Sesorah Ketua Osis "Lomba Porsenitas"

Nuwun, Bapak Kepala SMA Negeri 5 Semarang ingkang satuhu kinurmatan, bapak/ibu karyawan ingkang kula kurmati, sarta para kanca ingkang tansah kula tresnani.
Mangga sesarengan kita ngaturaken puja-puji syukur wonten ngarsanipun Gusti awit saking rahmat saha barokahipun, kita saged makempal nindakaken adicara pembukaan Lomba Porsenitas ing SMA Negeri 5 Semarang Taun 2010 menika kanthi wilujeng nir ing sambekala, ngantos dumugi paripurnaning acara porsenitas. Sageda lumampah kanthi sae nggayuh lan mekaraken prestasi, tetandhingan kanthi jujur lan sportif.
Kula minangka wakil OSIS ngaturaken gunging panuwun dhumateng Bapak Drs Waino S, S.Pd, M.Pd minangka Kepala SMA Negeri 5 Semarang, bapak/ibu guru lan karyawan ingkang sampun ndherek nyengkuyung ing acara dinten menika. Maturnuwun awit sedaya bimbingan saha panyengkuyungipun bapak/ibu satemah Lomba Porsenitas SMA Negeri 5 Semarang taun 2010 menika saged kaleksanan lan samangke saged lumampah boten wonten alangan satunggal menapa.
Prelu kawuningan bilih Lomba Porsenitas SMA Negeri 5 Semarang taun 2010 menika minangka salah setunggaling sarana kangge mekaraken hobi lan bakatipun para siswa ing babagan seni, olahraga lan ketrampilan. Tuladhanipun hobi utawi bakat nembang macapat, maos geguritan, damel kaligrafi aksara Jawi, nyanyi, nggambar, olah raga basket, tenes meja, volley lan sanes-sanesipun. Pramila dhumateng para siswa sumangga ing Lomba Porsenitas SMA Negeri 5 Semarang taun 2010 menika sageda mujudaken hobi utawi bakatipun.
Para siswa ingkang menang utawi dados juara samangke sampun lajeng pamer, gumedhe lajeng rumaos paling pinter tinimbang kanca sanesipun. Dene ingkang kalah sampun ngantos rumaos sakit ing manah, saengga lajeng boten gadhah semangat kangge majeng tetandhingan malih. Sedaya menang lan kawon menika namung sarana nglatih kuwanen saha gladhen ngasah kawasisan. Supados ing tembe saged mekar ngrembaka dados bakat ingkang migunani kangge dhiri pribadi ugi kangge bangsa lan nagari umumipun.
Kula kinten cekap semanten atur kula, menawi wonten kalepatanipun anggen kula matur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih kula nyuwun pangapunten.
Dhumateng para kanca kula aturaken sugeng tetandhingan, sugeng nggayuh prestasi lan matur nuwun awit kawigatosanipun. Nuwun.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wacan Deskripsi

Tanggap Wacana ing Pahargyan Warsa Enggal/Tahun Baru

RESI BISMA GUGUR