Tes Calon Setetaris

Kanggo ngisi personalia sing lowong, durung suwe iki saweneh BUMN ngadani seleksi penerima¬an karyawan anyar. Salah sawijine posisi sing diincer para penglamar yaiku bagian sekretaris.0ra susah dicritakake mesthine wis padha ngerti yen kalungguhan dadi sekre¬taris, apa maneh ing BUMN sing gedhe kaya kalodhangan iki, klebu pagaweyan sing ber¬gengsi. Ora mokal lamun akeh sing padha pengin rebutan posisi kuwi.
Lagi kliwat sedina pasang iklan ana koran, wis teka puluhan surat lamaran. Nonton gla¬gat sing kaya ngono kuwi direktur dhawuh supaya nyetop pasang iklan. Cukup rang diva wae. Lan nyatane seminggu sabubare pasang iklan, bagian HRD (Human and Resource De¬partment) wis kebanjiran surat lamaran ana yen pitung puluhan cacahe khusus kanggo formasi sekretaris, durung posisi liyane.
Saka para penglamar kang mlebu rata-rata sarjana ekonomi uga ahli madya saka ibukota. Upamane disandhangi blazer abang, rok sandhuwure dhengkul punjul sekilan ngana kae, kelakon gawe semlenger sing ndulu. "Saora-orane bisa ngogak-ogak kalamenjing," komentare Dul Kemin, sat¬pam BUMN iki nalika diajak rerasan dening panitia se-leksi.
Ngepasi dina kang wis ditemtokake enggal diadani tes. Tes kapisan kawiwitan kanthi tes tulis materine pengetahuan umum, Tes Potensi Akademik (TPA) Ian pengetahuan kesekretariatan. Para peng¬lamar wis padha mlumpuk ing saweneh ruang seleksi, bakal melu tes tertulis kanggo ngukur kemampuan teoritis.
Sawise rampung enggal dikoreksi. Eloke ana penglamar Toro sing asile tes tulis kembar. Kang sepisan jeneng Arba¬niyah dene kang angka loro jeneng Yolan¬da Merdekawati. Pak Bandi Sukijo, ketua panitia seleksi enggal matur marang Pak Dulkirom, Direktur BUMN iku.
"Bos, asile tes nuduhake ana penglamar loro sing bijine jan padha plek," ature Pak Kijo kanthi ngoko amarga banget kulinane.
"Well, terusna tekan psikotes. Aku mung butuh sekretaris siji thok thil. Final test mung wong loro kuwi. Penglamar liyane dianggep gugur!"dhawuhe Bos kanthi manteb.
"Siap boss!"
Saka panglamar pitung puluhan kuwi akhire pancen mung wong loro sing entuk kalodhangan melu psikotes. Iki mesthi wae kesempatan emas kanggo kekarone. Kalodhangan kaya ngene iki klebu langka. Kabeh wis nyadhari jaman saiki yen arep golek gaweyan angele setengah mati pra¬sasat kaya nggoleki dom sing ilang aneng njero damen ing wayah bengi.
Cewek loro kuwi wis nampa surat pang¬gilan psikotes. Kekaroneteka ing bagian HRD saperlu melu psikotes, sepasar sawise nampa surat panggilan. Kanthi dhadha dheg-dhegan kekarone padha ngranti kaya ngapa wujude psikotes. Sing entuk panggilan mlebu dhisik yaiku Arbaniyah. Asing disebut Arbi ngono wae. Bocahe ayu katon lantip, pakulitane ku¬ning nemu giring rambute lurus diore sak¬gulu. Ana andheng-andheng sangisore lam-be. Manis banget eseme. Mlebu kanthi lang¬kah manteb sandhangane rapet Ian katon prasaja.
Sawise ditakoni werna-werna bab identitas Ian sapanunggalane nganggo
"Mbak, coba jawaben pitakonku sing sepele iki, loro ping loro pira?" pitakone Pak Kijo minangka anggota penguji.
