Postingan

Menampilkan postingan dengan label ARTIKEL BASA JAWA

Kanjeng Kalijaga Minangka Budayawan

Ngrembug bab mekar-tumangkare kabudayan Nuswantara mligine Tlatah Jawa, Ikuora bisa dipisahake kelawan pasok-adhile Kanjeng Sunan Kalijaga, apadene para wali liyane. Sijining jejibahan luhur nyebarake Islam. Ing madyaning masyarakat, dudu ayahan kang gampang tegese mbutuhake pirang-pirang jurus lan srategi kang peng-pengan, luwih-luwih nedya nlusupake kabudayan mligi, marang kabudayan kang wus kenceng lumaku. Ing antarane tembang Ilir-Ilir. Tembang Ilir-Ilir mengku teges kaya ngisor iki: Ilir-ilir, ilir-ilir, tandure wus sumilir Ngilir tandure, tandurane para wali lan mubaligh arupa winih agama Islam Tak ijo royo-royo, dak sengguh temanten anyar Ijo mujudake pralambanging Islam. Islam ngrembaka. Dak sengguh temanten anyar. Nalika semana Islam mujudake bab anyar kang mranani/nengsemi dijingglengi. Cah angon-cah angon penekna blimbing kuwi Kanjeng Nabi Muhamad SAW ngendika ana hadist ‘mutafaq ‘alaih kang wose saben-saben wong iku minangka juru pangon, besuk ana ngersa dalem Allah ...

Asal-Usul Alal Bihalal

Alal bihalal ana sing nyebut halal bihalal, jare mujudake tradhisine wong Jawa. Ing Arab dhewe ora ngenal babagan kasebut. Banjur kepriye mungguh asal-usule, lan kapan anane? Adat alal bihalal iki sing genah durung kocap ing jaman Wali Sanga samangsane Kraton Demak Bintara, uga ora tinemu ing nata binathara Mataram. Alal bihalal kena diarani adapt anyar pasca jaman kamardikan. Miturut Ir. H. Sena Hadisumitra asal-usule adapt kaebut kawiwitan nalika ibukota pamarentahan dipindhah menyang Ngayogyakarta. Para panggedhening Negara melu boyong merlokake silaturahmi karo Sultan HB IX sarta kulawarga agung Kraton Ngayogyakarta. Awit asile rinasa becik bisa nyentosakaken persatuan lan kesatuan nasional, silaturahmi mau banjur sumrambah ing madyaning masyarakat dadi cikal bakale Halal Bihalal. Versi liyane nyebut Halal Bihalal nembe tuwuh ing akhir kekuwasaane PB X, watara taun 1935-nan. Kaya andharan ing ngarep, saben nyedhaki Riyaya ing sala mesthi ana krameyan Maleman Sriwedari. Saka sakab...

Ngleluri Budaya Ngrujid Kembar Mayang

Adat Jawa nalika ana palakrama (mantenan), mesthi digawekake kembar mayang, alesane minangka bukti yen priya (kakung) lan wanita minangka pasangan suami istri kang sah. Kajaba iku, nalika wis nindakake upacara kembar mayang, mula pasangan suami istri kasebut “mekar”. Mekar kang dimaksud, yaiku ngemu teges kang ana sesambungane karo duniawi. “Pasangan” kasebut bisa mekar utawa amber rejekine lan anake. Kanthi mangkono bisa urip kanthi bagya. Kembar mayang duweni pitutur urip, sing nggawe kembar mayang banjur ora sembarang wong. Lan kudu nindakake maneka persyaratan. Ing antarane sesaji luwih dhisik kanthi adus kembang. Ora mung iku, sing nggawe kembar mayang uga kudu nganakake slametan. Tujuane supaya prosesi adicara temantenan lumaku lancar. Mula saka iku, sing nggawe kembar mayang yuswane becike sandhuwure 50 taun, ngono wae kudu duwe bojo. (Kapethik saka Panyebar Semangat, 2007 : 40)

