Pentas Seni Pahargyan 17 Agustus

Nuwun, para sesepuh, para pinisepuh dhusun Karangrejo. Para warga mudha - mudhi ingkang karoban ing raos bagya.
Para rawuh sedaya sumangga ngaturaken puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti, dene kita sedaya tasih kaparingan kalodhangan makempal wonten ing wedal menika kanthi wilujeng tanpa alangan satunggal menapa.
Kula minangka ketua panitya pangetan pahargyan dinten kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 65 Tanggal 17 Agustus tahun 2010 keparenga badhe matur wonten ngarsanipun panjenengan sedaya.
Ingkang sepisan, raos syukur konjuk ing ngarsaning Gusti ugi awit bangsa Indonesia sampun kaluberan berkah saha sih kanugrahanipun, awit kita sedaya saged nindakaken pahargyan pangetan Kamardikan kita ingkang kaping 65 tanggal 17 Agustus tahun 2010
Salajengipun kula ngaturaken panuwun dhumateng Bapak saha Ibu warga Kampung / Dhusun Karangrejo Ing mriki, awit panjenengan sadaya sampun kersa paring pisumbang awujud punapa kemawon, penggalihan, dana, tenga, ingkang sadaya menika saged damel regeng saha rancagipun acara pentas seni pahargyan pengeran dinten Kamardikan negari kita ing dalu menika.
Boten kasupen, atur panuwun tumuju dhumateng para putra-putri taruna mudha-mudhi ing Kampung / Dhusun Karangrejo Mriki, ingkang sampun kanthi rile legawaning manah, saiteg saeka kapti, makarya sesarengan saengga saged mujudaken acara pentas seni.
Ing wekdal menika kula gadhah pengajab, sumangga para ibu sami sesarengan nindakaken kuwajiban kanthi sae paring semangat dhateng para putra amrih saged nggayuh pepenginan ingkang luhur. Menawi saben kulawarga sae masyarakat nagari ugi dados sae.
Menika ingkang saged kula aturaken manawi wonten tetembungan ingkang kirang nuju prana saha solah bawa ingkang kirang trep kula nyuwun pangapunten Matur nuwun.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wacan Deskripsi

Tanggap Wacana ing Pahargyan Warsa Enggal/Tahun Baru

RESI BISMA GUGUR