Postingan

Menampilkan postingan dengan label ADAT JAWA

Tatacara Panggih/Temon Adat Kejawen

Gambar
Tatacara panggih/ temon adap kejawen urut-urutanipun inggih punika (1) gantalan, (2) Ngidak Wiji Adi, (3) Mijil Suku, (4) Pupukan Toya Sekar Setaman, (5) Singepan Sinudur, (6) Bobot Timbang, (7) Ngombe/Nginum Rujak Degan, (8) Kacar-Kucur, (9) Dulang-dulangan, (10) Sungkeman. Tumrap keratin Surakarta utawi Sala, kinanipun, pasrah-panampi panganten priya punika boten wonten.Menawi sampun sami celakipun, panganten sami ambalang gantalan. Pambalangipun panganten priya dhateng panganten putri kaangkah kapeneraken ing dhadha, punika werdinipun angener dhateng jantungipun estri. Anelakaken sihipun priya dhateng ingkang kaemong. Mila gantaling panganten priya winastan gondhang asih-gondhang tutur (gantal ingkang cinepeng penganten priya winastan gondhang tutur, dene gantal ingkang cinepeng panganten estri sinebat gondhang asih). Sasampunipun sami mbalangaken gantal, panganten priya lajeng ngidak tigan ayam ngantos pecah. Punika werdinipun sageda ingkang dhaup anggadhahi turun. Kalimrah ugi d...