Postingan

Menampilkan postingan dari 2009

Duryudana Memangku Jabatan

Raja Muda di Astina Pada jaman dahulu kala jauh sebelm lahirnya Pandawa dan Korawa ada seorang satria bernama Bambang Parikenan. Ia menurunkan seorang anak laki-laki bernama Resi Manumayasa. Sebutan resi menunjukan bahwa Manumayasa seorang pendeta pertapa. Pertapaannya di pegunungan Saptaarga atau Retawu. Resi Manumayasa menurunkan seorang anak bernama Bambang Sekutrem. Ia adalah seorang satriansakti yang pernah diminta tolong oleh dewa untuk membinasakan musuh. Bambang Sekutrem menurunkan seorang anak laki-laki bernama Bambang Sakri. Kemudian Bambang Sakri juga hanya menurunkan seorang anak laki-laki yang bernama Raden Palasara atau Parasara. Raden Palasara adalah seorang satria pendeta. Sewaktu palasara bertapa, ia digoda oleh dewa yang menjelma menjadi seekor burung pipit dan bersarang di rambut sang pertapa.Maksud dewa agar raden Palasara menggagalkan tapanya, dan mau menjadi satria di suatu Negara. Ketika Raden Palasara memburu burung pipit yang mengganggu tapanya,

NGRINGKES TEKS

Ringkesan /ikhtisar padha-padha minangka panyajian cekak aos saka wacan/karangan asli. Nanging kanthi teknis kelorone ana bedane. Ringkesan minangka panyajian cekak aos saka wacan asli/karangan, nanging tetep ngukuhake (mempertahankan) urutan isi sudut pandang pangripta/panulis asli. Babagan wigati kang kudu dimangerteni sadurunge ngringkes yaiku, Tulisen ringkesan kanthi cekak aos, arupa pokok-pokok informasi sajeroning wacan/karangan kasebut. Gatekna urutan wosing (isi) wacan/karangan . Tulisen miturut isi wacan)Tulisen ringkesan wacan kasebut tanpa ngowahi sudut pandang pangripta/panulis asli. Wacan sing awujud dawa bias kaowahi dadi cekak, nanging ringkesan kudu tetep ngandhut isi pokok tulisan asli. Nulis ringkesan yaiku nulis maneh gagasan utama kang ana ing sajeroning tulisan sing uwis kawaka. Panulisan kudu digawe kanthi ati-ati,sebab ringkesan sing digawe iku ora entuk dicampuraduk karo panemune sing gawe ringkesan. Isi ringkesan mung saka sumber utama wae. Langkah-la

CRITA RAKYAT JAKA KENDHIL

JAKA KENDHIL (Kapethik saking Resep Saka Si Gundhul, taun 1997, dening B. Tujosumoro) Kacarita Mbok Randha Dhadhapan duwe anak lanang siji rupane ala, ora bagus, awake ipel-ipel kaya kendhil. Anehe bocah mau sok-sok bias malih dadi kendhil temenan. Mula bocah iku diparabi Jaka Kendhil. Ing sawijining dina ing desa kono ana wong kang duwe gawe, nanggap wayang. Bareng krungu unining gamelan, Jaka Kendhil pamit marang emboke arep nonton, lan Mbok Randha Dhadhapan nglilani. Tekan enggone sing duwe gawe Jaka Kendhil njujug ing pawon, terus ndheprok dadi kendhil. Ing kono akeh wong-wong wadon kang lagi rewang olah-olah. Wong-wong mau padha umyek amarga kekurangan wadhah. Bareng weruh ana kendhil, banjur dianggo. Si kendhil diiseni dhendheng nganti kebak. Saya suwe krasa abot lan kesel, mula terus ngglenes bali. Tekan ing ngomah dhendhenge dicaosake Mbok Randha. Emboke ora seneng malah nesu, ngira menawa dhendhenge anggone nyolong. Jaka Kendhil mangsuli kanthi kepenak wae, “Aku lungguh kok

KIRANG WEWEKA

(Kapethik saking Ayu Sita tuwin Bagus Rama, tahun 1991 dening Satiti) Sampun dangu Rama dalah Sita nilar nagari, ngumbara njajah dhusun, mlebet wana medal wana. Lesmana tetep tumut. Nuju satunggaling wekdal tetiganipun kapanggih tiyang-tiyang tapa. Tiyang-tiyang tapa punika sami nandhang sangsara, jalaran dipunganggu damel dening bala raseksa kang cacahipun tanpa wilangan. Wadya raseksa punika sami ngobrak-abrik saha damel risakipun partapan. Ingkang sami tapa lajeng nedha tulung dhateng Rama. Rama kapurih numpes wadya raseksa kasebat. Kaleresan raseksa-raseksa sami dhateng wangsul nedya ngrerisak. Rama boten kasamaran, ngadhepi mengsah. Bala mengsah dipun tandhingi, dipunlabrak, dipuntatoni, saha kathah ingkang dipun pejahi. Mengsahipun kathah ingkang ajrih dening angsahipun Rama. Nunten sami bibarmawut kocar-kacir mlajeng sarta umpetan pados gesang piyambak-piyambak. Wonten pangangenipun buta ingkang padamelanipun mansa tiyang naminipun Wirada. Wirada ngamuk bela balanipun males ba

