Ngleluri Budaya Ngrujid Kembar Mayang

Adat Jawa nalika ana palakrama (mantenan), mesthi digawekake kembar mayang, alesane minangka bukti yen priya (kakung) lan wanita minangka pasangan suami istri kang sah. Kajaba iku, nalika wis nindakake upacara kembar mayang, mula pasangan suami istri kasebut “mekar”. Mekar kang dimaksud, yaiku ngemu teges kang ana sesambungane karo duniawi. “Pasangan” kasebut bisa mekar utawa amber rejekine lan anake. Kanthi mangkono bisa urip kanthi bagya.
Kembar mayang duweni pitutur urip, sing nggawe kembar mayang banjur ora sembarang wong. Lan kudu nindakake maneka persyaratan. Ing antarane sesaji luwih dhisik kanthi adus kembang. Ora mung iku, sing nggawe kembar mayang uga kudu nganakake slametan. Tujuane supaya prosesi adicara temantenan lumaku lancar. Mula saka iku, sing nggawe kembar mayang yuswane becike sandhuwure 50 taun, ngono wae kudu duwe bojo.
(Kapethik saka Panyebar Semangat, 2007 : 40)

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wacan Deskripsi

Tanggap Wacana ing Pahargyan Warsa Enggal/Tahun Baru

RESI BISMA GUGUR