Ketaman Asmara

Didi Kempot

Saben wayah lingsir wengi
Mripat iki ora bisa turu
Tansah kelingan sliramu
Wong ayu kang dadi pepujanku

Bingung rasane atiku
Arep sambat nanging karo sapa
Nyatane ora kuwawa
Nyesake atiku sansaya nelangsa

Wis tak lali-lali
Malah sansaya kelingan
Nganti tekan mbesok kapan nggonku
Mendem ora bisa turu

Opo iki sing jenenge
Wong kang lagi ke taman asmara
Prasasat ra bisa lali
Esuk awan bengi tansah mbeda ati

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wacan Deskripsi

Tanggap Wacana ing Pahargyan Warsa Enggal/Tahun Baru

NGRINGKES TEKS