CRITA LUCU

Manungsa mesthi nduweni pengalaman urip kang maneka warna. Pengalaman urip kang dialami manugsa iku ana kang seneng, nrenyuhake uga ana kang mangkelake uga nggelikake. Ing bab wasis basa iki para siswa supaya bisa ndungkap pengalaman pribadi kang wis tau dialami supaya bisa ndungkap pengalaman pribadi kang wis tau dialami mligine pengalaman kang lucu utawa nggelikake. Nanging perlu dimengerteni, pengalaman lucu iku dudu dagelan. Pengalaman pribadi kang lucu ing kene karepe pengalaman para siswa dhewe dudu pengalamanne wong liya, sarta dudu reka-reka. Ing ngisor iki ana tuladha crita pengalaman lucu kang ditulis deneng Taryono, coba gatekna ! Ngombe Banyu Sumber Campur Uyuh Kedadeyan iki dumadi ing alas Blater. Critane aku lan kanca-kanca kemping ing pinggir segara. Kajaba golek suasana liya ya karo refresing. Kabeh wis padha disiapake, ana panic, mi, lan banyu. Sautara kuwi genine nggawe kayu baker. Nalika kuwi ana kedadeyan sing isih dieling lan asring diomongake nalika kumpul. Critan

NASIBE MANUNGSA

Nasibe Manungsa Dening Supardi Srengenge menthor-menthor. Panase sumelet ngobong kulit. Dasar wis patang minggu ora udan, lemah-lemah sing dak acik kaya nglocotake dlamakan sikil. Dakdhengak srengengene, jane ya wis sauntara dohe karo kulminasi langit, wis lingsir mengulon. Nanging panase isih wae panggah, ora suda-suda. Dalan setapak sing wuda tanpa pinayungan kekayon terus wae dak pecaki.Kiwa tengene dalan setapak, tegal sawah bera bawera. Ana sawetara ijoning godhong-godhong jagung kang katon sapandeleng ing adoh kana. Sauntara gubug-gubug ing sakiwa tengene dalan padha suwung, racak-racak sing duwe gubug padha urban golek dhuwit menyang kutha sing jare luwih gampang. “No, Darno! Reneya!” Sakala aku mlengak. Pas olehku mlengak, Kang Parman mudhun saka njero gubug, ngundang lan ngawe aku. Sajake ana gawe. Tanpa pikir dawa aku jumangkah marani kang Parman. “Iki lho leren sik. Aku mau nggawa tela godhog karo teh. Ayo diserbu dhisik!”, sumeh, grapak, semanak lan eseme si

Wacan Deskripsi

Tembung deskripsi asale saka basa Latin yaiku descripcere kang tegese nulls utawa njlentrehake sakwijining bab/perkara. Deskripsi uga duwe teges perincian utawa gambaran. Mrinci tegese gambarake perkara tartamtu. Carane nulis deskripsi, siswa ngamati (ngemati kanthi premati) objek kang didadekake sumber tulisan. Objek sing dirinci/digambarake bisa samubarang; prastawa,pawongan, kawanan, tanduran, lingkungan, alam, lsp. Deskripsi kang adhedhasar pengamatan kalebu rincian/gambaran kasunyatan. Gambaran kasunyata. Gambaran kasunyatan iki mratelakake yen pawongan, panggonan, kewan, prastawa, barang, lsp. Bisa digambarake/dirinci kanthi trep kaya kahanan sing saknyatane. Tuladha; Deskripsi barang upamane tas bisa dirinci/digambarakengenani bahane, wernane, modele, lsp. Deskripsi pawongan (manungsa) bisa dirinci/digambarake prauane, dedege, watake, kesenengane, gaweyane,lsp. Wacan deskripsi tumrap barang bisa ditulis kanthi landhesan ngamati utawa ngrungokake. Saka ngrungokake siaran l