Krungu pitakonan iki mesthi wae Arbi mesem. Ing atase sarjana kok ditakoni kaya bocah SD kelas Ioro wae. Dheweke ora enggal njawab mung mesem diampet.
"Serius, Mbak. Coba wangsulana loro ping Ioro ana pira?" Pak Kijo takon sepisan maneh.
"Genah papat ta, Pak", wangsulane Arbi isih karo mesem.
"Ora ana wangsulan Iiya?"
"Wiwit jamane mbahku loro ping Ioro ya genah papat. Titik!" wangsulane Arbi isih karo mesem.
"Cukup Mbak. Psikotes wis rampung. Sliramu kena muih. Tunggu seminggu sa¬wise psikotes iki bakal ana pengumuman Iiwat pos!"
"Matur nuwun, Pak"
Giliran kang kapindho Yolanda Merde¬kawati miebu ruang psikotes. Beda karo Arbaniyah, Yolanda iki bocahe putih mu¬lus, dedege lencir, rambute pendhek po-tongan Demi Moore. Mlebu wis wani nganggo rok mini. Penampilane wis trep kaya sekretaris profesional.
Lan kaya kang kapisan dheweke kudu njawab pirang-pirang pitakonan awal nganggo bahasa Inggris. Dene sing dadi gonge pitakonan yaiku pitakonane Pak Kijo. Pitakonan sepele sing nemtokake lulus lan orane psikotes kuwi.
"Sing pungkasan, Mbak, jawaben pitakonku, pira gunggunge loro ping loro?" "Loro ping loro Pak?"
"Iya"
"Aku manut wae. Pak Direktur mengkone ngersakne gunggunge pira. Yen pak Direktur negrsakne papat jawabe bisa papat. Nanging yen ngersakne patlikur utawa patang puluh aku ya mathuk-mathuk wae"
"Kok bisa?"
"Sekretaris rak mung pelaksana ta, Pak!?"
"Cukup, Mbak," jawabe Pak Kijo karo gedheg-gedheg.
"Matur nuwun Iho Pak!"
Yolanda uga terus dikon metu saka ruang psikotes. Hasil psikotes iki nyatane wis direkam Ian bakal ditintingi langsung dening Pak Direktur dhewe. Ing ruang Direktur, rekaman wawancara enggal kasan bab Ioro ping Ioro pira, Pak Direktur katon mesem. Ing batin panjenengane ngendikan ijen, "Iki sekretaris sing takgo¬leki. Iya cewek sing kaya ngene iki sing bisa diajak kerjasama nggrogoti dhuwit negara. Pak Direktur man¬thuk-manthuk Ian enggal wae mutusake.
"Jo . . . Kijo, aku wis bisa mutusake endi sing ditampa"
"Sing endi boss? Yen Arbi aku percaya bakal dadi sekretaris sing pasaja, lugu, jujur la bisa dipercaya dene yen Yolanda embuh aku ora bisa ngandhakake!"
"Sing takgoleki kuwi dudu wong jujur. Iki rak BUMN ta? Ora perlu jujur jujur merga wong jujur adate malah kojur. Karebene wae BUMN bangkrut, sing rugi
Yolanda!"
"Ha . . .?" Pak Kijo ngowoh krungu keputusane Sang Direktur.
"Ora susah nggumun, Jo! Mengko kowe bakal melu entuk cipratan. Sedhela maneh arep ana proyek gedhe":
"Lha kejaba yen kaya ngono kuwi Boss!" "Dhasar Durmagati!"
Kekarone terus padha salaman. Pak Kijo kanthi renaning wardaya enggal gawe surat panggilan mesthine kanggo Yolanda Merdekawati sing ora suwe maneh bakal sinengkakake ngaluhur dadi sekretaris BUMN sing dipimpin dneign Pak Dulkirom. Sokur-sokur, pangajake Sang Direktur, bisa munggah maneh drajate dadi 'sekretaris luar dalam'. *

(Kapethik saking kalawarti Panjebar Semangat)

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wacan Deskripsi

Tanggap Wacana ing Pahargyan Warsa Enggal/Tahun Baru

RESI BISMA GUGUR