenengane trima masrahake ja¬batan kepala sekolah kang wis dilakoni sawetara wektu. Tumrape Pak Karmin jabatan kuwi amanah kang bakal dijaluk (tanggung jawabe ing donya Ian akhirat, lan ora suwe SK pelengseran engga, sing dianti-anti Pak Karmin kelakon diterbitake dene Azis Sudrajat putrane Pak Camat kuwi, kelakon ditampa dadi murid ing sekolah favorit kono.
Wadaslintang, 23 Juli 2004

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wacan Deskripsi

Tanggap Wacana ing Pahargyan Warsa Enggal/Tahun Baru

NGRINGKES TEKS