Postingan

Menampilkan postingan dengan label CERITA CEKAK (CERKAK)

Trima Lengser

Rapat dinas kang ngrembug bab penerimaan siswa baru 1(PSB) sing diadani aneng kantor dinas pendidikan wis kawi¬witan. Para kepala sekolah kang marak rowan padha manthuk-manthuk nampa dhawuh saka kepala dinas kang lagi par¬ing sesorah. Pak Karmin sing ngasta ing SMA favorit ing kota kono katon nyathethi isine dhawuh. Bab-bab kang wigati tan¬sah dicatheti aja nganti ana kang kata¬lumpen. "Bapak Ibu kepala sekolah, perlu tak¬tandhesake yen penerimaan siswa baru taun iki nggunakake azas adi/, transparan, lan terbuka. Azas adil tegese ora kena emban cindhe emban siladan. kabeh pen¬dhaftar sing syarat-syarate nyukuri kudu ditampa manut daya tampung sekolah. Suwalike pendhaftar kang ora nyukupi syarat mesthi ditolak ora mawas sapa wong tuwane, tingkat ekonomi wong tu¬wane, lan uga saka golongan ngendi. Sakteruse azas keterbukaan Ian transpa¬ransi perlu dicakne amrih seleksi siswa baru bisa dikontrol dening masyarakat lan LSM sing peduli donyaning pendhidhikan.” Dhawuh saka kepala dinas ...

Tes Calon Setetaris

Kanggo ngisi personalia sing lowong, durung suwe iki saweneh BUMN ngadani seleksi penerima¬an karyawan anyar. Salah sawijine posisi sing diincer para penglamar yaiku bagian sekretaris.0ra susah dicritakake mesthine wis padha ngerti yen kalungguhan dadi sekre¬taris, apa maneh ing BUMN sing gedhe kaya kalodhangan iki, klebu pagaweyan sing ber¬gengsi. Ora mokal lamun akeh sing padha pengin rebutan posisi kuwi. Lagi kliwat sedina pasang iklan ana koran, wis teka puluhan surat lamaran. Nonton gla¬gat sing kaya ngono kuwi direktur dhawuh supaya nyetop pasang iklan. Cukup rang diva wae. Lan nyatane seminggu sabubare pasang iklan, bagian HRD (Human and Resource De¬partment) wis kebanjiran surat lamaran ana yen pitung puluhan cacahe khusus kanggo formasi sekretaris, durung posisi liyane. Saka para penglamar kang mlebu rata-rata sarjana ekonomi uga ahli madya saka ibukota. Upamane disandhangi blazer abang, rok sandhuwure dhengkul punjul sekilan ngana kae, kelakon gawe semlenger sing ndulu. ...

SRENGENGE ISIH KAYA WINGI

Srengenge neng dhuwur mbun-bunan. Panase sumelet nrajang dalan-dalan. Bledug kumebul bareng karo plastik¬plastik sing kecer saka tong sampah mu¬ser-muser keterak angin. Bakul dhawet kuwi mikul angkringe ngener aspal dalan, ora maelu panase srengenge. Sedhela¬-sedhela tangane srikutan ngelapi kringet nganggo andhuk cilik sing disampirake neng gulu. Mlakune rikat. Kaya adat saben, tekan pojokan pasar dheweke mandheg. Angkringe diselehna neng ngisor wit ringin. Ing kana wong¬wong wis dha ngenteni. Pancen seger, panas-panas ngombe dhawet neng ngi¬sor wit ringin sing adhem. Wong-wong kuwi enggal bae rebutan njaluk didoli dhawet. Wong-wong sing saben diva Sa¬ba pasar. Ana bakul, ana tukang becak Ian liya-Iiyane. "Lha iki Kang Karjo!" Bakul dhawet sing jenenge Kang Kar¬jo kuwi noleh. Neng mburine, Supardi sing gaweyane ider plastik kresek kuwi ngadeg karo nyekeli koran. "Delengen koran iki! Isa maca ra? Iki rak gambarmu, Kang?" Kang Karjo mandheg olehe asah-asah gelas. Tan...

NASIBE MANUNGSA

Nasibe Manungsa Dening Supardi Srengenge menthor-menthor. Panase sumelet ngobong kulit. Dasar wis patang minggu ora udan, lemah-lemah sing dak acik kaya nglocotake dlamakan sikil. Dakdhengak srengengene, jane ya wis sauntara dohe karo kulminasi langit, wis lingsir mengulon. Nanging panase isih wae panggah, ora suda-suda. Dalan setapak sing wuda tanpa pinayungan kekayon terus wae dak pecaki.Kiwa tengene dalan setapak, tegal sawah bera bawera. Ana sawetara ijoning godhong-godhong jagung kang katon sapandeleng ing adoh kana. Sauntara gubug-gubug ing sakiwa tengene dalan padha suwung, racak-racak sing duwe gubug padha urban golek dhuwit menyang kutha sing jare luwih gampang. “No, Darno! Reneya!” Sakala aku mlengak. Pas olehku mlengak, Kang Parman mudhun saka njero gubug, ngundang lan ngawe aku. Sajake ana gawe. Tanpa pikir dawa aku jumangkah marani kang Parman. “Iki lho leren sik. Aku mau nggawa tela godhog karo teh. Ayo diserbu dhisik!”, sumeh, grapak, semanak lan eseme si...