NASIBE MANUNGSA

Nasibe Manungsa
Dening Supardi
Srengenge menthor-menthor. Panase sumelet ngobong kulit. Dasar wis patang minggu ora udan, lemah-lemah sing dak acik kaya nglocotake dlamakan sikil. Dakdhengak srengengene, jane ya wis sauntara dohe karo kulminasi langit, wis lingsir mengulon. Nanging panase isih wae panggah, ora suda-suda. Dalan setapak sing wuda tanpa pinayungan kekayon terus wae dak pecaki.Kiwa tengene dalan setapak, tegal sawah bera bawera. Ana sawetara ijoning godhong-godhong jagung kang katon sapandeleng ing adoh kana. Sauntara gubug-gubug ing sakiwa tengene dalan padha suwung, racak-racak sing duwe gubug padha urban golek dhuwit menyang kutha sing jare luwih gampang.
“No, Darno! Reneya!”
Sakala aku mlengak. Pas olehku mlengak, Kang Parman mudhun saka njero gubug, ngundang lan ngawe aku. Sajake ana gawe. Tanpa pikir dawa aku jumangkah marani kang Parman.
“Iki lho leren sik. Aku mau nggawa tela godhog karo teh. Ayo diserbu dhisik!”, sumeh, grapak, semanak lan eseme sing ngatonake untu gingsule, sak weruhku ora tau copot saka lageyane Kang Parman. Aku dijak munggah gubuge. Banjur bontote, tela godhog sing dibuntel godhong lan tehe sing diwadhahi botol aqua, didhasarake ing amben-ambenan gubug.
“Rumangsaku pakah gubugmu sempal Kang, kok celuk-celuk. Tiwas kebeneran, malah ana undangan pesta kebun,” sautku nggo pantes-pantes. Kang Parman ngetokake rokok sing durung dibukak segelane.
“Ponakanmu wingi rak tilik ngomah,”tangane Kang Parman uwet mbukak bungkus rokok. Banjur ndudut sak ler, terus disumet. Aku sing saben dina udutku mung mbako gewol, ya melu-melu makmum ngrasakake nikmate rokok.
“Kerjane ning endi ta, Kang?”
“Neng pabrik plastik. Mbuh saiki jare wis munggah dadi mandhor. Jare lumayan ceperane.”
“Yen dadi mandhor ya pancen lumayan tenan, Kang. Kerjane ya penak, mung kari ngawas-awasi,”sambungku karo ngeleg tela.
“Maune lulusan apa, Kang?” aku nyambi nglangga teh ning botol aqua sawise gorokanku krasa seret. Wah, tehe kok ya ngungkuli teh sosro. Legi sepet-sepete krasa tenan.
“Mung SMA, jane ya njaluk kuliyah maune. Neng kowe dhewe rak ya ngerti kahananku. Nyekolahke tekan lulus SMA wae wis mengkis-mengkis neng dhadha, kok ndadak arep nekad nguliyahake, ya sida pedhot napasku. Yen bocahe ngono yap inter, wong oleh rangking siji terus, kok. “Tangane Kang Parman ndudut tela sak puk.
“Aku ya ngandel yen anakmu kuwi pinter kaya bapake,”eseme Kang Parman mlethek nyigar lambene krungu pangalembananku. Ning tenan, nalika isih sekolah, Kang Parman kuwi biyen pinter dhewe sak kelas.
“Ning pinter iku kalah karo sing jenenge begja. Kowe rake ling Umar kae ta?!”
“Kancane dhewe sing goblog, ngowoh, pahpoh kae?” takonku Kang Parman manthuk.
Pancene kabeh kancane sakelas kalebu aku lan Kang Parman, padha ngarani yen Umar kuwi bocah sing paling bodho. Mosok nalika guru biologi takon kebo kuwi manak apa ngendhog, wangsulane jare ngendog. Mesthi bocah sakelas padha ngguyu cekakakan, kalebu pak guru kang kudune nesu. Lucu maneh yen wayahe nembang utawa nyanyi, tembang utawa lagu sembarang dhengah, iramane padha wae, kaya wong menek. Saka ngisor mendhuwur tanpa cengkok, ndlujur. Dadi yen Umar giliran nembang utawa nyanyi, padha karo kelasku ana dhagelan. Nganti kaku neng weteng merga kemekelen. Malah Bu guru Eni, guru kesenian, rikala lagi sepisanan krungu tembang lan nyanyiane Umar, merga saking ngempet ngguyu nganti mlayu neng kamar mandi.
“Kowe ngerti, Umar kae saiki dadi kepala sekolah,”kandhane Kang Parman gawe kejotku. Mripatku nganti mblalak amba. Lho kok bisa! Kepala sekolah kuwi wiwitane rak kudu dadi guru dhisik. Kamangka guru kuwi dadi narasumber kang pener lan bener. Gek-gek ndang menehi soal marang muride, kebo kuwi ngendog dibenerake. Rak payah! Utawa gek-gek nalika didhaulat muride supaya nembang utawa nyanyi, eh, ora bisa mbayangake aku. E, lha sapa ngerti, yen nembang utawa nyanyi dadi guyon, nganggo lagu ndhangdhut utawa pop malah jagone, sapa ngerti!
“Kok kowe ngerti yen dadi kepala sekolah, sing menehi kabar sapa ta, Kang!”
