Postingan

BAHAN AJAR BAHASA JAWA MACA NYARING SESORAH

Menika Bahan Ajar Basa Jawi Maca Nyaring Sesorah Materi Kelas XI Semester 2 KLIK

Trima Lengser

Rapat dinas kang ngrembug bab penerimaan siswa baru 1(PSB) sing diadani aneng kantor dinas pendidikan wis kawi¬witan. Para kepala sekolah kang marak rowan padha manthuk-manthuk nampa dhawuh saka kepala dinas kang lagi par¬ing sesorah. Pak Karmin sing ngasta ing SMA favorit ing kota kono katon nyathethi isine dhawuh. Bab-bab kang wigati tan¬sah dicatheti aja nganti ana kang kata¬lumpen. "Bapak Ibu kepala sekolah, perlu tak¬tandhesake yen penerimaan siswa baru taun iki nggunakake azas adi/, transparan, lan terbuka. Azas adil tegese ora kena emban cindhe emban siladan. kabeh pen¬dhaftar sing syarat-syarate nyukuri kudu ditampa manut daya tampung sekolah. Suwalike pendhaftar kang ora nyukupi syarat mesthi ditolak ora mawas sapa wong tuwane, tingkat ekonomi wong tu¬wane, lan uga saka golongan ngendi. Sakteruse azas keterbukaan Ian transpa¬ransi perlu dicakne amrih seleksi siswa baru bisa dikontrol dening masyarakat lan LSM sing peduli donyaning pendhidhikan.” Dhawuh saka kepala dinas ...

Atur pambagya saking kulawarga

Nuwun, panjengnengipun para sesepuh ingkang. Bapak-bapak ibu-ibu rombongan saking kulawarga kadang besan ingkang kinumartan saha para rawuh kakung miwah putri ingkang minulya. Mugi Gusti tansah paring karaharjan, ketentreman saha kawilujengan dhumateng kula panjenengan sedaya. Kepareng sumela atur nggempil kamardikan panjenengan sekaliyan, kula minangka sesulihipun bapak/Ibu Siswadi sakulawarga, ngaturaken sugeng rawuh dhumateng panjenengan sedaya. Muji syukur konjuk dhumateng Gusti ingkang Maha Asih dene sampun lumampah Bapak Ibu Siswadi angenipun kagungan kersa ndhaupaken putra-putrinipun ingkang nama Bagus Taufik Agung kaliyan Rara Ervin Indah rikala dinten Setu surya kaping 7 Juli 2008 wanci tabuh 18.30 wonten ing Gedung Badan Diklat Prov. Jateng Semarang kanthi wilujeng mboten kirang satunggal punapa. Dhumateng para rawuh sedaya, mugi kersa paring donga pangestu dhumateng temanten kekalih, saengga tansah pinayungan rahmat saha barokahipun Gusti . Temanten tansah raharja, bagya mul...

Pidhato Ketua Karang Taruna

Nuwun, para pinisepuh ingkang kinurmatan, mudha – mudhi anggota karang taruna kampung / dhusun Karangrejo ingkang kula tresnani. Muji syukur konjuk ing pangarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, awit kita sadaya saged makempal ing wekdal saha papan mriki saperlu angadani pepanggihan utawi rapat mudha-mudhi. Sedaya menika saged kalampahan awit kita sadaya taksih pinayungan lan awit berkahipun Gusti Ingkang Maha Agung. Sedherek kula mudha – mudhi ingkang kula tresnani, Kula minangka ketua karang taruna ing rumaos suka bagya, awit sedherek kula gadhah gegayuhan ingkang Iuhur, inggih menika makempal saperlu rapat kangge pirembagan bab wigati menapa kemawon ingkang tundhonipun kangge kemajenganing karang taruna kampung Karangrejo mriki. Menika mratandhani bilih mudha-mudhi ing mriki sami sadhar dhumateng maknaning paguyuban, lan gadhah pepenginan kangge majengaken paguyuban karang taruna mriki. Awit saking menika, kula suwun mugi – mugi pepenginan wau saged kaleksanan lan pepanggihan menika...

