SRENGENGE ISIH KAYA WINGI

Srengenge neng dhuwur mbun-bunan. Panase sumelet nrajang dalan-dalan. Bledug kumebul bareng karo plastik¬plastik sing kecer saka tong sampah mu¬ser-muser keterak angin. Bakul dhawet kuwi mikul angkringe ngener aspal dalan, ora maelu panase srengenge. Sedhela¬-sedhela tangane srikutan ngelapi kringet nganggo andhuk cilik sing disampirake neng gulu. Mlakune rikat.
Kaya adat saben, tekan pojokan pasar dheweke mandheg. Angkringe diselehna neng ngisor wit ringin. Ing kana wong¬wong wis dha ngenteni. Pancen seger, panas-panas ngombe dhawet neng ngi¬sor wit ringin sing adhem. Wong-wong kuwi enggal bae rebutan njaluk didoli dhawet. Wong-wong sing saben diva Sa¬ba pasar. Ana bakul, ana tukang becak Ian liya-Iiyane.
"Lha iki Kang Karjo!"
Bakul dhawet sing jenenge Kang Kar¬jo kuwi noleh. Neng mburine, Supardi sing gaweyane ider plastik kresek kuwi ngadeg karo nyekeli koran.
"Delengen koran iki! Isa maca ra? Iki rak gambarmu, Kang?"
Kang Karjo mandheg olehe asah-asah gelas. Tangane dilapi andhuk, banjur nde leng koran sing digawa Supardi. Wong¬wong liyane padha melu ngrubung.
"Wah iya! Kuwi rak Kang Karjo. Wah hebat temen )(owe, Kang? Isa mlebu koran barang!"
"Kene takwacakna! Dha rungakna!" Supardi wiwit maca koran kuwi. Kabeh dha ngrungokna. Ana sing nyambi ngom¬be dhawet. Wong-wong pasar sing dha pating sliwer, ora dipaelu. Urusane dhe¬we-dhewe.
Pancen. Wingi awan ana kampanye saka Partai Jagung. Pak Bejo, caleg partai politik sing akeh pendhukunge kuwi sing dadi juru kampanye Partai Jagung. Sawi¬se rampung anggone orasi, Pak Bejo mu¬dhun saka panggng mlaku tumuju mo¬bile, dikawal satgas nganggo klambi lo¬reng-loreng meh kaya tentara. Ing te¬ngahe dalan sadurunge tekan mobil, Pak Bejo mandheg pas neng ngarepe Kang Karjo sing nalika kuwi lagi mrema neng lapangan panggonan kampanye. Pak Bejo njaluk didoli dhawet sak gelas.
Wong-wong padha ngguyu. Eram, dene ana wong gedhe gelem ngombe dhawet saka bakul pinggir dalan. Mbarengi karo Pak Bejo nampani dhawet sa¬ka tangane Kang Karjo, ana wartawan sing njepret nganggo tustele, dipacak neng koran diva iki. Ing warta koran sing diwacakna Supardi uga dicethakna janji¬ne Partai Jagung. Suk yen sida menang pemilu, mesti bakal ngupayakna kesejah¬teraane wong cilik. Mula Pak Bejo pesen supaya kabeh dha nyoblos Partai Jagung, awit miturut Pak Bejo ya mung Partai Ja¬gung sing paling perduli karo nasibe rakyat.
"Sajake Partai Jagung bakal menang coblosan taun iki ya, Kang?" Kandhane Yu Tun bakul daging, karo njaluk imbuh dhawet maneh.
"Ya mbuh Yu. Sing menang sapa-sapa ya ben. Sing penting rega-rega murah, awake dhewe isa dodol, entuk bati, entuk duwit, supaya kendhile ora nggoling. Be¬ner gak Kang?" Supardi nglempit korane. Kang Karjo mung mesam-mesem.
"Wit mau kok mung mesam-mesem was ta, Kang?"
"Lha wis piye. Wong Partai Jagung menang aku ya tetep dodo! dhawet, ka-lahya-tetep dadi bakul dhawet. Aku mo¬no gak ngaya kok Di. Apa maneh sampek direwangi panas-panas dhedhe karo nggawa gendera, surak-surak ngana kae pa ra kesel? Ning malah beneran dhing. Wong mengko nek dha ngelak ya mesti tuku dhawet," Kang Karjo nyengenges.
"Lha yen kae entuk sangu, Kang."
"Iya, Kang. Adhiku wingi ya dikon melu kampanye, diwenehi kaos gratis, disangoni kon nggo tuku bensin, isih di¬wenehi mangan sisan."
"Wah, yen aku emoh. Milih Ian nyo¬blos partai kuwi rak hakku dhewe ta? Mo¬sok nganggo dibayar barang. Kuwi rak ora bener?" Kamto, satpam pasar sing kebeneran liwat melu-melu urun rembug.
"Yen aku geese as. Tak tamp'ani duwite, tak pangan segane, tak enggo kaose. Lha perkara nyoblos, rak sakarep¬ku dhewe ta? Wong neng njero kombong ya ora ana sing weruh endi sing tak co¬blos," Supardi nyauri. Sing liyane padha ngguyu. Karnto mesam-mesem.
