KEBAK ATI

Karipta dening L.Yuyun D.S

Aja keblinger tumindak ora pener ngengser pauger
Dlamakanmu selehna ing tengahing bebener
Tanganmu bandanen
Lerena anggone ngudheg-udheg rasa ngudhal-udhal cidra
Basa ngandhut wisa pungkasane dadi murka liya
Papa

Geneya…
Bagaskara mesem sumilak hangajak
Gawe driya adhem ora kudu nyuwara seru mundhak saru

Dielus-elus nganggo tembung lirih
Dilela-lela salumrahe mesthi krasa
Dheweke dudu maesa tanpa karsa lan wignya

Uler kacekel gatel nguleng
Sikil kajawil rai abang muntab juwing
Eling…
Candra sumunar pancen wayah wengi
Nanging cahyane parak sumilak
Kali sisih kulon ora mesthi kebak banyu
Bisa gumlonthang sabubare
Asat

Delehna siung kang nggegirisi
Kabeh ana mangsane
Titiwancine
Bakal ora tedhas watu sagunung
Bakal ora mempan ampak-ampak sinawang
Luwih-luwih
Ora bisa selak prakara cilik satengu

Kebakana ati limang prakara
Mukti….

Semarang, 16 Februari 2009

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Wacan Deskripsi

Tanggap Wacana ing Pahargyan Warsa Enggal/Tahun Baru

NGRINGKES TEKS