Ngurip-Urip Industri Bathik Solo

BATHIK Solo pranyata isih urip. Dele¬ngen wae, nalika dina-dina sadurunge riyaya Idul Fitri 1425 H kepungkur, Pasar Klewer kang minangka pasar bathik ing kutha Solo kebak warga masyarakat kang padha blanja kain bathik kanggo keperluan Lebaran. "Pancen biasane sadurunge Le¬baran, kita tansah kelarisan bathik," mang¬kono pratelane Bu Slamet, sing nduwe to¬ko grosir bathik ing Pasar Klewer, Surakarta durung suwe iki.
Kutha Surakarta utawa kutha Solo sali¬yane dikenal minangka kanthi sesebutan kutha Bengawan, uga kondhang disebut¬sebut minangka kutha bathik. Lan bathik dadi identitase kutha Solo, saengga ora aneh manawa nalika kita lumebu ing kutha Solo ing sangarepe Pasar Kleco, Surakarta wis dipapag kanthi ananing patung wanita kang lagi mbathik. Patung iku kayadene minangka tetembungan sugeng rawuh kanggo para sedhulur kang arep mlebu kutha Solo, kutha bathik kang kawentar iku. "Pemerintah Kota Surakarta terus ngu¬paya kanggo gawe majune industri bathik ing kutha Solo, sebab menawa bathik Solo bisa maju saliyane nguntungake warga ma¬syarakat kutha ki, uga bathik bisa minangka identitas Ian jatidirining kutha Solo," mang¬kono pratelane Walikota Surakarta H Sla¬met Suryanto marang wartawan PS du-rung suwe iki.
Salah sijining rekadaya kanggo ngurip¬urip bathik, Walikota Surakarta Slamet Suryanto uwis gawe surat edaran marang para andhahane supaya manawa diva Jumat, para pegawai negeri ing lingkungan Pemerintah Kota Surakarta wajib nganggo bathik. Kanthi mangkono para pegawai ing lingkungan Pemerintah Kota Surakarta padha nduweni rasa tresna marang bathik. Kanthi mangkono bathik Kutha Surakarta tetep bisa urip, amarga masyarakat nduwe¬ni rasa tresna marang prodhuke dhewe.
Saliyane iku, Pemerintah Kota Surakarta uga ndadekake kampung Laweyan, kang tekan saiki isih dikenal minangka sentra industri bathik ing kutha Solo, didadekake desa wisata. Para wisatawan mancanegara Ian domestik kang teka ing kutha Solo diajak saliyane bisa nekani obyek-obyek wisata kutha Solo, kaya Kraton Kasunanan Surakarta, Pura Mangkunegaran, Pasar Klewer, Museum Radya Pustaka utawa Pasar Antik Triwindu uga diajak mlaku-mlaku menyang kampung Laweyan. Ing kono saliyane bisa mampir ing toko-toko bathik, uga bisa ndeleng kepriye prosese gawe bathik. Malah para wisatawan bisa nyoba kepriye carane bathik.

(Kapethik saking Kalawarti Panjebar Semangat)

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wacan Deskripsi

Tanggap Wacana ing Pahargyan Warsa Enggal/Tahun Baru

NGRINGKES TEKS