Srengenge saya mingser ngulon. Wong-wong pasar wis padha mulih mba¬ka siji. Bakul-bakul padha ngukuti da¬gangane. Semono uga Kang Karjo. Ang¬kring dipikul krasa entheng, tandhane dagangane entek. Kari ngetung pira ba¬thine. Wis genah mengko bojone bakal seneng bisa blanja nggo sesuk esuk. Anake sing mbarep bakal nuduhake kartu SPP sing wis ditandhatangani petugas TU nganti tekan sasi iki. Lan adhine uga melu seneng merga bakal entuk tas anyar.
Mung kuwi sing ana ing angen¬angene Kang Karjo, bisa urip tentrem nyukupi keperluwane anak bojone. Mula dheweke wis ora patiya nggagas berita koran diva kuwi. Berita sing aria gambare dheweke, dipotret wartawan bareng karo wong penting, caleg Partai Jagung. Kuwi kabeh ora patiya penting kanggone Kang Karjo. Butuhe Kang Karjo nalika ana kam¬panye Partai Jagung wingi, ya mung arep dodolan dhawet wae. Nyepaki wong¬wong sing dha mbengokke yel-yel, sing dha kepanasen neng lapangan, sing dha ngelak lan kepengin ngombe dhawet.
Nanging meksa wae sanajan mung arep dodolan dhawet, sithik akeh Kang Karjo uga krungu apa sing diomongna Pak Bejo neng panggung nalika kampanye. Ora beda karo partai-partai liyane sing rtganak¬na kampanye, janji-janjine nuwuhake peng arep-arep marang wong-wong cilik kaya dene Kang Karjo. Mula apa sing dirungok¬na kuwi uga nggawa angin pengarep-arep neng atine Kang Karjo.
Bakal anane kemajuwan ekonomi, uripe wong cilik sing bakal oleh kawigaten saka pemerintah, rega-rega bakal bisa "dijang¬kau"masyarakat, sekolah bakal mura mba-yare. Sak ora-orane bakal ana perubahan mbuh sithik, mbuh akeh. Kaya ngono peng-arep-arep wong-wong kaya Kang Karjo. Pengarep-arep kuwi terus ngrembaka ing atine Kang Karjo, mula nyambutgawene saya sumringah, awit bakal anane kahanan sing luwih becik kanggone wong-wong cilik. Sapa ngerti.
Awan kuwi, kaya saben dinane Kang Karjo mlaku rikat mikul angkring. Sedhe-la-sedhela tangane ngelapi kringet ngang¬go andhuk cilik. Meh nyedhaki prapatan tumuju pasar, dumadakan ana swara sirine kaya sirine ambulan saka mburine. Kang Karjo ora pati maelu. Paling-paling ambulan saka rumah sakit, mengkono batine Kang Karjo. Mula dheweke tetep nerusake lakune menyang pasar.
Nanging sing liwat jebul arak-arakan kendharaan. Ngarep dhewe pit montore pak polisi sing gedhe kae. Ana loro mlaku kiwa Ian tengen dalan. Sirine sing muni kuwi ya sirine saka montore pak pulisi. Neng mburine ana kendaraan rodha papat werna ireng, ditututi mobil-mobil liyane. Kang Karjo kaget, meh was dheweke kejlu-ngup diterak gruduge rombongan kuwi, menawa ora enggal-enggal minggir. Ang-kringe diselehake. Malah ana santen sing wutah barang.
Kang Karjo ngelus-elus dhadhane. Isih begja dagangane ora ketumpleg. Dheweke namatke rombongan mau nganti ilang saka pandeleng. Isih kober weruh yen neng nje¬ro mobil ireng sing ngarep dhewe mau je¬bul Pak Bejo caleg Partai Jagung sing mbiyen nate ngombe dhawete, sing nate janji bakal luwi wigati marang wong cilik. Cedhak karo panggonane Kang Karjo ngadeg, ana cagak tilpun sing ndhuwure dinggo naleni span¬dhuk ana tulisane 'Se/amat atas di/antiknya Pak Bejo sebagai ketua DPRD."
Srengenge isih kaya wingi. Panas sume¬let nrajang dalan-dalan. Pak Bejo nerusake laku mikul angkringe, dodol dhawet neng ngisor wit ringin mburi pasar. Neng kana wissarraSupardi sing dodol plastik kresek pak-pakan mubeng nawani bakul-bakul. Yu Tun sing uga isih ngungkal peso ngirisi ga¬jih. Lan Kamto satpam pasar, sing ngunci regol pasar nalika srengenge wis manglung mengulon.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wacan Deskripsi

Tanggap Wacana ing Pahargyan Warsa Enggal/Tahun Baru

NGRINGKES TEKS