Penerbitan Buku Karya Sastra Jawa Perlu Dibangun

AJP Rosidi sastrawan kondhang kang uga Ketua Dewan Pembina Yayasan Kebudayaan “Rancage” uga nglairake rasa prihatine, dene buku-buku sastra dhaerah (klebu majalahe). Anggone nerbitake ora profesional, sebab mung kesurung dening rasa tresna basa lan sastrane bae sarta dianggep ora nguntungake penerbit. Mula perlu ana trobosan kanggo mbangun penerbitan buku sastra dhaerah, kang antara liya kudu kang ditandangi luwih profesional amrih bisa narik lan payu. Upamane: saperangan disebarake liwat sekolahan-sekolahan. Penerbit buku lan majalah dhaerah kang modhale racake mung pas-pasan, pancen ngadhepi tantangan abot ing era pers industri kaya samengko. Penerbitan buku lan majalah basa Jawa lan Sunda upamane, akeh sing kukut, mung kari siji-loro sing isih urip, awit padha kentekan modal lan durung bisa narik kawigatene wong-wong sugih dhuwit kanggo nanemake investasine. Nanging lucune, malah akeh para konglomerat sing luwih ketarik mbiyantu kegiatan olahraga, tinimbang kegiatan budaya lan sastr...

Purwodadi Asale Gempur Rawa Dadi

PURWODADI, sawijining tlatah kabupaten wewengkon Propinsi Jawa Tengah, nduweni laladan kang jembare 2.011,26 km2. Sakprotelone wilayah dumadi saka alas jati (34%) dene 60% mujudake tanah pertanian lan permukiman. Sisane awujud tanah perkebunan, dalan, kali, lapangan, Ian tanah kuburan. Kabupaten kang mbawahi 18 kecamatan Ian kabagi dadi 280 deSa iki klebu daerah bera. Kahanan lemahe manut tata geografi, alur bagian for Ian kidul mujudake gugusan pegunungan kapur, sisih kidul Pegunungan Kendheng Ian sisih lor Pegunungan Kapur Utara. Dane alur lemah bagian tengah dumadi saka lempung. Lemah cengkar ing kabupaten kang pate nyandhang jeneng Kabupaten Grobogan kanthi ibu kotane ing Purwodadi iki ora ngendhoni semangate para warga masyarakate. Nadyan ditanduri pari kurang subur, nanging mujudake penyangga kedelai nasional kanthi nyumbang 12% lan 41% tingkat Jateng. Ing babagan pendapatan saka sektor pariwisata, sejatine obyek wisatane cukup ana. Kabupaten kang nduwe semboyan Bersemi (Bersih-¬...

WONG BANYUMAS BUNGAH, BASA JAWA MLEBU SMA

SAWISE suwe Basa Jawa ora dadi mata pelajaran ing bangku SMA, bareng taun 2005 iki mlebu ing bangku SMA minangka salah sijine mata pelajaran, ana rong penemu yaiku penemu sing pro Ian kontra. Olehe pro amarga mesthi bae kanthi mlebu ing bangku sekolahan Basa Jawa bakal Iuwih ngrembaka, tun-dhone bakal lestari tetep urip ing Indo-nesia iki. Dena sing kontra, salah sijine jalaran kontra amarga tenaga pengajar sing dianggep mumpuni kang mulang ing SMA kurang, yen ora oleh disebut ora ana. Ngono antara liya panemune Surya Esa (Budayawan), Drs Iswandi (Guru SMA), Drs Budi Pratikno, MSc (Dosen Unsoed) kang kasil dicathet dening pe¬nulis. Kanggo ngawekani panemu kang ka¬ya mangkono, durung suwe iki manggon ing gedhong Korpri, Dinas Pendidikan Kabupaten Banyumas ngadani Sosialisasi Basa Jawa Masuk SMA. Sing dieloni dening sebageyan guru-guru SMA, guru SMP Ian guru-guru SD. Nara sumbere antara Iiya Dr Fathur Rokhman, M. Hum salah sijine dosen ing pawiyatan luhur kota Purwokerto. Kang Ahmad Toha...

