Tatacara Panggih/Temon Adat Kejawen








Tatacara panggih/ temon adap kejawen urut-urutanipun inggih punika (1) gantalan, (2) Ngidak Wiji Adi, (3) Mijil Suku, (4) Pupukan Toya Sekar Setaman, (5) Singepan Sinudur, (6) Bobot Timbang, (7) Ngombe/Nginum Rujak Degan, (8) Kacar-Kucur, (9) Dulang-dulangan, (10) Sungkeman.
Tumrap keratin Surakarta utawi Sala, kinanipun, pasrah-panampi panganten priya punika boten wonten.Menawi sampun sami celakipun, panganten sami ambalang gantalan. Pambalangipun panganten priya dhateng panganten putri kaangkah kapeneraken ing dhadha, punika werdinipun angener dhateng jantungipun estri. Anelakaken sihipun priya dhateng ingkang kaemong. Mila gantaling panganten priya winastan gondhang asih-gondhang tutur (gantal ingkang cinepeng penganten priya winastan gondhang tutur, dene gantal ingkang cinepeng panganten estri sinebat gondhang asih).
Sasampunipun sami mbalangaken gantal, panganten priya lajeng ngidak tigan ayam ngantos pecah. Punika werdinipun sageda ingkang dhaup anggadhahi turun. Kalimrah ugi dipunwastani “Ngidak Wiji Adi/ ngidak Wiji Dadi”.
Sukunipun panganten priya dipun wijiki panganten putri, punika minangka pratela bektinipun estri dhateng priya, dipunwastani “Mijil Suku”
Pupukan Toya Sekar Setaman, punika putri lajeng anyarati panganten putrid mawi cara tanganipun penganten putri kacelupaken ing toya sekar setaman kapupukaken ing githokipun penganten kalih-kalihipun. Punika minangka pracihna pitepanganipun penganten priya lan wanita ingkang sineksen dening Dewaning warih: Hyang Baruna(Kajawen) utawi Nabi Kilir (agami Islam).
Sinengepan Sinudur, panganten kajejeraken majenipun tumuju patanen, priya wonten tengen, putri wonten kiwa. Biyungipun panganten putri anggandheng panganten kekalih mawi sindur kasingepan ing pundhakipun, terus kaboyong dhateng patanen.
Bobot Timbang, saderengipun penganten linggih jejer wonten sangajengipun patanen, Bapa ngrumiyini linggih (lenggah)satengahing petanen perlu nindakaken tatacara Bobot Timbang. Tumindakipun, penganten priya nempel linggih ing dhengkulipun pupu tengen bapa, penganten putri ing dhengkulipun kiwa. Biyung linggih (lenggah). Sangajengipun sarwi pitaken (matur) “Abot endi bapake?” dipun wangsuli “Padha bae”. Punika tegesipun boten wonten bedanipun ing antawisipun anak piyambak kaliyan mantu. Kalajengaken ngabekten.
Ngombe Rujak Degan. Ngombe Rujak Degan mila mendhet rujak degan, anglajengaken pirantos siraman ing ngajeng . Tegesipun kajawi anyembuh reresik ugi dados saranaanyenyeger badan Mila salebeting tatacara punika, nalikanipun bapa nedha rumiyin, biyung pitaken”Kepriye rasane, pakne?”. Dipunwangsuli “ Seger sumyah nyumrambahi wong saomah.” Rujak degan lajeng kalorodaken biyung lajeng anganten priya lan estri.
Kacar-kucur. Pirantosipun sawernanipun arta kumrincing kacampur uwos jene, kacang kawak, kedhele kawak. Punika erdinipun anggemeni bandha minangka salah setunggalipun sarana kekah lan santosaning adegipun bale griya.
Dulang-dulangan, tata cara nedha sekul rending, kalimrah winastan dulang-dulangan, mengku kajeng pasemon manunggalipun priya-wanita.
Ingkang pungkasan Sungkeman, temanten kakung lan temanten putri sungkem dhateng tiyang sepuhipun.
(Kapethik saking Panyebar Semangat. 2007. 48:43)

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wacan Deskripsi

Tanggap Wacana ing Pahargyan Warsa Enggal/Tahun Baru

RESI BISMA GUGUR