Atur pambagya saking kulawarga

Nuwun, panjengnengipun para sesepuh ingkang. Bapak-bapak ibu-ibu rombongan saking kulawarga kadang besan ingkang kinumartan saha para rawuh kakung miwah putri ingkang minulya.
Mugi Gusti tansah paring karaharjan, ketentreman saha kawilujengan dhumateng kula panjenengan sedaya.
Kepareng sumela atur nggempil kamardikan panjenengan sekaliyan, kula minangka sesulihipun bapak/Ibu Siswadi sakulawarga, ngaturaken sugeng rawuh dhumateng panjenengan sedaya.
Muji syukur konjuk dhumateng Gusti ingkang Maha Asih dene sampun lumampah Bapak Ibu Siswadi angenipun kagungan kersa ndhaupaken putra-putrinipun ingkang nama Bagus Taufik Agung kaliyan Rara Ervin Indah rikala dinten Setu surya kaping 7 Juli 2008 wanci tabuh 18.30 wonten ing Gedung Badan Diklat Prov. Jateng Semarang kanthi wilujeng mboten kirang satunggal punapa.
Dhumateng para rawuh sedaya, mugi kersa paring donga pangestu dhumateng temanten kekalih, saengga tansah pinayungan rahmat saha barokahipun Gusti . Temanten tansah raharja, bagya mulya Ian antut runtut dumugi kaken ninen. Mboten kesupen mugi¬mugi enggal dipunparingi momongan ingkang bekti dhumateng rama-ibunipun, agami, bangsa tuwin negari. Amin.
Para rawuhingkang minulya, mboten kesupen Bapak ibu Siswadi sakulawarga aturaken agunging panuwun awit sumbangsih saha pambiyantu panjenengan sedaya. Ingkang awujud punapa kemawon saengga Bapak Siswadi sekaliyan saged ngawontenaken pahargyaning wekdal punika. Mugi-mugi sedaya amal kesaena panjenengan sedaya pikantuk piwales saking Gusti Ingkang Maha Agung.
Ing wasana, Bapak/ Ibu Siswadi Sekaliyan ngaturaken pangapunten, menawi anggenipun nampi rawuhipun panjenengan sedaya, nyawisaken papan tuwin palenggahan Ian anggenipun caos pasugatan mboten ndadosaken renaning penggalih.
Minangka panutuping atur, saking kula piyambak manawi kathah cicir cewet atur saha kirang trapsila anggenipun matur, kula nyuwun pangapunten. Matur nuwun

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wacan Deskripsi

Tanggap Wacana ing Pahargyan Warsa Enggal/Tahun Baru

NGRINGKES TEKS