Gendera

Crita iki dakalami telung taun kepungkur nalika aku isih SMP. Dina iku Pak Agus minangka Pembina OSIS maringi dhawuh supaya sesuk dina senen para siswa padha teka gasik nganggo seragam lengkap sarta aja nganti lali nggawa gendera abang – putih amerga dina senen iku arep ana Kunjungan Presiden lan sekolahku kadhawuhan nyambat ing pinggir dalan, Pak Agus ngendikan sapa sing ora nggawa, bakal entuk ukuman.
Nganti tekan dina setu kanca-kanca padha bingung amerga durung entuk gendera amerga ing toko-toko sing cedhak wis padha entek dituku kelas-kelas liya lan sekolah-sekolah liya.
Tekan omah aku dadi mikir, mesakake kanca-kancaku yen nganti ora entuk gendera mesthi bakal diukum Pak Agus. Aku banjur kepikiran yen kabeh bakal dak gawekke saka kertas krep. Aku banjur tuku kertas krep warna abang lan putih. Minggu iku aku ora lunga-lunga mung jinggleng gawe gendera abang putih. Untung wae kangmasku sayang banget yen karo aku, aku direwangi nganti rampung.
Esukke aku mangkat sekolah karo rasa bungah tanpa kira, aku mikir mesthi kanca-kancaku padha seneng. Nanging apa kang kedadeyan, tekan sekolah kanca-kancaku wis padha nggawa gendera, jebul ora sangertiku kanca-kanca padha urunan lan ngakon Oki kancaku tuku gendera ing pasar Johar. Kuciwa banget atiku, nanging kabeh rasa dak pupus sing penting kanca-kancaku ora sida diukum Pak Agus.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wacan Deskripsi

Tanggap Wacana ing Pahargyan Warsa Enggal/Tahun Baru

NGRINGKES TEKS