Postingan

Menampilkan postingan dari 2011

NGADEG JEJEG AJA KANDHEG

"Mangu Aja Maju" Dening L.Yuyun Dian S. Bacutna lakumu Aja benget noleh mengo nengen apa maneh ngiwa Aja banget anggone tumungkul saya maneh ndhangak Jejegna lakumu Penerna niatmu Aja koregeti rasa jirihmu Mangu Aja Maju Mecaki dalan dawa tumuju mulya Pancen ora kaya ngedhepke netra Butuh ngubengke pikir Butuh kumlawene lembar sasuwir “Jer basuki mawa bea” Kabeh bakal tutug Kabeh bisa dirembug Lakonana kanthi lila Brongkalan sela lan lumebering bena Bisa gawe antebing paran urip Mlumpata kanthi teteg atimu Kelekna ing iline banyu rasa cilik atimu Uncalna adoh karep mangu-mangu kang ora prelu Delengen… Pangangenmu sajak ngawe-awe Kekarepanmu ngatonke eseme Kadya arep nunggu lakumu satekane Gocekana kenceng krentegmu Ambrukna kabeh pepalang sangarepmu Siji kang kudu tinandur Jujur ing atur Aja anggak yen bakale bisa lungguh dhuwur Elinga marang Maha Luhur Mesthi tumekaning makmur Juni 2011

NGADEG JEJEG AJA KANDHEG

Dudu Gapura

Dening L.Yuyun Dian S. Wis aja dibacutake Ati lir kairis Pungkasane miris Rasa cuthel, mangkel bisane mung grundel Aq arep merem, kareben lerem, banjur adhem Aja Aja dibacutake wis Wis ra kuwawa ati cuwa Upama bisa Mung wektu kang ana Bakal bisa medhar rasa Rasa kang ora sembrana Aja mung digawe lara Aq dudu gapura Ngadheg nggejegreg tanpa nyawa Muga-muga Wis aja dibacutake Ra kuwawa Ati lara Semarang, April 2011

DURYUDANA MEMANGKU JABATAN

Prof. Drs. Suwaji Bastomi Raja Muda Di Astina Pada zaman dahulu kala jauh sebelum lahirnya Pandawa dan Korawa ada seorang satria bernama Bambang Parikenan. Ia menurunkan seorang anak laki-laki bernama Resi Manumayasa. Sebutan Resi menunjukkan bahwa Manumayasa seorang pendeta pertapa. Pertapaannya di pegunungan Saptaarga atau Retawu. Resi Manumayasa menurunkan seorang anak bernama Bambang Sekutrem. Ia adalah seorang satria sakti yang pernah dimintai tolong oleh dewa untuk membinasakan musuh. Bambang Sekutrem menurunkan seorang anak laki-laki bernama Bambang Sakri. Kemudian Bambang Sakri juga hanya menurunkan seorang anak laki-laki yang bernama Raden Palasara atau Parasara Raden Palasara adalah seorang satria pendeta. Sewaktu Palasara bertapa, ia digoda oleh dewa yang menjelma menjadi seekor burung pipit dan bersarang di rambut sang pertapa. Maksud dewa agar Raden Palasara menggagalkan tapanya, dan mau menjadi satria di suatu Negara. Ketika Raden Palasara memburu burung pipit yang mengga

Ketaman Asmara

Didi Kempot Saben wayah lingsir wengi Mripat iki ora bisa turu Tansah kelingan sliramu Wong ayu kang dadi pepujanku Bingung rasane atiku Arep sambat nanging karo sapa Nyatane ora kuwawa Nyesake atiku sansaya nelangsa Wis tak lali-lali Malah sansaya kelingan Nganti tekan mbesok kapan nggonku Mendem ora bisa turu Opo iki sing jenenge Wong kang lagi ke taman asmara Prasasat ra bisa lali Esuk awan bengi tansah mbeda ati

Parangtritis

oleh Didi Kempot Rasane kepengin nangis yen kelingan parangtritis Rasane kaya diiris Nalika udan gerimis rebo wengi malem kemis Ra nyana ra ngira janjimu jebul mung lamis Parangtritis Neng kono ana wong manis Yen eling kowe reneya gelis Parangtritis Neng kono ana wong manis Yen eling aku kepengin nangis Ombak gedhe katon ngawe-awe Nelangsa neng ati rasane Ombak gedhe sing dadi seksine Isih kelingan tekan seprene

Banyu Kali

wis ndhek mbiyen ake sing dho nggunem Marang sliramu sing tak tresnani Ora ngerti kowe salahe apa Rasa tesna apa kuwi salah Rasa tresna ra bisa dicegah Ben kali banjir segara amber Mung sawiji wong kang tak tresnani O aja ngono aja ngono aja ngono Pengen ngono aja ngono O ora ngono ora ngono ora ngono Arep ngono kudu ngono Banyu kali mandheke ning segara Bening buthek apa jarene kono Ati iki kadung tresna Susah seneng aku lila nrima Banyu kali mandheke ning segara Yen dibendung amber dadi cilaka Ati iki kadung tresna Yen ra de'e luwih becik ra sida