Rama Badhe Kajumenengaken Nata

Wonten nagari namanipun Kosala. Kadhatoning rata amapan ing kitha Ayodya. Ingkang jumeneng nata asmanipun Dasarata. Nagari Kosala punika subur makmur, tats tentrem. Para kawula sami sager saras, kacekapan gesangipun. Sang Prabu Dasarata punika raja ingkang sugih. Ewadene panggalihipun boten tentrem. Punapa sababipun? Sabab panjenenganipun sampuh sepuh, nanging dereng. kagungan putra. Lajeng sinten benjing ingkang gumantos dados raja manawi penjenenganipun seda?
Sampun wongsal-wangsul dipunwonteni upacara mawi sesaji, nyuwun dhumateng Ingkang Aparing Gesang supados raja kagungan putra. Nanging dereng pinaringan.
Raja paring dhawuh dhateng para pandhita tuwin para punggawaning kraton, ngawontenaken upacara malih mawi sesaji ingkang langkung jangkep saha ingkang langkung kathah tinimbang ingkang sampun-sampun, nyuwun dhumateng Ingkang Akarya Gesang supados sang nata pinaringan kanugrahan putra.
Panyuwunipun kasembadan. Garwa tetiga lajeng sami nggarbini. Dumugi titi wancinipun para garwa sami babaran. Putranipun kakung sadaya. Dewi Kosalya peputra Rama. Dewi Kekeyi peputra Barata. Dena Dewi Sumitra putranipun kembar, inggih punika Lesmana tuwin Satrugna.
Kacariyos Rama punika sajatosipun dewa. Asmanipun Wisnu. Panjenenganipun manjanma, tumurun saking kayangan dhateng donya. Punika awit saking panyuwunipun para dewa sanesipun, jalaran para dewa punika sami boten tentrem, dipunganggu damel dening nata Alengka, ajejuluk Dasamuka utawi Rawana.
Putra sakawan punika pinaringan panggulawenthuh ing babagan maneka warni. Kawruh saha kapinteranipun perang ngedab-edabi. Langkung-langkung Rama tuwin Lesmana. Sadherek kekalih punka raket rukun, prasasat boten nate pisah. Para pandhita asring sami nyuwun tulung dhumateng Rama tuwin Lesmana, numpes wadya raseksa ingkang sumedya ngrisak patapan. Wadya raseksa kathah ingkang sami pejah, kawon dening Rama saha Lesmana. Ingkang boten pejah sami bibar mawut lumajeng ngupados wilujeng piyambak-piyambak. Temtu kemawon, ingkang sami pikantuk pitulungan remen sanget saha sami ngaturaken gunging panuwun. Ugi sami ngaturaken tandha panarimah awujud dedamel ingkang ampuh-ampuh.
Rama tuwin Lesmana saweg lelana, ngumbara dhateng ing pundi-pundi. Njajah dhusun nasak wana dumugi nagari sanes. Nalika samanten nglangkungi Nagari Widheha utawi Mantili. Ingkang dados raja ing ngriku asma Janaka. Kaleresan nagari Mantili ngawon¬tenaken sayembara: sok sintena ingkang saged menthang gendhewa pusaka kraton, badhe kapundhut mantu, pikantuk putranipun putri inggih punika Sita.
Kathah putra raja saking nagari-nagari sanes sami tumut sayembara. Sarni nyobi menthang gendhewa. Sami ngetog karosanipun piyambak. Nanging sami boten kasil. Punapa malih menthang, njunjung kemawon sami boten kiyat. Dumugi giliranipun Rama. Gendhewa dipuncepeng, dipunjunjung alon-alon, tuwin kapenthang kanthi gampil kemawon. Sakala gendhewa tugel tengah, swantenipun gumludhug kados mbudhegaken ingkang sami mireng.
Ingkang sami ningali gumun kagawokan.
