NGADEG JEJEG AJA KANDHEG

"Mangu Aja Maju"

Dening L.Yuyun Dian S.

Bacutna lakumu
Aja benget noleh mengo nengen apa maneh ngiwa
Aja banget anggone tumungkul saya maneh ndhangak
Jejegna lakumu
Penerna niatmu
Aja koregeti rasa jirihmu
Mangu Aja Maju

Mecaki dalan dawa tumuju mulya
Pancen ora kaya ngedhepke netra
Butuh ngubengke pikir
Butuh kumlawene lembar sasuwir
“Jer basuki mawa bea”

Kabeh bakal tutug
Kabeh bisa dirembug

Lakonana kanthi lila
Brongkalan sela lan lumebering bena
Bisa gawe antebing paran urip

Mlumpata kanthi teteg atimu
Kelekna ing iline banyu rasa cilik atimu
Uncalna adoh karep mangu-mangu kang ora prelu

Delengen…
Pangangenmu sajak ngawe-awe
Kekarepanmu ngatonke eseme
Kadya arep nunggu lakumu satekane

Gocekana kenceng krentegmu
Ambrukna kabeh pepalang sangarepmu

Siji kang kudu tinandur
Jujur ing atur
Aja anggak yen bakale bisa lungguh dhuwur
Elinga marang Maha Luhur
Mesthi tumekaning makmur

Juni 2011

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wacan Deskripsi

Tanggap Wacana ing Pahargyan Warsa Enggal/Tahun Baru

NGRINGKES TEKS