Sengkuni utawa Sakuni iku patih ing Ngastina. Sengkuni putrane Prabu Kiswara/Suwala/ Suprala. Sedulure ana papat, yaiku Prabu Gandara, Dewi Gendari, Harya Sarabasata, Harya Gajaksa. Sesebutan liyane kajaba Seng¬kuni, Harya Suman, Trigan¬talpati, Suwalaputra. Sengkuni mapan ing Plasajenar. Gar-wane Sengkuni nama Dewi Sukesti. Peputra Arya Antisura, Arya Surabasah, Ian Dewi Antiwati. Dewi Antiwati dadi garwane Patih Udawa, pepatih ing Dwarawati. Miturut crita, Sengkuni iku panjalmane Bathara Dwapara, dewa pangrusak, mungsuhe kautaman. Mula sengkuni iku watake culika, licik, drengki, srei, murang tata, waton sulaya, Ian seneng laku cidra. Nom-noman Sengkuni aran Trigantalpati, satriya sing bagus. Wujude dadi elek, cangkeme mewek, marga disuwek¬suwek dening Patih Gandamana. Wektu samana padha-padha suwita ing Ngastina. Sengkuni kepengin dadi patih. Patih Gandamana, patihe Prabu Pandhu, dipaeka (difitnah) dening Sengkuni. Gandamana ing jeblungake sumur, dikrutuk gegaman Ian watu, banjur diu