Banjur Kang Parman crita. Biyen sakluluse saka SMP (bocah bodho kok ya bisa lulus), Umar ngulandara golek gaweyan ning kutha Semarang. Saben dina Umar ngleyengmenyang kantor-kantor, menyang pabrik, nawakake tenagane supaya ditampa nyambut gawe. Nanging kantor-kantor sing dileboni, racak ora ana lowongan. Mung bandha ijazah SMP wae, arep diseleh ngendi. Lowongan sing pas ya mung penjaga utawa pesuruh. Emane kantor-kantor sing dileboni wis ana penjagane. Saben dina dheweke ditampik saka kantor siji menyang kantor sijine maneh. Saka pabrik siji menyang pabrik liyane. Nanging Umar sajak ora nglokro. Najan yen bengi direwangi turu ing mesjid utawa terminal, esuke panggah nerusake niyate golek gaweyan. Mbok menawa iki sing dadi kehebatane utawa keluwihane Umar. Yen cita-citane durung kecekel, ora bakal mandheg dalan. Nganti ing sawijining dina, Umar mlebu ing sawijining kantor Kelurahan. Kebeneran pak lurahe butuh tenaga ora kanggo kantor, nanging kanggo tenaga omah. Gampangane Pak Lurah butuh pembantu utawa buruh lanang. Umar cekat-ceket nampa, tanpa takon sesasine dibayar pira. Pokoke sing penting bisa temangsang dhisik. Soale wis kesel olehe rana-rene, mlebu-metu kantor apa dene pabrik. Soal mengko neng kene kepenak utawa ora, dipikir buri karo mlaku.
Ing daleme Pak lurah, Umar bisa ngepek atine keluargane Pak Lurah. Kabeh putra-putrane Pak Lurah padha seneng karo Umar. Yen perkoro gaweyan, sepisan dikandhani, Umar mesthi ndalan, ora ndadak mindhan-mindhoni. Soal mangan-memangan, Umar ora tau protes piye-piye. Kabeh panganan ora ana sing disiriki. Ora ana sing dipantangi. Ora ana sing alergi.
Merga saka kemurahane Pak Lurah, Umar disekolahake ning SMA, najan olehe mergawe minangka pembantu isih dibayar. Ora mung tekan SMA, nanging diterusake nganti kuliaah lan lulus nggondhol sarjana. Terus mulang ing SMP, terus dientukake putrane Pak Lurah.
“Dadi mantune Pak Lurah?” Kang Parman manthuk.
“Kok gelem-geleme ta bocahe wadon putrane Pak Lurah?!” protesku. Banjur kang Parman mbisiki aku, “Kabare putrane Pak Lurah sing kuwi idiot.”
Aku njomblak. Olehku mangan tela godhog daklerenke.
“Lha kok Umar gelem?!”
“Jodho, rejeki, pati, kuwi wewenange Gusti Allah. Manungsa ora bakal kuwawa nolak utawa ngemohi.” Yen kon bukak dalil bab kaya ngono Kang Parman pancen jagone.
“Sih kurang siji ta, Kang?!” sambungku rada keminter.
“Drajat lan pangkat. Kudune rak ya kowe ya Kang sing dadi kepala sekolah. Wong nalika sekolah, Umar kae pintere kalah adoh karo kowe.”
Kang Parman mung mesem kecut.
“Aku ora bisa nerusake sekolah tekan kuliah. Aku ora ngenger neng nggone Lurah kaya Umar. Mula akhire aku ya mung dadi wong tani gurem kayak kowe. Najan mung tani gurem, nanging kepinteranku dakturunake menyang anak-anaku. Buktine, sekolahe oleh rangking siji wiwit saka SD tumeka SMA. Nalika kerja, najan ing pabrik, lagi sedhela wis dadi mandhor. Mulih wingi, eh, kowe rung dakcritani ya?!”
Aku gedheg karo ngglogok teh.
“Apa Kang?!”
“Mulih wingi wis nggawa Karisma gres, ninggali dhuwit mboke, ninggali rokok aku. Balik Umar?!’
“Geneya Umar Kang?!”
“Ora duwe anak. Jare emoh gawe anak. Merga miturut keterangane dokter, gen-e sing wadon luwih dominan. Dadi kemungkinan yen anak-anake lair, dheweke ngeri mbayangake. Rak dheke dhewe ya ngakoni, yen dheweke pancen bodho.”
Weruh-weruh telane wis entek. Teh sak botol aqua ya guthis. Mung jarum 76-e sajake sing isih. Terus diwenehake aku.
“Wis wengi, yo dha bali wae,”pangajake Kang Parman karo mudhun saka amben-ambenan gubug.
Aku mlaku lon-lonan, nggagas nasibe manungsa kang pancen werna-werna.
(Kapethik Saking Panyebar Semangat.2005.V:23)

Crita Cekak yaiku cerita gancaran kang amung ngandharake sarining crita. Critane entek diwaca sakdodokan, amung ana siji konflik, lan kedadeyan kang dialami paraga ora nganti ngowahi nasib.
Supaya bisa mangerti isine cerkak kudu bisa nganalisis manut unsur intrinsike yaiku judul/irah-irahan, tema, paraga, watak paraga, plot, latar, lelewaning basa.
Kanggo nyritakake maneh isi cerkak kudu bisa mangerti khususe alur. Alur yaiku urutaning kedadeyan ing crita saka kawitan nganti tekan pungkasan utawa awit mula bukane kedadeyan, anane konflik banjur tekan klimaks nganti sakrampunge cerita.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wacan Deskripsi

Tanggap Wacana ing Pahargyan Warsa Enggal/Tahun Baru

NGRINGKES TEKS