Pawarta Lagu Rasa Sayange

Pamarentah Indonesia ngukuhi lagu Rasa Sayange saka pandakune Malaysia. Kanggo mikuwati ngyakinake yen Rasa Sayange pancen temen-temen asil ciptaane seniman Indonesia, Menteri Kebudayaan lan Pariwisata Jero Wacik ndhapuk tim kanggo nglacak bukti-bukti kang isih ana. Tim mau golek bukti wiwit ing laladan Maluku engga tekan Negara Jepang. Kaya sing wis kasumurupan, Malaysia ndaku Rasa Sayange minangka lagu nasional ing negarane. Kepara lagu sing wiramane gumyak iku dienggo jingle (lagu) promosi pariwisata Malaysia. Kasus mau engga seprene durung ana karampungan awit pihak Indonesia lan Malaysia padha-padha ngaku duwe bukti kuwat ngenani lagu kasebut.
Kanggo ngawekani murih Indonesia ora kecolongan maneh, Departemen Kebudayaan lan Pariwisata (Depbudpar) nekan nota kesepahaman karo Departemen Hukum lan Hak Asasi Manungsa (Depkum HAM) ngenani Perlindungan, Pengembangan dan Pemanfaatan Kekayaan Intelektual Ekspresi Budaya Warisan Tradisional Milik Bangsa Indonesia. Karya budaya sing dimaksud ing nota kesepahaman mau ora ngemugake bab lagu-lagu dhaerah wae nanging uga warisan budaya kang sipate khas kaya dene upacara tradional, busana khas dhaerah lan panganan khas dhaerah. Jero ngajap dhaerah-dhaerah sing duwe warisan budaya khas mau tumuli ndhaptarake menyang Depbudpar. Dheweke lagi ngupayakake murih beya pendaptaran iku ora larang.
(Kapethik saking Panyabar Semangat.2007.44:5)

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wacan Deskripsi

Tanggap Wacana ing Pahargyan Warsa Enggal/Tahun Baru

NGRINGKES TEKS