Wong Jawa Ilang Jawane

Disebutake ing ramalan Jayabaya sing kaloka: Kali ilang kedhunge, pasar ilang kumandhange, wong lanang ilang kaprawirane, wong wadon ilang wirange Ian wong Jawa ilang jawane. Pak Suryo Warsito ngandharake yen wong Jawa ilang jawane iku sabenere wis wiwit 371 taun kepungkur, yaiku nalika Sultan Agung ndhawuhake (dekrit ratu ?) owah-owahan taun Jawa sing asale manut petungan Syamsiah (taun Saka) diganti petungan Kamariah (taun Jawa) wiwit tanggal 8 Juli 1633 M utawa tanggal 17 Kasa 1555 Saka. Wiwit dina iku wong Jawa dipeksa ninggalake taun Jawa sing asli yaiku taun Saka, didadekake bareng karo taun Hijriyah. Tanggal 1 Sura dibarengake tanggal 1 Muharom, mung angka taune nerusake taun Saka. Mesthi wae saben taune umure luwih cendhak H diva, saengga nganti seprene wis kacek 11 taun karo taun Saka. Nalika taun 1926, wis dianakake owah¬-owahan ing paugeran nulis aksara Jawa, diarani wewaton Sri Wedari: dianakake aksara rekan Ian taling tarung palsu. Owah-owahan iki bisa ditampa tanpa masala...

“Dina Kasih Sayang”, Valentine Day

Tanggal 14 Pebruari wis dianggep dadi diva kasih sayang. Kita ora ngerti, dening sapa Ian wiwit kapan diva iku ditetepake mangkono. Manut sawijining sumber, tembung Valentine asale saka tembung Valentino, sawijining Uskup ing abad III Masehi. Tahun 270 M, Kaisar Lupercus saka Romawi nglarang wong-wong rabi (nikah) merga njalari para priya ora padha gelem maju perang, ngeboti kulawargane dhewe-dhewe. Uskup Valentino ora sarujuk, banjur ngundang pasangan-pasangan remaja sing lagi padha lelumban ing katresnan, dinikahake ing grejane. Valentino dipikut Ian dikunjara dening Kaisar. Saka pakunjaran Valentino tansah ngirimake pesen-pesen cekak - kaya SMS jaman saiki - sing ngandhut isi kasih sayang marang umate. Sadurunge diukum mati, Valentino isih kober kirim layang marang tunangane sing diakhiri nganggo tembung "from your Valentine". Mbok menawa iku sing njalari saiki ing kartu Valentine sok ditulis "Your Valentine" Ian "My Valentine". Cetha yen tradisi Valent...

Ngurip-Urip Industri Bathik Solo

BATHIK Solo pranyata isih urip. Dele¬ngen wae, nalika dina-dina sadurunge riyaya Idul Fitri 1425 H kepungkur, Pasar Klewer kang minangka pasar bathik ing kutha Solo kebak warga masyarakat kang padha blanja kain bathik kanggo keperluan Lebaran. "Pancen biasane sadurunge Le¬baran, kita tansah kelarisan bathik," mang¬kono pratelane Bu Slamet, sing nduwe to¬ko grosir bathik ing Pasar Klewer, Surakarta durung suwe iki. Kutha Surakarta utawa kutha Solo sali¬yane dikenal minangka kanthi sesebutan kutha Bengawan, uga kondhang disebut¬sebut minangka kutha bathik. Lan bathik dadi identitase kutha Solo, saengga ora aneh manawa nalika kita lumebu ing kutha Solo ing sangarepe Pasar Kleco, Surakarta wis dipapag kanthi ananing patung wanita kang lagi mbathik. Patung iku kayadene minangka tetembungan sugeng rawuh kanggo para sedhulur kang arep mlebu kutha Solo, kutha bathik kang kawentar iku. "Pemerintah Kota Surakarta terus ngu¬paya kanggo gawe majune industri bathik ing kutha Solo, se...