KIRANG WEWEKA

(Kapethik saking Ayu Sita tuwin Bagus Rama, tahun 1991 dening Satiti)
Sampun dangu Rama dalah Sita nilar nagari, ngumbara njajah dhusun, mlebet wana medal wana. Lesmana tetep tumut. Nuju satunggaling wekdal tetiganipun kapanggih tiyang-tiyang tapa. Tiyang-tiyang tapa punika sami nandhang sangsara, jalaran dipunganggu damel dening bala raseksa kang cacahipun tanpa wilangan. Wadya raseksa punika sami ngobrak-abrik saha damel risakipun partapan. Ingkang sami tapa lajeng nedha tulung dhateng Rama. Rama kapurih numpes wadya raseksa kasebat.
Kaleresan raseksa-raseksa sami dhateng wangsul nedya ngrerisak. Rama boten kasamaran, ngadhepi mengsah. Bala mengsah dipun tandhingi, dipunlabrak, dipuntatoni, saha kathah ingkang dipun pejahi. Mengsahipun kathah ingkang ajrih dening angsahipun Rama. Nunten sami bibarmawut kocar-kacir mlajeng sarta umpetan pados gesang piyambak-piyambak. Wonten pangangenipun buta ingkang padamelanipun mansa tiyang naminipun Wirada. Wirada ngamuk bela balanipun males badhe mejahi Rama. Rama dipunkereg dipuntrajang. Sanalika Wirada kacandhak kabanting ing siti, semaput, pejah njrebabah.
Boten let dangu wonten buta estri dhateng, inggih badhe ngamuk dhateng rama. Reseksi punuka namanipun sarpakanaka. Piyambakipun punika adhinipun rawana. Sareng pinanggih Rama, Sarpakanaka kepencut, kepengin dados semahipun Rama. Rama boten purun. Sarpakanaka dipunken manggihi Lesmana kemawon. Sareng manggihi Lesmana kepengen dados sisihanipun, Lesmana nggegujeng ngece tuwin ngina. Sarpakanaka nesu, ngamuk; Sita dipuntubruk badhe dipunpejahi. Lesmana kecalan sabaripun. Raseksi dipuncepeng, dipunseret, dhawah. Dipungrumpung irungipun, dipunperung kupingipun. Sarpakanaka jerit-jerit, mlajeng keponthit-ponthit, kewirangan turkraos sakit. Samargi-margi nangis nggelolo. Piyambakipun badhe manggihi Kara, wadul bab kedadosan punika. Kara punika buta ingkang sakalangkung ampuh tuwin ngajrih-ajrihi. Dipunwaduli dening Sarpakanaka, Kara enggal-enggal nusul Rama, Sita lan Lesmana. Tetiganipun badhe dipunsirnakaken. Sumusulipun Kara mawi mbekta wadya bala danawa. Balanipun Kara cacahipun wonten 14. Kara nunten ngenpakaken aji-ajinipun. Sakala buta ingkang cacahipun 14 dados 140. Ingkang sewau 140 lajeng malih dados 1.400. Dene ingkang 1.400 malih dados 14.000. Ngedap-edapi sanget. Meh kemawon Rama Lesmana kewalahan. Kekalihipun ngangseg; wadya danawa dipunonclang, dipunpala, kathah ingkang dipunpejahi; sanesipun sami mlajeng miris manahipun.Sareng sampun jembit, Sarpakanaka kepeksa sumengka
Manggihi kangmasipun, inggih punika prabu Dasamuka ing Nagari Alengka.
Nagara Alengka punika ageng wiyar, dipunkepung saganten. Dasamuka dipunbujuk-bujuk supados males ngamuk mejahi Rama Sita Lesmana. Utawi Sita dipunbradhat kemawon.Rawana sagah. Lajeng nitih kreta kencana ngambah jumantara tumuju papanipun tiyang tiga mengsahipun punika. Dasamuka dipunumpangi Kala Marica. Buta Kala Marica. Buta Kala Marica sampun malih dados kidang asisik emas. Warninipun endah ngelam-lami.Wujudipun ngengreng
merak ati. Kidang nuntensaba kluyuran wira-wiri ing sacelakipun tiyang tetiga punika. Sita sumerep kidang punika. Piyambakipun gawok,ketarik sanget, kepengin ngingah. Rama kapurih nyepengaken kewan ingkang nganeh-anehi saha memencut punika.