Tanggap Wacana ing Pahargyan Warsa Enggal/Tahun Baru

Nuwun, Bapak ibu para sesepuh, pinisepuh ingkang tansah kula bekteni, saha para kanca ingkang kula tresnani. Puji pudyastuti sumangga kita aturaken dhumateng Gusti Ingkang Maha Welas saha Asih, awit saking rahmatipun kita sedaya tansah pinaringan kawilujengan saengga saged makempal wonten papan menika, saperlu rawuh wonten ing acara malem pengetan mapag warsa enggal 1 Januari 2010. Tahun 2009 sampun kita lampahi kanthi tumindak ingkang sae menapa ingkang awon. Tumindak sae lan awon kala wau kedah kita dadosaken kaca benggala kangge taun-taun salajengipun. Tumindak ingkang sae kedah kita tansah dadosaken tuladha, dene tumindak awon kedah kita tilar sampun ngantos kita ambali malih ing taun salajengipun. Tumrap kanca ingkang ingkang dereng saged sinau ing pawiyatan kanthi tumemen, mugi-mugi ing warsa enggal mangke saged tumemen anggenipun ngangsu kawruh langkung sregep sampun kesupen tansaya ndedonga dhumateng Gusti saengga kaparingan gampil samudayanipun lan pikantuk biji ingkang marema...

Kanjeng Kalijaga Minangka Budayawan

Ngrembug bab mekar-tumangkare kabudayan Nuswantara mligine Tlatah Jawa, Ikuora bisa dipisahake kelawan pasok-adhile Kanjeng Sunan Kalijaga, apadene para wali liyane. Sijining jejibahan luhur nyebarake Islam. Ing madyaning masyarakat, dudu ayahan kang gampang tegese mbutuhake pirang-pirang jurus lan srategi kang peng-pengan, luwih-luwih nedya nlusupake kabudayan mligi, marang kabudayan kang wus kenceng lumaku. Ing antarane tembang Ilir-Ilir. Tembang Ilir-Ilir mengku teges kaya ngisor iki: Ilir-ilir, ilir-ilir, tandure wus sumilir Ngilir tandure, tandurane para wali lan mubaligh arupa winih agama Islam Tak ijo royo-royo, dak sengguh temanten anyar Ijo mujudake pralambanging Islam. Islam ngrembaka. Dak sengguh temanten anyar. Nalika semana Islam mujudake bab anyar kang mranani/nengsemi dijingglengi. Cah angon-cah angon penekna blimbing kuwi Kanjeng Nabi Muhamad SAW ngendika ana hadist ‘mutafaq ‘alaih kang wose saben-saben wong iku minangka juru pangon, besuk ana ngersa dalem Allah ...

Sengkuni

Sengkuni utawa Sakuni iku patih ing Ngastina. Sengkuni putrane Prabu Kiswara/Suwala/ Suprala. Sedulure ana papat, yaiku Prabu Gandara, Dewi Gendari, Harya Sarabasata, Harya Gajaksa. Sesebutan liyane kajaba Seng¬kuni, Harya Suman, Trigan¬talpati, Suwalaputra. Sengkuni mapan ing Plasajenar. Gar-wane Sengkuni nama Dewi Sukesti. Peputra Arya Antisura, Arya Surabasah, Ian Dewi Antiwati. Dewi Antiwati dadi garwane Patih Udawa, pepatih ing Dwarawati. Miturut crita, Sengkuni iku panjalmane Bathara Dwapara, dewa pangrusak, mungsuhe kautaman. Mula sengkuni iku watake culika, licik, drengki, srei, murang tata, waton sulaya, Ian seneng laku cidra. Nom-noman Sengkuni aran Trigantalpati, satriya sing bagus. Wujude dadi elek, cangkeme mewek, marga disuwek¬suwek dening Patih Gandamana. Wektu samana padha-padha suwita ing Ngastina. Sengkuni kepengin dadi patih. Patih Gandamana, patihe Prabu Pandhu, dipaeka (difitnah) dening Sengkuni. Gandamana ing jeblungake sumur, dikrutuk gegaman Ian watu, banjur diu...