CRITA RAKYAT JAKA KENDHIL

JAKA KENDHIL
(Kapethik saking Resep Saka Si Gundhul, taun 1997, dening B. Tujosumoro)
Kacarita Mbok Randha Dhadhapan duwe anak lanang siji rupane ala, ora bagus, awake ipel-ipel kaya kendhil. Anehe bocah mau sok-sok bias malih dadi kendhil temenan. Mula bocah iku diparabi Jaka Kendhil.
Ing sawijining dina ing desa kono ana wong kang duwe gawe, nanggap wayang. Bareng krungu unining gamelan, Jaka Kendhil pamit marang emboke arep nonton, lan Mbok Randha Dhadhapan nglilani. Tekan enggone sing duwe gawe Jaka Kendhil njujug ing pawon, terus ndheprok dadi kendhil. Ing kono akeh wong-wong wadon kang lagi rewang olah-olah. Wong-wong mau padha umyek amarga kekurangan wadhah.
Bareng weruh ana kendhil, banjur dianggo. Si kendhil diiseni dhendheng nganti kebak. Saya suwe krasa abot lan kesel, mula terus ngglenes bali. Tekan ing ngomah dhendhenge dicaosake Mbok Randha. Emboke ora seneng malah nesu, ngira menawa dhendhenge anggone nyolong. Jaka Kendhil mangsuli kanthi kepenak wae, “Aku lungguh kok terus dienggo wadhah dhendheng. Kamangka suwi, ora enggal dijupuk. Wetwngku krasa sebah, mulane aku terus bali mulih.” Wiwit dina kuwi Kendhil ora entuk lunga-lunga.
Bareng wis diwasa, Jaka Kendhil kepengin omah-omah. Jaka Kendhil kepengin dilamarake putrine Raja Mesir. Bot-bote nglabuhi anak, mula Mbok Randha saguh, banjur mangkat nglamar putri Raja Mesir.
Bareng tekan kraton, Mbok Randha marak sowan ana ngarsaning Raja Mesir, ngaturake apa sing dadi perlune. Sang Prabu Mesir nimbali putri-putrine kanga ran Dewi Kenanga, Dewi Menur, lan Dewi Melathi, banjur didangu apa saguh dadi sisihane Jaka Kendhil. Dewi Kenanga lan Dewi Menur ora saguh. Nanging sing wuragil, Dewi Melathi munjuk atur, “Sumangga kersanipun Rama, dalem kantun ndherek.”
Mireng ature mau, sang Prabu Mesirsajak keduwung, dene kersa nampa sowane Mbok Randha, malah ndangu putrine barang. Mula sang Prabu Mesir golek akal lan dhadhakan kanggo njugarake panglamare Mbok Randha. Sang Prabu banjur ngendika, “Nyai Randha, anakku Dewi melathi saguh dadi sisihane anakmu, nanging ingsun kagungan pamundhut. Besuk ing titi wanci dhauping penganten putriku mundhut supaya diarak gamelan lokananta katabuh para dewa, kembar mayang kaya dewa ndaru, waringin kang awoh brondong, gedhang emas apupus cindhe, ati tengu sing gedhene sak wungkal, pitik trondhol gedhene sagubug penceng. Yen kowe ora bisa minangkani pamundhutku, anakmu ora sida dhaup karo putriku.”
Mbok Randha Dhadhapan bali kanthi sedhih . Tekan ngomah Mbok Randha banjur nyritakake apa sing kelakon marang anake. Jaka Kendhil ngerti menawa emboke susah. Mula Jaka Kendhil banjur nglipur atine emboke kandhane, “Ora perlu susah Mbok, aku arep mbudidaya supaya bisa minangkani pamundhute sang Prabu.”
Jaka Kendhil banjur muja semedi, ngeningake cipta. Prihatine Jaka Kendhil katrima ing ngarsaning para dewa. Mula Sang Hyang Narada rawuh lan ngendika menawa apa sing dadi panyuwun’e Jaka Kendhil kelakon dhaup karo Dewi Melathi. Mangkono Lelakon’e pangaraking penganten kaya sing dikersakak’e sang Prabu Mesir.
Kocapo ing dalem kraton, Dewi Melathi tansah dipoyoki mbakyu-mbakyun’e,dene kok gelem dhaup karo Jaka Khendil.
Nuju ing sawijining dina ing alun-alun ana gladhen perang. Sang Prabu Mesir lan prameswarisarta putri-putrin’e mriksani saka panggung ing sapinggiring alun-alun.
Ing sajroning gladhen perang iku, ana satriya bagus kang melu. Tandange cukat trengginas gawe gumun lan cingake para putri. Dewi Kenanga mbebeda keng rayi Dewi Melathi, pangandikane,’’ Milih garwa ki kaya satriya kae, wis bagus, alus, tur trengginas. Lha yen garwamu kae pantese mung tumumpang paga kanggo wadhah tela.’’ Saka lingseme, Dewi Melathi banjur kondur. Tindake rikatbanjur njujug ana kamar pesarean. Dewi Melathi rada kaget awit ing pesareane kono ana kendhil kothong. Kenhil mau banjur dipundhut lan digepuk nganti remuk. Ora let suwe ana satriya ya kang disipati ana alun-alun mau rawuh ing pesarean kono.Satriya mau nggoleki agemane, sing awujud kendhil. Nanging wis ora ana, awit wis remuk lan ora bisa diagem maneh. Dewi Melathi bungah banget, awit kanyata satriya bagus mau jebul Jaka Kendhil garwane dhewe.
Mangkono Jaka Kendhil lestari dadi garwane Dewi Melathi.Saben-saben piyambake tansah kelingan menawa manungsa mono kudu prasaja, jujur, sregep, bekti marang wong tuwane, lan tansah prcaya maring pangeran.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wacan Deskripsi

Tanggap Wacana ing Pahargyan Warsa Enggal/Tahun Baru

NGRINGKES TEKS