Postingan

Menampilkan postingan dengan label GEGURITAN

NGADEG JEJEG AJA KANDHEG

"Mangu Aja Maju" Dening L.Yuyun Dian S. Bacutna lakumu Aja benget noleh mengo nengen apa maneh ngiwa Aja banget anggone tumungkul saya maneh ndhangak Jejegna lakumu Penerna niatmu Aja koregeti rasa jirihmu Mangu Aja Maju Mecaki dalan dawa tumuju mulya Pancen ora kaya ngedhepke netra Butuh ngubengke pikir Butuh kumlawene lembar sasuwir “Jer basuki mawa bea” Kabeh bakal tutug Kabeh bisa dirembug Lakonana kanthi lila Brongkalan sela lan lumebering bena Bisa gawe antebing paran urip Mlumpata kanthi teteg atimu Kelekna ing iline banyu rasa cilik atimu Uncalna adoh karep mangu-mangu kang ora prelu Delengen… Pangangenmu sajak ngawe-awe Kekarepanmu ngatonke eseme Kadya arep nunggu lakumu satekane Gocekana kenceng krentegmu Ambrukna kabeh pepalang sangarepmu Siji kang kudu tinandur Jujur ing atur Aja anggak yen bakale bisa lungguh dhuwur Elinga marang Maha Luhur Mesthi tumekaning makmur Juni 2011

Dudu Gapura

Dening L.Yuyun Dian S. Wis aja dibacutake Ati lir kairis Pungkasane miris Rasa cuthel, mangkel bisane mung grundel Aq arep merem, kareben lerem, banjur adhem Aja Aja dibacutake wis Wis ra kuwawa ati cuwa Upama bisa Mung wektu kang ana Bakal bisa medhar rasa Rasa kang ora sembrana Aja mung digawe lara Aq dudu gapura Ngadheg nggejegreg tanpa nyawa Muga-muga Wis aja dibacutake Ra kuwawa Ati lara Semarang, April 2011

Mlaku Apa Anane

Dening Y. Rini T Puspo Mlakua apa anane tanpa tembung tanpa ukara ujare pujangga: landhepe tembung ngluwihi landhepe pedhang pitung panyukur ukara iku peprenesan kang karakit kanthi pulasan warna-warna ngalembana golek ati ngundamana nglarani utawa malah dadi wisa kang ampuhe ngluwihi wisane ula sawa mlakua apa anane tanpa tembung tanpa ukara kareben uwal saka luput awit kurang empan papan meneng! jroning meneng tuwuh eninging rasa jatining sedya wis ta, mlakua apa anane tanpa tembung tanpa ukara saupama kudu nywaea elinga sesanti iki lair iku utusaning batin

Musium Sepur Ambarawa

Karipta dening Sugeng Wiyadi swara sempritan thethulitan ing kadohan sepur tuwa lumaku bebanjengan nepusi dawaning ril napak tilas sejarah Tinggalane penjajah Ing musium iki dakniyati ngeningake cipta tumrap kusuma bangsa kang wis sumare ambarawa nate dadi palagan gedhe gerilyawan lan para pejuang piyandel granggang lan sanjata saanane gumrudug maju kalane udan mimis ganda mesiu getih abang malera raga-raga gumlethak tanpa wilanga ndhepani bumi pertiwi tumbaling kamardikan ing musium iki sikilku konjem mring bumi dhadha mbeseseg, jagad rinasa horeg ing musium iki geneya sliramu sajak ora preduli? anggonmu lelendhotan saya nyumelangi ngisik-ngisik bangkekan nggunah panasing ati adhuh, Gustiiii

KEBAK ATI

Karipta dening L.Yuyun D.S Aja keblinger tumindak ora pener ngengser pauger Dlamakanmu selehna ing tengahing bebener Tanganmu bandanen Lerena anggone ngudheg-udheg rasa ngudhal-udhal cidra Basa ngandhut wisa pungkasane dadi murka liya Papa Geneya… Bagaskara mesem sumilak hangajak Gawe driya adhem ora kudu nyuwara seru mundhak saru Dielus-elus nganggo tembung lirih Dilela-lela salumrahe mesthi krasa Dheweke dudu maesa tanpa karsa lan wignya Uler kacekel gatel nguleng Sikil kajawil rai abang muntab juwing Eling… Candra sumunar pancen wayah wengi Nanging cahyane parak sumilak Kali sisih kulon ora mesthi kebak banyu Bisa gumlonthang sabubare Asat Delehna siung kang nggegirisi Kabeh ana mangsane Titiwancine Bakal ora tedhas watu sagunung Bakal ora mempan ampak-ampak sinawang Luwih-luwih Ora bisa selak prakara cilik satengu Kebakana ati limang prakara Mukti…. Semarang, 16 Februari 2009

