Atur Sepala

ATUR SEPALA

Assalamualaikum Wr.Wb

Puji syukur konjuk ing ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring rakhmat dhateng kula, satemah saged hangaturaken yuyunblog Tresna Budaya Jawa .

Blog punika boten ateges anggen kula kapiadreng badhe hamemulang dhateng para maos, ananging awit saking pepenginan kula badhe dherek hangleluri budaya Jawi mliginipun basa Jawi ingkang sampun wiwit dipunkiwakaken.

Atur panuwun ingkang tanpa upami katur sedaya kadang mitra ingkang sampun paring panyengkuyung anggen kula saged ngaturaken yuyunblog Tresna Budaya Jawa .

Nglenggana sedaya kekirangan ing yuyunblog Tresna Budaya Jawa awit taksih cupet pangertosan kula ing babagan basa tuwin sastra punapa dene tataning basa Jawi. Sampun satrepipun yuyunblog Tresna Budaya Jawa taksih kathah perangan ingkang dadosaken kuciwaning penggalihipun para kadang ingkang maos. Pramila panyaruwe, pemut saha pitedah tansah kula suwun kanthi kebaking pangantu-antu.

Mugi-mugi yuyunblog Tresna Budaya Jawa punika saged kangge tambah-tambah pangertosan sanajan namung saglugut pantun bebasanipun dhateng para maos mliginipun para siswa.

Wasana maturnuwun.

Wassalamualaikum Wr.Wb

Kula

L.Yuyun Dian Susanti

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wacan Deskripsi

Tanggap Wacana ing Pahargyan Warsa Enggal/Tahun Baru

NGRINGKES TEKS