Bagus Rama pikantuk Ayu Sita. Upacara wiwaha mawi pahargyan semuwa. Dangunipun ngantos pinten-pinten dinten. Prabu Dasarata ugi kepareng ngrawuhi pahargyan punka. Sasampunipun pahargyan purna, panganten kekalih tumunten kaboyong saking Nagari Widheha dhateng Nagari Kosala. Ing Nagari Kosala panganten kekalih inggih dipunsuba-suba mawi pahargyan mawarni-warni.
Kacariyos - Prabu Dasarata sampun sepuh sanget. Panjenenganipun kagungan kersa euggal-enggal lereh keprabon. Karaos bilih sedanipun sampun nyelaki. Rama ginadhang-gadhang nggentosi jumeneng nata. Nagari Kosala sampun cecawis ngawontenaken upacara jumenengan dalah pahargyanipun. Para punggawaning nagari, para kawula sami sengkut anggenipun tata-tata, manahipun sami gembira, awit pancen mila tresna dhateng calon rajanipun punika. Dhasar Rama punika sugih kawibawan, sugih kapinteran kaprigelan, pantes dipunsuyudi saha dipuntulad dening. tetiyang ing Kosala. Babar pisan boten wonten ingkang gadhah pangangen-angen bilih jumenengan punika badhe gagal. De-rvi Kekeyi damel ontran-ontran, damel gegering tiyang sanagari. Kados pundi kadadosanipun? Sumangga, sami maos cariyos salajengipun.
Katrangan :
1. jumeneng nata = dados raja
2. kawula = rakyat; tiyang kathah
3. panggalihipun = manahipun; atine
4. gumantos = nggentosi; nggenteni
5. sesaji sajen; saosan
6. dhawuh = paken; prentah
7. punggawa = pegawe; karyawan
8. kanugrahan = nugraha; ganjaran
9. kasembadan = kaleksanan; kalampahan; kadumugen
10. garwa = sisihan; bojo; semah
nggarbini = mbobot; ngandheg; meteng
11. reja = rame; ngremenaken
12. gumaredeg = gumarudug; gredegan; grudugan; dhateng sareng kathah
13. siyaga = tata-tata, sadhiya; cecawis; rumaitos; rumanti; rumantya; samekta.
14. busana = ageman; pangangge; panganggo; sandhangan
15. kanarendran = kanarendraan = kanataan = kaprabuan karajaan = kaprabon = cara raja
16. reja = rame; ngremenaken
17. gumaredeg = gumarudug; gredegan; grudugan; dhateng sareng kathah
18. siyaga = tata-tata, sadhiya; cecawis; rumaitos; rumanti; rumantya; samekta.
19. busana = ageman; pangangge; panganggo; sandhangan
20. kanarendran = kanarendraan = kanataan = kaprabuan karajaan = kaprabon = cara raja
21. ing ngarsanipun = ing ngajengipun; ing ngarepe
22. muwun = nangis
23. ngandharaken = njlentrehaken; nyariyosaken
24. teteg = Wag; kendel; boten ewah
25. rila = tulus; eklas
26. esthi = tujuan
27. murih = amrih; supados
28. rinujit = dipunrujit; dipunjuwing; dipunsuwek
29. gembleng = golong gilig; nyawiji
30. dipunprayogekaken = dipunpurih amrih prayogi utawi saenipun
31. pules = angler; kepati
32. wangsulan = walesan; balesan
33. lukar = cucul; ucul
34. ngrasuk = ngagem; ngangge; nganggo
35. klika = kulit kayu; klokopan kayu
36. mratelakaken = nerangaken
37. bekti = tresna
38. nggrubyug = tumut nyarengi tiyang kathah
39. nalangsa = nggetuni lelampahanipun ingkang sampun; rumaos apes
40. pambayun = pambajeng,; pambarep
41. idi = palilah; idin
42. pusara = tali; pangiket; pangreh
43. darma = kawajiban
44. kaprabon = kaprabuan; karajan; kanarendran; kraton; karatuan; krajan
45. raharja = makmur, karts.
46. minangkani = -maringaken
47. manggala = pangarsa; panggedhe; pangarep; pemimpin

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wacan Deskripsi

Tanggap Wacana ing Pahargyan Warsa Enggal/Tahun Baru

NGRINGKES TEKS