JEJERE MANUNGSA

Karipta dening L. Yuyun D.S Ngerti… Dudu karep Laku kandheg Kuciwa, karep kandheg Rasa kagawa lunga tan bisa sirna Dudu karep Esemu kanthil ing pojoking ati Lir tlutuh tumumplek memplak Kari ngreridu ati Ati kari juwing-juwing pungkasane mekingkring Kabeh mau ra grahita Teka ora diceluk Lunga sapa nyana Kleru… Rasa kang kleru Katinggal mlayu sansaya ngluru Apa kang ana pancen kleru Saumpama pethuk paribasan remuk Sapa kang daktutuh Lakumu mengetan Dalanku mengulon Tangeh kapethuk Rasa iki nggubet tan bisa uwal Ancik-ancik pucuking eri Aku maju gawe tatu awakku Aku mlayu katerak lindhu Aku mandheg kalindhes watu kajugrugan Semeru Rasa apa iki Cupet nalarku Cubluk angenku Cupet, cubluk candhakku Aku ora bisa nyekel Kamangka ana ing tlapukan Aku mung jejere manungsa Kabeh adoh saka kuwawa Manawa kabeh bisa diputer Aku njaluk tekamu ora liya Ora ana kabut peteng dadi pepalang ...

Geguritan Adhi Lanang

Dening L.Y.Dian S. Biyen… Nalika kuna pekecu Pancen kuwi kleru Duwe rasa gawe kuciwa wong sadonya Isin menawa keeling Ati krasa kajuwing- juwing Pangawemu dadi krenteging ati Biyen… Bebasan urip lir lampu senthir Disebul Mati angel murup tibane Pedhut Biyen… Tresna kapantha-pantha Siji iki Esuke dudu Klaras kobong panas mbiset kulit dhadha krasa semromong Tanpa daya gegandhulaning ati Mlayu marak tanjung mas kang peni Biyen… Mung tangis kang miris Mung lara kang jero Rasane urip mung kari sakler Kalindhes ambles Cures Tresna kuwi kleru Saiki… Alon-alon tatuning ati kapupuk tamba Ora ana liya kajaba Eseme thole nglalekake sekabehe Aku duwe urip dhewe Atiku kanggo dheweke Thole bagus lintang sumunar ngrembaka salira Saben ilining ambegan mung thole anak lanang Panjalukku biyen… biyen… Saiki lumaku ing dalane Dongaku kabeh apik Memitran dadi kadang Aja kolali lupute ngimpi Aja kobuwang sarehne gumlewang Dadi sedulur sinarawedi Mukti uni Aja Koterusake dening Semarang, 12 Maret 2009

Ora Ana sing Ngawe

Kaningaya temen urip iki Bebasan duwe nyawa saka tetesing rendheng mangsa Laku kandheg Ati judheg Pikir bumpet Iki piye…. Urip nistha ing tlatah dhewe Klambi rojah-rajeh siji kari Apa ngene iki kang dikarepake Mangan sega wadang liwetan biyen kae Esuke sega jagung larang regane Ngeleg banyu udan kandheg ing telak Urip kadharang-dharang Ora ana sanak, kadang kang kelingan menehi sandhang pangan Kabeh mung kelingan wetenge dhewe Kabeh mung kelingan ngebaiki luwengane dhewe Kabeh lali bareng kepenak Kabeh pontang-panting rebutan kursi endah lan empuk dhuwur kae Aku kasimpir, rojah-rajeh ora ana sing ngawe Kaangen-angen njur kaimpi-impi Buyut nate cariyos Carang kayu bisa dadi emas Pacul tumancep bumbung pari mbanyu mili tanpa kendhat Panen bungah, paceklik adoh tur kapangan bathara Nanging kuwi biyen Saiki…. Aku kasimpir, rojah-rajeh ora ana sing ngawe Semarang, 16 Februari 2009 Kebak Ati Aja keblinger tumindak ora pener ngengser pauger Dlamakanmu selehna ing tengahing bebener Tanganmu ba...

Urip

Basuki Bingahipun manah kekalih Awit dinten punika Bagaskara sulistya lingsem Sasandra trustha kesengsem Jumedhul sayoga hanyengkuyung Anggenipun kekalih sinanding Duh bapa ibu…. Nyuwun pangestu Duh mitra…. Lubering pandongamu Duh gusti akarya jagad…. Nyuwun agunging erwana asih Mugi-mugiya Basuki sinarengan selawase tumekane pati Semarang, 17 April 2006 Anak Lanang Dak gadang-gadang Mbesuk gedhe Dadiya manungsa salumrahe Duwe kadang jembar dhadhane Duwe banda ora nyadhong drijine Duwe pangkat ora lali keblate Duwe panjangka akeh kaleksanane Thole… Kene-kene cedhaka mrene Kareben mulya uripmu tembe Aja lali ngger…. Aja kok larak kabeh paugeran Aja kok terak pepesthen Pangeran Kanggokna sarungmu aja amung kok dhelikna Kanggokna pecismu aja amung kok centhelna Muga-muga kabeh kasembadan Donga pangestu biyung elinga kanggo cekelan Semarang, 13 Februari 2009 Uwis Lena Kledhang-kledhang jero atiku Ora mung dina iki Esuk, sore lan bengi mbumpeti dalan pikirku Lunga… aja sumrambah ana ing ne...