Kidang dipuntut wingking dening Rama badhe kecepeng. Nanging kidang nebih. Dipuntututi mlajeng. Rama ngoyak-oyak mbebujeng kidang. Saya tebih purugipun. Rama dados boten sabar. Menthang gendhewa nglepasaken jemparing. Kidang dipunpanah, kenging cumeprot.Sakala njola mbekik nywanten njerit sarosanipun. Swantening kidang kapireng dening Sita, lamat-lamat kados pasambatipun Rama. Sita ndugi bilih Rama manggih kacilakan. Lesmana enggal-enggal dipunken nglacak, nglari, saha nulungi Rama. Lesmana nggeblas nilar Sita. Dasamuka girang gumujeng. Tumunten mindha-mindha pandhita nyedhaki Sita. Sita dipunbujuk alus badhe kawilujengaken, boten purun. Dipunsembadani budi. Dasamuka kurda. Ingkang budi dipunrudapeksa kageret kalebetaken ing kreta kencana. Taksih jola-jola bangga, jelih-jelih asesambat, Sita kagondhol mabur. Dasamuka gagah prakosa mithing Sita, kaliyan nglampahaken kreta kencana. Babar pisan boten maelu dhateng pasambat pangluhipun ingkang dipunsikep rape ting cangklakanipun.
Sita kaduwung nggetuni tumindakipun. Namung nggega pikajengipun piyambak, ngumbar pepenginanipun, kirang weweka, nilar kawaspadan. Kaliyan taksih asesambat ngura-ura, nganyut-anyut, ngrerintih perih. Dumadakan pasambat pangrintihipun kapireng dening kagendra inggih rajaning peksi. Sinten ta rajaning peksi punika?
Katrangan :
1. weweka = pangantos-atos; kosok wangsulipun pepeka; tegesipun sembrana
2. tanpa wilangan = kathah sanget
3. wadya = bala; prajurit; saradhadhu; tatra
4. kapurih = dipunpurih; dipunken; supados
5. numpes = ngicali; mejahi; damel tumpes utawi tapis utawi sirna
6. kasamaran = samara; sumelang; kuwatos
7. dipunlabrak = dipunamuk; dipunmengsah; kalabrag
8. angsahipun = ajengipun ajune
9. mangsa = nedha; nadhah
10. dipunkereg = dipuncelaki badhe kacakot
11. njrebabah = mengkureb ndhepani siti
12. sisihan = semah; bojo
13. dipungrumpung = dipunpotong; dipuntugel
14. dipunperung = dipuniris; dipunicali
15. keponthit-ponthit = keponthal-ponthal; keponcrit-poncrit
16. nggelolo = nggriyeng; terus
17. ngempakaken = namakaken= ngginakaken
18. kuwalahan = kangelan; boten saged ngimbangi; kethetheran
19. ngangseg = saya majeng
20. dipunonclang = dipunbalangen; dipunsawataken; dipunbabitaken
21. miris = ajrih
22. jembit = sampun boten saged malih; kendel
23. sumengka = nyengka;minggah; kesesa
24. dipunbradhat = dipunbekta kesah; dicolong
25. kencana = emas; rukma; rukmi
26. ngabah jumantara = mabur; napak ing awing-awang
27. dipunampingi = dipunsisihi; dipunrencangi; dipunkancani
28. sisik = kulit kothak-kothak alit
29. ngelam-lami = ngremenaken
30. ngengreng = bregas; nggantheng
31. merak ati = ngremenaken; ndudut ati; nyedhakake ati; narik ati
32. gawok = gumun; ngungun
33. cumeprot = nywanten mak ceprot; mlebet nyeprot; ngengingi
34. mbekik = nywanten njerit
35. midha-midha = ngemper-ngemper; mimba-mimba; nyameni; ethok-ethok dados; nyamar; nylamur
36. budi = bangga; polah
37. kurda = krodha; nesu
38. jola-jola = polah mumbul-mumbul
39. jelih-jelih = bengok-bengok sesambat
40. ngura-ura = melas asih; mesakaken; memelas; kawlas asih
41. nganyut-anyut = damel sedhih
42. kagendra = kaga indra = rajaning peksi

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wacan Deskripsi

Tanggap Wacana ing Pahargyan Warsa Enggal/Tahun Baru

NGRINGKES TEKS