Wong Jawa Ilang Jawane

Disebutake ing ramalan Jayabaya sing kaloka: Kali ilang kedhunge, pasar ilang kumandhange, wong lanang ilang kaprawirane, wong wadon ilang wirange Ian wong Jawa ilang jawane. Pak Suryo Warsito ngandharake yen wong Jawa ilang jawane iku sabenere wis wiwit 371 taun kepungkur, yaiku nalika Sultan Agung ndhawuhake (dekrit ratu ?) owah-owahan taun Jawa sing asale manut petungan Syamsiah (taun Saka) diganti petungan Kamariah (taun Jawa) wiwit tanggal 8 Juli 1633 M utawa tanggal 17 Kasa 1555 Saka. Wiwit dina iku wong Jawa dipeksa ninggalake taun Jawa sing asli yaiku taun Saka, didadekake bareng karo taun Hijriyah. Tanggal 1 Sura dibarengake tanggal 1 Muharom, mung angka taune nerusake taun Saka. Mesthi wae saben taune umure luwih cendhak H diva, saengga nganti seprene wis kacek 11 taun karo taun Saka.
Nalika taun 1926, wis dianakake owah¬-owahan ing paugeran nulis aksara Jawa, diarani wewaton Sri Wedari: dianakake aksara rekan Ian taling tarung palsu. Owah-owahan iki bisa ditampa tanpa masalah dening wong Jawa. Rong taun sawise iku, tanggal 28 Oktober 1928, kanthi anane Sumpah Pemuda, menjunjung bahasa persatuan, Bahasa Indonesia. Wektu semana ana pilihan loro sing bisa dadi bahasa persatuan, yaiku: siji, basa Jawa merga akeh dhewe penuture Ian sijine basa mlayu sing wis ngembrah dienggo komunikasi wong sa Nuswantara. Kanthi kepilihe basa Melayu dadi basa Indonesia, rasane pancen pas banget. Kabeh basa Daerah ora ana sing rumangsa menang, kabeh rumangsa kalah. Kita ngrumangsani, pilihan mau pancen pas! Negara kita duwe basa persatuan sing ditampa kanthi aklamasi, tanpa protes. Yen negara Iiya kaya India upamane, basa nasional isih bermasalah, basa kita wis sukses megar tanpa alangan.
Wong Jawa sing kaloka gedhe toleransine, gelem ngalah Ian kalah. Basa Jawa ora dadi basa nasional, ora papa. Mung wae nyatane tanggal 28 Oktober 1928 dadi pathokan (tonggak) sejarah wong Jawa ilang jawane sing kaping pindhone. Mung sajroning wektu kira-kira 76 taun, basa Jawa kocar-kacir, yen ora arep diarani ajur nganti meh-meh mati. Kanggo generasi penerus basa Jawa wis dudu basa Ibu. Mbaka sithik bocah-bocah wis padha ora bisa basa krama sing becik. Kalebu ing kutha Ngayogyakarta Ian Surakarta, akeh bocah yen ditakoni dening wong tuwa nganggo basa Jawa, anggone njawab milih nganggo basa Indonesia, jalaran ora bisa krama. Gandhengane wis cetha, tulisan Jawa saya ora dikenal, disingkur. Tulisan ]awa wis mati tenan! Wong Jawa wis ilang jawane tenan!
Isih ana gandhengan sing ora kurang wigatine yaiku babagan budi pekerti. Ana unen-unen, bahasa menunjukkan bangsa. Yen sinau basa Jawa, wis mesthi budi pekerti kejawen uga melu disinau, awit ing wulangan basa Jawa uga katut diwulangake unggah ungguh Ian tata krama. Kanthi mengkono, wong sing basa Jawane isih ganep, saora-orane piwulang budi pekerti becik isih melu dingerteni. Isih perlu
Mbaleni tulisan Jawa gagrag anyar, sabenere pertu apa ora? Penulis duwe panemu yen bab iki isih tetep perlu. Senajan tulisan Jawa minangka basa tulisan saiki wis mati, nanging kita wajib setiyar, wajib nindakake iradat. Jalaran kodrat saka Kang Maha Kuwasa lagi bisa kita weruhi yen kahanan wis kedadeyan. Kita durung ngerti apa sing bakal kelakon. Sapa ngerti ana olak-aliking jaman. Saora-orane tulisan Jawa gagrag anyar minangka usaha pelestarian sabisa bisane, sinambi ndedongi marang Pangeran muga-muga tulisan Jawa bisa ngrembaka maneh.

(Kapethik saking kalawarti Panjebar Semangat)

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wacan Deskripsi

Tanggap Wacana ing Pahargyan Warsa Enggal/Tahun Baru

NGRINGKES TEKS