Geguritan Adhi Lanang

Dening L.Y.Dian S. Biyen… Nalika kuna pekecu Pancen kuwi kleru Duwe rasa gawe kuciwa wong sadonya Isin menawa keeling Ati krasa kajuwing- juwing Pangawemu dadi krenteging ati Biyen… Bebasan urip lir lampu senthir Disebul Mati angel murup tibane Pedhut Biyen… Tresna kapantha-pantha Siji iki Esuke dudu Klaras kobong panas mbiset kulit dhadha krasa semromong Tanpa daya gegandhulaning ati Mlayu marak tanjung mas kang peni Biyen… Mung tangis kang miris Mung lara kang jero Rasane urip mung kari sakler Kalindhes ambles Cures Tresna kuwi kleru Saiki… Alon-alon tatuning ati kapupuk tamba Ora ana liya kajaba Eseme thole nglalekake sekabehe Aku duwe urip dhewe Atiku kanggo dheweke Thole bagus lintang sumunar ngrembaka salira Saben ilining ambegan mung thole anak lanang Panjalukku biyen… biyen… Saiki lumaku ing dalane Dongaku kabeh apik Memitran dadi kadang Aja kolali lupute ngimpi Aja kobuwang sarehne gumlewang Dadi sedulur sinarawedi Mukti uni Aja Koterusake dening Semarang, 12 Maret 2009

Ora Ana sing Ngawe

Kaningaya temen urip iki Bebasan duwe nyawa saka tetesing rendheng mangsa Laku kandheg Ati judheg Pikir bumpet Iki piye…. Urip nistha ing tlatah dhewe Klambi rojah-rajeh siji kari Apa ngene iki kang dikarepake Mangan sega wadang liwetan biyen kae Esuke sega jagung larang regane Ngeleg banyu udan kandheg ing telak Urip kadharang-dharang Ora ana sanak, kadang kang kelingan menehi sandhang pangan Kabeh mung kelingan wetenge dhewe Kabeh mung kelingan ngebaiki luwengane dhewe Kabeh lali bareng kepenak Kabeh pontang-panting rebutan kursi endah lan empuk dhuwur kae Aku kasimpir, rojah-rajeh ora ana sing ngawe Kaangen-angen njur kaimpi-impi Buyut nate cariyos Carang kayu bisa dadi emas Pacul tumancep bumbung pari mbanyu mili tanpa kendhat Panen bungah, paceklik adoh tur kapangan bathara Nanging kuwi biyen Saiki…. Aku kasimpir, rojah-rajeh ora ana sing ngawe Semarang, 16 Februari 2009 Kebak Ati Aja keblinger tumindak ora pener ngengser pauger Dlamakanmu selehna ing tengahing bebener Tanganmu ba

Urip

Basuki Bingahipun manah kekalih Awit dinten punika Bagaskara sulistya lingsem Sasandra trustha kesengsem Jumedhul sayoga hanyengkuyung Anggenipun kekalih sinanding Duh bapa ibu…. Nyuwun pangestu Duh mitra…. Lubering pandongamu Duh gusti akarya jagad…. Nyuwun agunging erwana asih Mugi-mugiya Basuki sinarengan selawase tumekane pati Semarang, 17 April 2006 Anak Lanang Dak gadang-gadang Mbesuk gedhe Dadiya manungsa salumrahe Duwe kadang jembar dhadhane Duwe banda ora nyadhong drijine Duwe pangkat ora lali keblate Duwe panjangka akeh kaleksanane Thole… Kene-kene cedhaka mrene Kareben mulya uripmu tembe Aja lali ngger…. Aja kok larak kabeh paugeran Aja kok terak pepesthen Pangeran Kanggokna sarungmu aja amung kok dhelikna Kanggokna pecismu aja amung kok centhelna Muga-muga kabeh kasembadan Donga pangestu biyung elinga kanggo cekelan Semarang, 13 Februari 2009 Uwis Lena Kledhang-kledhang jero atiku Ora mung dina iki Esuk, sore lan bengi mbumpeti dalan pikirku Lunga… aja sumrambah ana ing ne

Patriot Sejati

Karya Ny. Praka Nur Rifai (L.Yuyun Dian S.,S.Pd) Tegar, tangguh, tegap berdiri Naungan wibawa penuh pesona melekat dalam diri Iman kuat tak gentar menghalau musuh bak gulungan badai api Ancaman lawan bukan satu ukuran tuk menepi Dentuman meriam menggelegar bak kobaran semangat jiwa patriot sejati Arti keteguhan hati wujudkan sumpah prajurit Rakyat ukuran kemakmuran bangsa Hancur pribumi maka hancur kekuatan sejati Arti keteguhan hati menegakkan dharma pertiwi Negara Kesatuan Republik Indonesia nan damai Ukuran setiap nafas mengiring juang Dada tegap, siap tempur penuh semangat Senapan siap menghujam peluru tuk pengkhianat bumi pertiwi Eka janji prajurit, menepati sapta marga sumpah prajurit. Terus semangat patriot bangsa Dibahumu keamanan dan pertahanan bangsa tugas mulia.