Parangtritis
oleh Didi Kempot
Rasane kepengin nangis yen kelingan parangtritis
Rasane kaya diiris
Nalika udan gerimis rebo wengi malem kemis
Ra nyana ra ngira janjimu jebul mung lamis
Parangtritis
Neng kono ana wong manis
Yen eling kowe reneya gelis
Parangtritis
Neng kono ana wong manis
Yen eling aku kepengin nangis
Ombak gedhe katon ngawe-awe
Nelangsa neng ati rasane
Ombak gedhe sing dadi seksine
Isih kelingan tekan seprene
Rasane kepengin nangis yen kelingan parangtritis
Rasane kaya diiris
Nalika udan gerimis rebo wengi malem kemis
Ra nyana ra ngira janjimu jebul mung lamis
Parangtritis
Neng kono ana wong manis
Yen eling kowe reneya gelis
Parangtritis
Neng kono ana wong manis
Yen eling aku kepengin nangis
Ombak gedhe katon ngawe-awe
Nelangsa neng ati rasane
Ombak gedhe sing dadi seksine
Isih kelingan tekan seprene
Komentar
Posting Komentar
Sumangga paring panyaruwe/pandangon/mundhut pirsa